Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Rabu, 29 Januari 2014


PEPALI LAN WANGSALAN I

1.           Nateng kaga, canthing bumbung dhuh bendara, (garudha,
Para mudha, sun tuturi piyarsakna.

2.           Kawis pita, wardining yuda kenaka,  (maja, Pangkur)
Aja padha, ngungkurken wruh kang nyata.

3.           Terong alit, kluwih geng benthet neng uwit, (ranti, gori)
Haywa nganti, sigetun tekane keri.

4.           Taji kisma, pandaya mamet kukila, (luku, kala)
Lakunira, dipunmanut kala mangsa.

5.           Ratu sabrang, gentha geng manggung neng tawang, (Rahwana, bendhe)
Kawruhana, jaman iku beda-beda.

6.           Windu landa, murcaning jiwa sing angga, (jaman, seda)
Jaman kuna, beda lan jaman samangkya.

7.           Jarwa sabda, tepi wastra pinarada, (kandha, kemada)
Ingsun kandha, minangka tepa tuladha.

8.           Tapas aren, wastra jinait talaten, (duk,
Duk samana, singa wignya bedhah praja.

9.           Atmajendra, wanita pruiteng dwija, (putri, endhang)
Boyong putri, kinondhang-kondhang sanagri.

10.       Kasut kayu, putra sentananing ratu, (gamparan, satriya)
Den arani, satriya tan wani mati.

11.       Ari panji, satriya di saking kapi, (                     , Mayangkara)
Wirotama, sumbaga suranggakara.

12.       Kodhok agung, tembang satriya nahen kung, (bangkong, tlutur)
Temah kongsi, ana pitutur kang muni.

13.       Ciri dwaja, rondhon wayu dhuh bendara, (bandhera, larahan)
Bandhatama , iku jarahan ngayuda.

14.       Niring yitma, gentha geng munggeng bacira, (bangke
Ing samangke, jamane wis seje-seje.

15.       Kawi ratu, citreng janma karya semu, (aji, sumeh)
Ingkang aji, nora dumeh sura sentika.

16.       Surya ratri, putri adi ing Kadhiri, (candra, Candra Kirana)
Trah narendra, tur bagus raga karana.

17.       Krai seta, baon sabin ing nawala, (timun, karya)
Nanging lamun, sabarang karya tan ayun.

18.       Suku palwa, wreksa kang maksih rondhonnya, (welah, uwit)
Tan sekolah, ngungkih kawruh wiwit bocah.

19.       Perak kresna, roning mlinjo dhuh bendara, (timah, so)
Temah bodho, malongo ingangsa-angsa.

20.       Nata dewa, busana sah sing sarira, (Pramesthi, rucat)
Mesthi kalah, lan sutaning janma rucah.

21.       Jarwa kaka, lagon sata pancakara, (kakang,
Kang waskitha, saulah kridhaning sastra.

22.       Hardeng brana, tirta kandheg winisaya, (sugih, megung)
Sugih kawruh, sagung sakarya tan jaruh.(weruh?)

23.       Janma wredha, gagang pantun dhuh bendara, (kaki-kaki, merang)
Wit saiki, perange tan kadi nguni.

24.       Layar kaga, warastra garane dawa, (swiwi, tumbak)
Datan mawi, tumbak bedhil pedhang bindi.

25.       Menyan pita, kintel geng sasaneng tirta, (lirang, bangkong)
Den warangi, sadina-dina ywa kongsi.

26.       Klapa tanggung, pantun geng sasaneng gunung, (       , gaga)
Mindho karya, benjang lamun ngadilaga.

27.       Swareng bendhe, janma kang wus nir yitmane, (mung, bangke)
Mung sapele, gamane janma samangke.

28.       Rumput aking, nambut karya sarwa aring, (singgang, tlaten)
Gagang lansen, sarta clathu kang talaten.

29.       Petang candra, pangiketing sapu sada, (tanggal, suh)
Karya mranggal, mungsuhe kang luwih akal.

30.       Sligi harda, puspita kinarya lenga, (sugih, mawar)
Sugih bandha, akeh tur mawarna-warna.

31.       Isi tanjung, praja lit kang panjang-punjung, (kecik, Jepang)
Encik koja, Walanda Jepang lan Cina.

32.       Cantrik raja, jawata kang mindha sudra, (wiku, Semar)
Iku kabeh, marang ngelmu teteh-teteh.

33.       Tanyeng asma, satriya kalindhih yuda, (Sapa, asor)
Sapa asor, wus tartamtu tibeng ngisor.

34.       Kelor wana, gagang pari rinumpaka, (weru, merang)
Haywa kliru, perange sarjana iku.

35.       Deder katga, bahu sacelaking angga, (ungkih, pundhak)
Kang ingungkih, mung bakal undhaking pamrih.

36.       Doming jala, pratandhaning ider boja, (coba, tawa)
Mara coba, ngisor iki prastawakna.

37.       Pelem ganda, pandaya mangulah kisma, (kweni, luku)
Duking nguni, gampang wong alaku tani.

38.       Suku panti, wulu cumbu Gunung Sari, (saka, Regol)
Ing sakarsa, tan ana kang ngregonana.

39.       Suteng kresna, juluk Sang Sri Yudhisthira, (Samba,
Sawah amba, durung ana liyan bangsa.
    
40.       Lenging netra, titah ing Hyang kang widagda, (weruh, unggul)
Kang kawruhe, ngungkuli kabeh wong kene.

41.       Karyeng ratu, pari geng kang mawa wulu, (    , ketan)
Ing samengko, kahanane tan mangkono.

42.       Traping kukum, kawruh panimbanging kaum,
Ngolah sawah, tanpa ngelmu mesthi kalah.

43.       Laras driya, sayeng kaga saupama, (    , kala)
Pametune, ala sethithik petunge.

44.       Balung geni, kapal api rodha mori, ( mawa, layar)
Wong nyudagar, tan api kang dagang layer

45.       Rondhon lesah, buktining sato nginum rah, (uwuh,
Wus kewuhan, marga kalah lan bangsa lyan.

46.       Basa kasar, kenong alit kang kinalar, (ngoko, kempyang)
Toko ngendi, kang gedhe-gedhe myang peni.

47.       Wisma nata, Patih Pajang duk diwasa, (Praba Suyasa
Kang ayasa, wus tartamtu bangsa manca.

48.       Monging tirta, tepi wastra rinumpaka, (baya, kemada)
Kapan baya, bangsa kita wignya madha.

49.       Kawis pita, nateng Mahispati pura, (maja, Harjuna Sasrabahu)
Luwih begja, mung dadya babahunira.

50.       Janma sudra, kang imba sangandhap grana, (kere, rawis)
Esuk sore, nambut karya tan awise.

51.       Rubeng karya, wismane janma pralaya, (opah, cungkup)
De opahe, tan cukup pinangan dhewe.

52.       Singa ranu, teluh braja mijil dalu, (baya, ndaru)
Paran baya, kang dadya darunanira.

53.       Suryeng panti, darunaning keneng dhesthi, (diyan, guna)
Tan na liyan, mung marga kasor kagunan.

54.       Welut wana, sarpa ponthang mawa wisa, (ula, weling)
Mula-mula, weweling ngong dipun samya.

55.       Kawi luru, putra Gendrayana Prabu, (ngudi, Sudarsana)
Angudiya, kagunan mong kasarana.

56.       Parang jaja, wreksa langking siseng brama, (   , areng)
Among suka, bebarengan lan lyan bangsa.

57.       Nateng wana, parab Sang Hyang Girinata, (singa, Pramesthi)
Singa lumuh, pasthi lena madyeng pupuh.

58.       Wardi kisma, tirta mijil saking netra, (lemah, eluh)
Temah rapuh, sahari-hari adus luh.

59.       Kurang nendra, rendhi bang kang piniyara, (arip, sapi)
Uripira, kebo sapi pepadhanya.

60.       Kawi dina, srana panggetaking kuda, (ari, cemethi)
Saben ari, den boti pakaryan mesthi.

61.       Jambe aking, taru lesah kang neng piring, (jebug, pangan)
Den gebugi, nanging pangane cinumpi.

62.       Lampu alit, pala kang lesah saking wit, (diyan,
Nadyan tani, mardika miwah gegrami.

63.       Sarah tala, gandaning janma pralaya, (malam, banger)
           Lamun pinter, salaminya tan kablinger.

64.       Gambang wesi, lincak wreksa nagri Wlandi, (siter, kursi)
  Dledar-dleder, lungguh kursi tengah emper.


65.       Kawi luru, perkutut gung tinarungku, (ngudi,
           Den ta ngudi, ngelmu iku datan kardi.

66.       Rilaksmana, cegah bukti wayah rina, (tapa, pasa)
Tapa brata, tirakat miwah puwasa.

67.       Pathi tirta, epring geng kang mindha wreksa, (uyah, petung)
Nyirik uyah, pitung ari neng jro omah.

68.       Swareng bendhe, kucing geng kang mangsa bangke, (mung, )
Cukup amung, saben ari dumalundung

69.       Kanthen asta, resi geng ing Indrakila, (runtung-runtung, Mintaraga)
Runtung-runtung, mring pawyatan minta tulung.

70.       Pamong siswa, sata muluk ngantariksa, (guru, dara)
Para guru, darapon pinaring ngelmu.

71.       Gayung sumur, sarah tala kang binubur, (timba, malam)
Haywa kemba, lamun sira durung wignya.

72.       Garwa Parta, wadung pari kang ginita, (          , ani-ani/ apan-apan)
Kang sanyata, keni karya ngupa boga.

73.       Suryeng wisma, kawi tatu saupama, (diyan,
Sanadyana, wong tuwanta sugih brana.

74.       Pelem ganda, nata dewa suralaya, (kweni, Bathara Guru)
Peni-peni, guru bakal guru dadi.

75.       Kawis pita, tirta kandheg winisaya, (maja, megung)
Aja sira, ngegungken sugih ing rena.

76.       Jenang gula, macan galak sabeng tirta, (glali, baya)
Temah lali, ngupaya kawruh sejati.

77.       Sri Wiratha, arine Prabu Rahwana, (Matswapati, Wibisana)
Kang den esthi, bandhane yayah myang wibi.

78.       Wulung rekta, kalpika tumraping braja, (bidho, karah)
Nadyan bodho, ing tembe garah malenda.

79.       Kencur gunung, jambe geng mijiling gunung, (jae,       )
Nganggur bae, sandhang pangan teka dhewe.

80.       Wringin seta, wanara ing Wandhanpura, (kesambi/weru?, )
Nyambi turu, bandha teka mubra mubru.


81.       Bangkong tuwa, srana pangasahing braja, (kungkang, kikir)
Kang mangkono, iku pikire wong bonto.


82.       Sarpa ponthang, jangkrik geng kang sabeng karang, (weling, gangsir)
Lah elinga, bandha iku gampang sirna.

83.       Medhar gita, tapas aren saupama, (omong, duk)
Mongka tandha,  duk kauman Surakarta.

84.       Icir panjang, salaka warnane abang, (coba, tembaga)
Keneng coba, bancana kang dahat harda.

85.       Putreng Endra, kalothokaning mandera, (        , klika)
Tan katara, sanalika dadya brama.

86.       Brama harda, panjang kisma dhuh bendara, (mulad-mulad, layah)
Mulad-mulad, yayah sundhul ngantariksa.

87.       Gubug dhuwur, mulwa rengka kang cinatur, (wisma, srikaya)
Sagung wisma, kang endah-endah sadaya.

88.       Garwa Durga, cagak wisma munggeng madya, (Siwah, saka guru)
Miwah brana, guru bakal guru dadya.

89.       Kethek langking, wreksa geng tibane miring. (lutung, ngglundhung)
Tanpa petung, sungsun timbun ngundhung-undhung.

90.       Tuma rekta, kisma lus siseng dahana, (tengu, awu)
Mung sapangu, sirna lebur dadya awu.

91.       Kinjeng neng wit, udan sore lagi wiwit, (kinjeng tangis, rerabi)
Den tangisi, galo-galo saanak rabi.

92.       Mrica kecut, rendhi bang pakarya cakut, (wuni,
Wus tan keni, jer sirna minangsa api.

93.       Kasut wreksa, ron lesah kinarya nedha, (gamparan, kuluban)
Kadi paran, kulup kang yogya linakyan.

94.       Surya lungse, wali sing sudra asline, (lingsir, Sunan Geseng)
Bandha sirna, kang wisma wus geseng samya.

95.       Garweng rena, kunir pita kang neng wana, (    , temu lawak)
Bok linuru, satahun mesthi tan temu.

96.       Ratuning wre, jangkrik geng dawa suthange, (Subali, gangsir)
Balik kawruh, sirnane sapa kang weruh.

97.       Nateng Ngwangga, wreksa sisaning dahana, (Karna, areng)
Wignya sirna, ananging bareng lan raga.

98.       Suryeng made, buron geng mawa telale, (       , gajah)
Nadyan pejah, nanging yen janma wus jajah.

99.       Buron brama, jakating janma pralaya, (konang, sawur)
Kanang asma, misuwur saalam donya.

100.   Panti sela, sari dhele winisaya, (pundhen, kecap)
Den pepundhi, den ucapken saben ari.

101.   Kadhal agung, karya sukaning dedunung, (sarira,
Sari ratri, akeh janma kang ngrasani.

102.   Saron bumbung, pepundhening ratu agung, (suling, pujangga)
Lah elinga, ki pujangga Surakarta.

103.   Kraton kerat, janma winayung-yung nekat, (swarga,
Kang wus swarga, Dyan Behi Ronggawarsita.

104.   Ri Ragawa, surya ratri munggeng wisma, (Laksmana, diyan)
Ruming asma, kongas kongsi liyan praja.

105.   Kantor Cina, kawi sabda saupama, (tangsi, wuwus)
Kongsi mangkya, wus pirang taun laminya.

106.   Krameng pejah, kasut kayu kang neng jrambah, (seda, gamparan)
Denya seda, parandene pra sarjana.

107.   Masjid Buda, sawi lit mangka usada, (candhi,
Amemundhi, sadaya tapak astanya.

108.   Manggis mudha, jalak jamang kang neng wana,
Den sebarken, kongsi tekeng manca praja.

109.   Bantu boja, janma putus saniskara, (    , sarjana)
Raden Saleh, sarjana geng budi sareh.

110.   Suteng Endra, prajane Sang Bomantara, (       , Traju Tresna)
Tur ketara, tresnane mring para janma.

111.   Murceng jiwa, masjid buda saking sela, (mati, candhi)
Prapteng pati, pasareane cinandhi.

112.   Mimis alit, pang ageng pisah saking wit, (gotri, sempal)
Den pepetri, pakempalane tyang Jawi.


113.   Ratu sabrang, jamane lelakon wayang, (Rahwana, purwa)
Kang mangkana, purwanira datan liya.

114.   Wadung jambe, peparikan tanuning we,
Mung kacipta, punjuling kagunanira.

115.   Kantor Cina, sata klawu mubal seta, (tangsi, tutul)
Kongsi karya, tetuladhan para janma.

116.   Garwa Durga, putra nata Wilatikta, (Siwah
Miwah buka, kang dadya petenging cipta.

117.   Ciri wanci, kambing jembrak neng wanadri,
Jaman mangkya, pra sarjana paring nama.

118.   Pantek wreksa, puspita di mungeng rikma, (paju, cundhuk)
Kemajuan, cinundhukken lan kahanan.

119.   Culing atma, barang rucah saupama, (pralaya, para)
Nging prasasat, para mudha denya ngangkat.

120.   Kulit jagung, kunir pita munggeng gunung, (  , temu)
Maksih kleru, adon-adoning panemu.

121.   Taji kisma, tikus seta mangsa lata, (luku,
Kabeh laku, kasluru pating selulu.

122.   Kawi ajar, kala bang sinandhung muncar, (muni, rena)
Pra taruni, ana ingkang angarani.
123.   Pantek kayu, satriya arining diyu, (paju, Wibisana)
Jaman maju, den nundhukken busaneku.

124.   Janma papa, kaca panutuping netra, (   , tesmak)
Yen wis nganggo, tismak mantol gela-gelo.

125.   Panti warta, srana pangambiling mina, (Koran, )
Nyangking koran, udut srutu turut dalan.

126.   Kasut santri, puspita kang megar ratri, (cripu, kembang sepatu)
Nganggo cripu, yen tan sandhal ya sepatu.

127.   Lenging netra, tembang dhalang metu buta, (wruh, ada-ada)
Nging kawruhe, sapele datanpa  gawe.

128.   Ngisis waja, yaksa buta Basudewa, (mlenge, Kangsa)
Mung malenge, yen kumpul bangsa liyane.

129.   Ancur kaca, puspita lit munggeng rikma, (banyu rasa, cundhuk)
Pangrasane, wus nundhuk karo jamane.

130.   Ciri mangsa, tumanduking kanang braja, (jaman
Jaman maju, empane mangkono iku.

131.   Nateng Angga, bakul ider raja brana, (Karna, para)
Ana maneh, para mudha kang nyaleneh.

132.   Pantek wreksa, dhauping jalu wanita, (paju, krama)
Dupeh maju, tatakramane liniru.

133.   Janma wredha, tepi wastra rinumpaka, (wong tuwa, kemada)
Mring wong tuwa, anganggep sapadha-padha.

134.   Dhendheng mina, sepat domba Kali Oya, (gereh, gurameh)
Wani ngereh, calathu kang remeh-remeh.

135.   Carang wreksa, janma priman ngulandara, (pang, papa)
Mring panggawe, anggepe sapapadhane.

136.   Ancur kaca, pandaya pangulah kisma, (banyu rasa, luku)
Pangrasane, anut lakuning jamane.

137.   Bikang rekta, kabayaning Suralaya, (kue cara, Narada)
Tata cara, binubrah sarta winada.

138.   Puspa biru, pandhita geng medhar ngelmu, (lenge-lengan,
Lenging nala, arsa niru liyan bangsa.

139.   Perak tulya, sasi Jawa meh Puwasa, (timah, Ruwah)
Temahane, ora karuwan dadine.

140.   Isi sawo, pulo geng kidul Borneyo, (kecik, Jawa)
Encik dudu, cina dudu, Jawa dudu.

141.   Saron bumbung, juru tulis sawarga gung, (angklung, carik)
Anglungguhi, parikane ingkang muni.

142.   Jenang gula, narmada sat munggeng arga, (kilang,
Aja ilang, Landane saparo kurang.

143.   Nagri harja, salira kang madha rupa, (gemah, awak)
Ing satemah, awake dadine camah.
144.   Senthe seta, widadari kraton Jawa, (kimpul,
Kumpul Jawa, winada kadi walonda.

145.   Bonang mencil, dewa dharat kang ndregil, (kempul,
Kumpul Londa, pinrih lunga marga Jawa.


146.   Welut wana, pepatih nateng Widarba, (ula,
Mula padha, ing laku dipun prayitna.

147.   Terong alit, gudhe rambat benthet neng wit, (ranti, kara)
Aja nganti, sasar-susur ing prakara.

148.   Krai seta, isi sawo kunir wana, (timun, kecik, temu)
Lamun kliru, nora becik kang tinemu.

149.   Wastra jabang, sata muluk aneng tawang, (popok, dara)
Temah papa, papariman ngulandara.

150.   Mundhing perang, netraning pring kang kinarang, (Tumbuk, soca)
Numbuk bentus, kadi kinjeng tanpa soca.

151.   Lebdeng petang, saranane magut perang,
Yen benere, jaman maju iku trape.

152.   Swareng bendhe, srabi lit abang warnane, (mung,
Mung mangkene, saka kang dak rungu dhewe.

153.   Prekutut gung, lampes ireng munggeng gunung, (derkuku, klayu)
Maju iku, benere tembung melayu.

154.   Cethok dawa, srana panggetaking kuda, (       , cambuk)
Kamajuan, tembung Jawa undhakana.

155.   Kawi gawe, dhustha putri madyaning we, (karya, Karta Wiyoga)
Kabeh karya, kang sayoga undhakana.

156.   Conto wastra, teken panjang ing samodra, (    , welah)
Nanging poma, haywa salah ing panampa.

157.   Salang jaja, salira geng ing narmada, (pundhak.,
Ingkang mundhak, aja mung bregasing awak.

158.   Benthik wreksa, wanara ing Wandhanpura, (janak,
Enak-enak, ngentekke bandhane bapak.

159.   Sarpa ponthang, pari lit adhedhompolan,
Mung elinga, ing samengko tanah Jawa.

160.   Punthuk agung, yaksa dewa munggeng gunung, (gunung
Den dunungi, bangsa manca warni-warni.

161.   Taji kisma, wader geng mawa curiga, (luku, grameh)
Laku tani, dadi pyayi myang gagrami.


162.   Gedhuging prang, swara seru datan arang, (
Kang dindelke, kabeh mung kapinterane.

163.   Kisma rengka, sato wana pindha janma, (tela,
Kang tetela, ngungkuli kabeh wong Jawa.

164.   Milweng pati, sadpada lit aleng siti, (bela, tawon tutur)
Wela-wela, cetha tur katon angegla.
165.   Kalong alit, puspa biru dhahar mayit, (lawa,
Yen wong Jawa, isih nganggo kawruh kuna.

166.   Sayeng kaga, gendhang geng kang neng bacira, (kala,
Ingkang ala, tumrape jaman samangkya.

167.   Gudhe rambat, yaksa aji ngrata jagat, (kara,
Datan cara, kagunane liyan bangsa.

168.   Nata dewa, wreksa urip tanpa patra, (Pramesthi, urip)
Mesthi bakal, uripe kaponthal-ponthal.

169.   Grobag wesi, hardana panyewa siti, (lori, pajeg)
Temah keri, sajeg jumbleg dadi kuli.

170.   Bebek mudha, kwali tosan nagri Cina, (meri, panic)
Den ceceri, pangane among pinanci.

171.   Bantheng rekta, wiku arga putreng nata, (sapi,
Kadya sapi, giniring saari-ari.

172.   Gelang karna, getih uwuk mawa ganda,
Jaman mangkya, tumrape ing tanah Jawa.

173.   Malih warna, wiku raja Sapta Rengga, (mindha warni, Abiysa)
Ingsun pindha, memba jaran ngaduyasa.

174.   Wulung wido, kanthong geng wadhahe loro,
Bebalapan, saben ari cecongklangan.

175.   Kawruh santri, tela pethak rasa legi, (ngelmu, besusu)
Ngungkih ngelmu, ing batin kesusu-susu,

176.   Tanya asma, netra mijil tirtanira, (sapa, mbrebesmili)
Sapa keri, uripe mbrebesmili.

177.   Tali lawe, rema pethak pardikane, (benang, uwan)
Sapa menang, dadi tuwan njenggarang.

178.   Carang wreksa, suryeng panti mawa kaca, (pang, lampu)
Sila tumpang, lir juragan dhampu awang.

179.   Wungkal waja, kayu gung rineka janma, (kikir,
Pamikirku, patrape ngupaya ngelmu.

180.   Swareng puji, hardana gung kang pinardi,
Mung wong Jawa, kang katon keri priyangga.

181.   Maja rekta, jambe geng wijiling arga, (mulwa,
Kamulyane, iya uga kalah dhewe.

182.   Jenang pisang, blarak gung inganam kepang, (kolak, blegetepe)
Sakolahe, anake datan ginape.

183.   Bara derep, janma kang anggung sidhakep,
Rena-rena, tansah dienengke bae.

184.   Tampar lawe, bak alit ingkang mesi we, (bolah, kolah)
Akeh bocah, kang durung padha sakolah.

185.   Kacang ijo, gong alit unine kendho, (gleyor, kempul)
Geluyuran, kekumpulan pinggir dalan.
186.   Galar empyak, piring taru cinengkalak, (usuk, pincuk)
Esuk-esuk, nyangga pincuk nyamuk-nyamuk.

187.   Longing brana, sabuk lit sing nagri Cina, (suda, karet)
Karo wuda, kathok kalet mawa ganda.

188.   Karyeng nata, gentha geng kang pinardika,
Kang mangkono, tan patut jaman samangko.

189.   Dhustha ing we, ngelmu sulap pamardine, (Karta Wiyoga,
Prayogane, pinikir mamrih pintere.

190.   Gambang prunggu, isi sawo kang den edu, (saron, kecik)
Saranane, becik disekolahake.

191.   Nyebar kacang, tepi wastra kang kinarang,
Mrih ing wuri, padha bisa nambud kardi.

192.   Lintang sena,prajeng Panji Priyambada, (Bima Sekti, Kadhiri)
Kang sayekti, amrih kapenaking dhiri.

193.   Parta siwi, rokok wijil Sala nagri,
Nadyan tani, mardika miwah gagrami.

194.   Kothak Jepun, parikan calumpring pantun, ( , dami)
Mesthi aji, tan cinamah lan sesami.


195.   Puspa biru, pepatih Sri Kresna Prabu, (leng-lengan, Udawa)
Lah delengen, sarta sing dawa pikiren.

196.   Jalak jamang, benthik wreksa kang tan panjang, ( , janak)
Bangsa manca, anake widagda samya.

197.   Ardeng tirta, baon sabin ing nawala, ( , karya)
Pinter-pinter, mring pakaryan nora nglemer.

198.   Witing roga, umpak dedering curiga, (guna,mendhak)
Kagunane, saya mundhak sasuwene.

199.   Isi menje, kacang lit remit isine, ( , wijen)
Lan awake, kajen ing sapepadhane.

200.   Perak kresna, jambe geng wijil ing arga,
Temahane, gawe penaking uripe.

201.   Sri Ngastina, juluke Prabu Singgela, (  , Prabu Bisawarna)
Pranatane, omahe akeh warnane.

202.   Mrica tikta, kadhaton janma pralaya, ( , swarga)
Edi peni, wus prasasat suwarga di.

203.   Sri Singgela, parab panji Priyembada, (Bisa Warna, Panji Asmarabangun)
Warna-warna, wawangunane prasaja.

204.   Puter seta, jejuluk andeling Ngastina, (dara, Duryudana)
Den piyara, tinata sadina-dina.

205.   Salang angga, pratapan Sang Abiyasa, (pundhak, Sapta Rengga)
Mundhak-mundhak, rerenggane saya pepak.

206.   Sata jalu, Tanya wustha temah ngaku, (jago, )
Panganggone, pasa jae di warnane.
207.   Ngolah kisma, sarana mamrih utama, (megawe, mbudidaya)
Gawe dhewe, binudi amrih becike.

208.   Gentha janur, merang dhele kang cinatur, (     , titen)
Nora leren, tumindak kanthi talaten.

209.   Taji warak, busana di saking perak, (cula,  )
Mula barang, dandanan kang larang-larang.

210.   Mulwa rengka, mrica kecut saupama, (srikaya, wuni)
Saya suwe, saya peni kahanane.

211.   Cuping asta, narmada nir tirtanira, (sembah, asat)
Tambah-tambah, baguse sasat tan lumrah.

212.   Surya lungse, bonang geng kang mung sasele, (tunggang gunung,
Tetunggangan, kang ginawe ing bangsa lyan.

213.   Janma wredha, juluk sri nateng Wiratha, (kaki, Matsyapati)
Ing saiki, cacahe makethi-kethi.

214.   Sarah tala, peparikan deder katga, (malam,
Saya lami, mundhak peni, tambah edi.

215.   Welut dharat, gerobag rodhane papat, (weling, kereta)
Lah elinga, sepedha montor kereta.

216.   Swiwi palwa, tirta ngideri bawana, (layer, segara)
Prahu layar, kang ngambah segara jembar.

217.   Panti jaksa, lembing geng kang sabeng tirta,
Motor mabur, bisa muluk kongsi dhuwur.

218.   Garweng endhang, putra jalu Sang hyang Wenang, (wiku, Sang Hyang Tunggal)
Iku samya, tunggangane pra widagda.

219.   Dagang wastra, satriya ri Dasamuka, (wande, Wibisana)
Dene lamun, wong Jawa bisane gumun.

220.   Sirah wisma, mulwa rengka saupama, (molo, srikaya)
Amalongo, weruh barang kaya ngono.

221.   Teken wilah, wesi lit mangka pangasah, (uthik, kikir)
Nanging suthik, mikir miwah ngathik-athik.

222.   Mardi sata, wiku di ing Sapta Rengga, (          , Abiyasa)
Mamrih wignya, niru yeyasan mangkana.

223.   Roning pisang, singa ranu mangsa bathang, (pupus, baya)
Pamupuse, paranbaya wus pasthine.

224.   Canthel alit, gula aren lagi wiwit,
Yen wong Jawa, nora bisa kadi landa.

225.   Kulit jagung, sembung langu munggeng gunung,
Iku kleru, satemene ywa ginugu.

226.   Sumping jiwa, tukang wreksa pinardika, (       , undhagi)
Kabeh janma, wignya undhagi yen kersa.

227.   Kempul agung, kurdeng janma winayungyung, (gong, )
Ngongsa-angsa, ambudi kawruh utama.
228.   Gancar wayang, kara lit sing tanah sabrang, (lakon, kapri)
Kalakona, sarana ngudi kapriye.

229.   Ngruruh harta, panarik ngetogken rosa, (nyambut gawe,
Panggawene, barang anyar kang neng kene.

230.   Jarwa duka, kodhok agung kunir pita, (nesu, bangkong, temu)
Denya mesu, seru dikongsi ketemu.

231.   Lembing tirta, gancaring kang ringgit purwa, (            , lakon)
Yen wis bisa, gelis nuli lakonana.

232.   Dagang wastra, miwaha wedaling putra, (wande,
De ing buri, yen sirarsa prapteng pati.

233.   Lenging netra, pandaya panggosok wreksa,
Kawruhira, pasrahna mring liyan janma.

234.   Pulas muka, kawinya yuda kenaka, (pupur, kukur)
Sampurnanya, ing wuri sapungkurira.

235.   Kantor Cina, pinggan lit kang mesi boga, (tangsi, mangkok)
Aja kongsi, kawruhmu kok gawe wadi.

236.   Pager wayang, timun ijo munggeng karang, (kelir, semangka)
Lir carane, wong Jawa prapteng samangke.

237.   Ri Rahwana, sela panglawet usada, (Gunawan Wibisana, pipisan)
Kagunane, nora pisan tinularke.

238.   Niring atma, pelem geng kang mawa ganda, (mati, kweni)
Bareng mati, kawruh peni tanpa kardi.

239.   Nateng kobar, golok geng den agem mentar,
Tan binudi, warise kang maksih keri.

240.   Nagri karta, parikan bongkot warastra,
Ing satemah, kawruh jawa dadi camah.

241.   Longing surya, kethek agung pindha janma,
Ana maneh, watek Jawa kang nyaleneh.

242.   Pendhok pecah, beya pametuning sawah,
Gawehane, ing sajege, ajeg bae.

243.   Rama Salya, juluke Prabu Singgela, (Bagaspati, Bisawarna)
Tan ginagas, bisane wuwuh baregas.


244.   Tali gangsa, baon sabin ing nawala, (pluntur, karya)
Yen tinutur, wangsulane karya kuwur.

245.   Jambe ngarga, raga gingsir utekira,
Gawe omah, sajeg jumbleg ora owah.

246.   Panjang siti, gentha geng panenger wanci,
Cowek lemper, wiwit jaman akeh geger.

247.   Karah katga, garwa Dananjaya Putra,
Nora mundhak, jare nglestarekake bapak.

248.   Rubeng damar, janma kekurangan nalar,
Jalarane, tan marga saka bodhone.
249.   Kidang wisma, Ragu suta larasmara, (sapi, Rama Ragawa)
Kang sapisan, kagawa kurang openan.
250.   Parab Durga, putri adi ing Ngalengka, (Premoni, Sukesi)
Tan niteni, barang anyar kang kaeksi.

251.   Janma papa, pager wayang saking wastra, (fakir, kelir)
Suthik mikir, kadadeyane sakalir.

252.   Klapa tanggung, cagak wisma kang kinurung,
Ping pindhone, saka pati piyandele.

253.   Tanya dhustha, sawah wisma mesi klapa,
Panarkane, barang anyar kang neng kene.

254.   Suryeng panti, titahing Hyang tan kaeksi,
Kadadeyan, saka panggawene setan.

255.   Nateng angga, pajeg kalah ing prakara,
Lawan maneh, saka kandhane wong akeh.

256.   Ron usada, pandaya pangulah kisma,
Ila-ila wiwit kadi jaman kuna.

257.   Ri Rahwana, buron wana pindha janma,
Ora kena, ngowah kawruhe wong tuwa.

258.   Kunir pita, bramara lit taleng kisma,
Panemuku, tutur kang mangkono iku.

259.   Tali gangsa, janma kang dereng diwasa,
Tutur salah, nora pantes krungu bocah.

260.   Sembung langu, ganjel kisma janma layu, (…., gelu)
Ywa ginugu, mundhak gawe lara ngelu.

261.   Dhustheng tirta, saranane magut yuda,
Sayogane, sarehning salin jamane.

262.   Mamet mina, sadpada lit taleng kisma,
Ywa dianggo, pitutur kang kaya ngono.

263.   Ganti wastra, pambanguning barang lama,
Salinana, kawruh anyar kang wus nyata.

264.   Petang siti, paparikan sato bukti,
Wignya karya, ungguling kang bangsanira.

265.   Peksi duta, kelor wana saupama,
Yen wong Jawa, kang wus kaweruhan nyata.

266.   Surya glewang, tela rambat wohing tawang,
Duwe dhasar, widagda salwiring nalar.

267.   Niring atma, pasir langkap pinandara,
Mung cacade, durung kebuka manahe.

268.   Jala panjang, rendhi bang sungune caplang,
Maring kawruh, durung doyan api tan wruh.

269.   Medhar gita, prajeng Sang Karta Wiyoga,
Pratandhane, yen pancen becik dhasare.

270.   Pethi carma, driji mangka sung sasmita,(tas, panuduh)
Ing ngatase, tan ana kang nuduhake.

271.   Jambe arga, kori kaca pinandara,
Gaweyane, prandene wus ngeramake.

272.   Bantal dawa, umpak dedering curiga, (guling, ukir)
Lah elinga, tukang ukir ing Japara.

273.   Jenang pisang, topi lit ageming demang,(kolak,
Tan sekolah, den ulig sangkaning bocah.

274.   Gendul brendhi, klapa lit wungu kang warni,
Garapane, alus ngremit nggumunake.

275.   Suku palwa, yaksa putra ing Mandura,
Nora kalah, lan lyan bangsa kang sekolah.

276.   Kanthong klasa, nateng nggadhuh bendara,
Iba-iba, yen atine wus kabuki.


277.   Sabuk kuda, umpak dedering curiga,
Saben dina , ngudi undhaking aguna.

278.   Ri Rahwana, bubuk lit sabeng mastaka,
Ing wusana, titining pepali tama.

279.   Jati mudha, tanaya Pandhita Durna,
Mumpung mudha, ngudiya kawruh utama.

280.   Lembing tirta, cirri tandha magut yuda,
Mamrih bisa, ungguling kang bangsanira.

281.   Jenang gula, tapas langking saupama,
Kang pepali, panggawene duk marengi.

282.   Kethuk gedhe, wiwit kumpul nyambut gawe,
Keneng coba, sing kleruning patrapira.

283.   Welut wana, sampang panggilaping wreksa,
Mula kurang, memanise kang kawangwang.

284.   Gender wreksa, kulit sato pindha dara,
Mung tinimbang, data nana ingkang memulang.

285.   Nata dewa, pepatih yaksa Mandura, (pramesthi guru,
Mesthi ngongkang, kawruhe kasurang-surang.

286.   Jenang sela, kupat bunder saupama, (apu, lepet)
Den aksama, lepat kula, pun: Sutarja.

Atur panedhak santun aksara

Jenang sela, sela pindha wukir
Wukir geni lor kutha Ngayogja,
Tali gangsa upamane,
Apuranta wak ingsun,
Cinandhia lepat lan sisip
Pangrakiting ukara,
Tutur kang kalantur,
SUku palwa upamanya,
JARwa sabda, taksaka geng crita nguni,
Lah sun dhadha ing NAla.

Paripurna nedhak santun aksara Jawi myang Latin, ri Slasa Pon anyarengi Libur Nyepi , 1932 Saka utawi 16 Maret 2010 tabuh 10.17 WIB

0 komentar: