Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 25 Januari 2014
PAHARGYAN LUSTRUM KAPING 12 SMP TUNAS MUDA

 Assalamu’alaikum, Wr.Wb.
 Bapak Kepala SMP Tunas Muda ingkang satuhu luhuring budi,
 Ustadz Drs. Sunardi Syahuri  ingkang satuhu pantes sinudarsana
 Bapak/Ibu alumni SMP Tunas Muda ingkang satuhu  kinurmatan
 Sagung tamu undhangan ingkang satuhu  dhahat  kinurmatan
 Bapak/Ibu Guru, Karyawan- karyawati SMP Tunas Muda  ingkang tansah  winantu ing suka  basuki.
 Kadang wredha, taruna, miwah para siswa SMP Tunas Muda ingkang kula  tresnani.

Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji  panitya  kinen ngaturaken urut reroncening Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12  SMP Tunas Muda.
            Nanging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara punika, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten sahandhap pepadaning Gusti ingkang hakarya loka inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan gumelaring  kabagaswarasan, karaharjan miwah katentreman, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.
 Sagung tamu undhangan  ingkang sinuba ing pakurmatan, keparengan panatacara murwakani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing titilaksana Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12  SMP Tunas Muda. , kanthi ngaturaken urut  reroncening adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:
  1. Pambuka
  2. Pasrah bebungah tumrap para juara pasanggiri (Penyerahan Hadiah Lomba)
  3. Pangandikan Kepala SMP Tunas Muda kalajengaken Pagas Tumpeng
  4. Tausyiah Syukur dening Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri
  5. Pasrah - tinampi  ringgit wacucal (Semar) (Kepala SMP Tunas Muda  – dhumateng Ki Dhalang Edhi Suwondo)
  6. Panutup.
  7. Pagelaran Ringgit purwa sedalu natas kanthi Lampahan : “Rama Nitis – Semar Boyong” ingkang badhe katindakaken dening Ki Dhalang Edhi Suwondo.
Para Bapak/ Ibu tamu undhangan  ingkang sathuhu dhahat kinurmatan, makaten menggah urut reroncening Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12  SMP Tunas Muda  ing dalu punika.
Kasuwun wontena suka lilaning penggalih sagung tamu undhangan  tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning adicara ing dalu punika. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
…………………………………………………………………………………..........................
            Sagung tamu undhangan ingkang satuhu kinurmatan,
            Sumangga adicara ing dalu punika kapurwakan kanthi ndedonga jumbuh kaliyan  kapitadosan  sowang-sowang, dhumateng Bapak ibu tamu undhangan  ingkang hangrasuk agami Islam kula dherekaken maos Basmallah sesarengan, wondene ingkang ngrasuk agami sanes kajumbuhna kaliyan gegebengan panjenengan,  ndedonga kawiwitan …….cekap.
Ngancik adicara kaping kalih : Pasrah bebungah tumrap para juara pasanggiri  kangge mahargya pengetan Lustrum 12 SMP Tunas Muda  ing tahun 2013. Dumateng ngarsanipun Seksi Lomba pandaya wara kula aturaken.
......................................................................................................................................................
Makaten Pasrah bebungah tumrap para juara pasanggiri kangge mahargya pengetan Lustrum 12 SMP Tunas Muda  ing tahun 2013. Dumateng  para juara kaaturaken ndherek bingah miwah matur nuwun awit partisipasinipun.
 Ngancik adicara kaping tiga atur pangandikan Kepala   SMP Tunas Muda kalajengaken pagas tumpeng . Dhumateng ngarsanipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd.  wekdal saha pandaya wara kaaturaken. Sumangga…………………………………………………………………………………
Kalajengaken pagas tumpeng. Sasampunipun tumpeng kapagas dening Bapak Kepala SMP Tunas Muda  badhe kapasrahaken dhumateng ngarsanipun Ibu Dra. Niken Larasati  pinangka pangarsa panitya Lustrum 12 SMP Tunas Muda
Sagung tamu minulya. Tumpeng tumrapipun tiyang Jawi nggadhahi pralambang saha tuntunan gesang Tumpeng saged dipunjarwani: Tumapaking penguripan, tumindak lempeng. Tegesipun tumpeng mujudaken panggantha utawi panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, supados tiyang ingkang munjukaken donga saha panggantha punika kalis ing sambekala, saha pikantuk kanugrahan, sarta lumebering sihing Pangeran.
            Para leluhur  sampun paring wasitatama  bilih: “Lantiping panggrahita, landhepe panyakrabawa, gumantung ana titining ati sumaruna bangkit nyaring sarining sasmita” Gesang punika kebak sasmita sarta pralambang ingkang semu. Manungsa kedah  sadhar. Kalamun kirang ing waspada saged dhawah wonten ing barang semu punika.
Sagung tamu minulya .Ndungkap adicara kaping sekawan : Tausyiah Syukur dening Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri
Dhumateng ngarsanipun Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri wekdal saha sasana wara kula aturaken. Sumangga.
…………………………………………………………………………………………………..
Pangandikan ingkang mijil saking lesanipun ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri ingkang sampun putus ing kawruh  ngelmu agami, dhasar wasis ngrumpaka endahing basa, saestu saged dados pandam pandom pandulunipun Sagung tamu undhangan mliginipun  ingkang tansah nggegulang gesang kautamen. Mugi-mugi punapa ingkang sampun dipunaturaken tansah dipunbundheli ing salebetipun ati sanubari miwah dipuntindakaken brayat ageng SMP Tunas Muda  .
Dhumateng ngarsanipun Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri. kaaturaken sewu agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Bapak/ Ibu tamu undhangan ingkang satuhu kinurmatan.
Ngancik adicara kaping gangsal: Srah tinampi tokoh ringgit Semar saking Kepala SMP Tunas Muda  dhumateng ngarsanipun Ki Dhalang Edhi Suwondo. Dhumateng ngarsanipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd. dalah Ki Dhalang  Edhi Suwondo wekdal saha pandaya wara kula aturaken. Sumangga!
………………………………………………………………………………………………
Ingkang salajengipun Bapak Kepala SMP Tunas Muda  kepareng hamasrahaken paraga/tokoh ringgit Semar dhumateng Ki Dhalang Edhi Suwondo.
Bapak/ Ibu sagung tamu undhangan ingkang minulya kanthi paraga Semar ingkang sampun kaasta dening Ki Dhalang Edhi Suwondo ateges pagelaran ringgit purwa sadalu natas kanthi Lampahan “Rama Nitis – Semar Boyong” tumuli kawiwitan.
Sagung tamu minulya kanthi punika reroncening  Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMP Tunas Muda  ndungkap paripurna
            Dhumateng sedaya pehak ingkang sampun paring panyengkuyung murih gancar miwah regenging pahargyan Lustrum kaping  12 SMP Tunas Muda  panitya ngaturaken sewu agunging panuwun ingkang tanpa upami.
Wondene kula pribadhi ingkang ndherekaken lampahing adicara ing dalu punika bok bilih kirang runtut tumapaking adicara, kirang edi miwah kirang leres rumpakaning basa, kirang mapan ing reh subasita, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Tebah siti sekul binuntel roning kalapa. Apuranta menawi wonten lepat kawula.
Sumangga adicara ing dalu punika kapungkasan kanthi ndedonga jumbuh kaliyan agami wiwah kapitadosanipun sowang-sowang. Dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kula dherekaken maos Tahmid sesarengan. Sumangga ………………. Matur Nuwun.
Wekdal salajengipun kula aturaken dhumateng Ki Dhalang Edhi Suwondo sakanca. Sugeng wungon- sugeng hamriksani pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi Lampahan “ Rama Nitis – Semar Boyong” ingkang katindakaken dening Ki Dhalang Edhi Suwondo saking Pajangan, Sleman, miwah dipunregengaken Bintang Tamu: Ibu Yuningsih utawi Mbok Dhe Beruk .
            Wasana kanthi asesanti Jaya-jaya wijayanti SMP Tunas Muda  tansah jaya. Dirgahayu SMP Tunas Muda  Nuwun- nuwun – Matur Nuwun.
                                                                                    Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 komentar: