Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Minggu, 26 Januari 2014


                           Ayo Gotong Royong

Kembang-kembang terong
Mbang terong megare sore
Ayo gotong royong
Gotong royong nyambut gawe

Kembang-kembang lembong
Mbang lembong dironce-roce
Ayo gotong royong
Guyup rukun kabeh wargane
……………………………                           
Wus dadi kodrate
Manungsa mono tan  bisa urip dhewe
Saka lahir prapteng patine
Tansah gumantung sapepadhane

Mula,  urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Kudu lila legawa
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Iku semboyane
Mempeng makarya kiwakna pepulih
Murih salwiring gati
Titi tamat telas lulus basuki

Kabeh pakaryan  linakwan
Kanthi seneng ulat padhang tan nggresula
Urun bau suku, penggalihan, apadene  redana
Kanthi dhasar karukunan
Mahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja
(Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011

 
                                                 Sengkut Gumregut

Langit wetan sumamburat abang
Trontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagad
Embun esuk lir mutyara rinonce
Angawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langit
Kapyarsi dara muluk angaluk-aluk
Celuk-celuk warga desa Punthuk
Murih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithi
Lumampah datan  ana pedhote
Pacul, arit, dhandhang, linggis
Wus samekta ing asta
Gya makarya saiyeg saekapraya
Sengkut gumregut  tumandang kardi
Nambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen  tekad waja
Linambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,
Holobis kuntul baris
Pakaryan abot lan nglengkara
Dadya nyata
Setu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh

(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)
   


AYO MBIYANTU NEGARA

Bu, kae njaba ana tamu
Golek aluminium saduwene
Jare arep kanggo ambiyantu
Butuhe Negara kene

Iya le, iki panci  karo gelas
Kae cidhuk, centhong, karo rantang
Aturna kabeh cacah sewelas
Kanggo mbyantu gawe barang

Bu, kok akeh temen iki ta?
Eman-eman wong isih apik
Mengko bapak ndangu rak ya duka?
Tukune barang ra sethithik

Ora le, ora larang, ora, gampang
Dakkandhani kowe, kene ya le
Negara butuh kanggo barang
Piranti perang sakwernane

Bu, yen ngono iya perlu
Lha ya kae kabeh dolananku
Bakal dakaturake, rila, Bu!
Karo maneh wis ra perlu

Iya le, becik kuwi, sakarepmu
Rewanga kangelan sabisamu
Yen perlu ro tenagamu
Kanggo labuh negaramu
                                                                                       (Kejawen, 21 Maret 1936)


Gumregah

: Dening Tiyasti

Tekamu tanpa rupa
Tanpa wacana
Nanging mung kanthi swara
Kekuwatanmu tan kena kinira
Gawe manungsa tan bisa suwala

Lindhu gedhe duk rikala samana
Gawe atising nala
Ora cilik ora gedhe, ora tuwa
Ketiban rubuhe griya
Sing dinulu mung raga tanpa nyawa

Tangis lan sambat tanpa guna
Awit kabeh wis sunyata
Dadi kersane Kang Maha Kuwasa

Para sedulur ing Bantul kang sutresna
Ayo padha cancut taliwanda
Gumregah mbangun desa saiyeg saeka praya

Percaya yen petenging jagad iku
Mesthi ginanti padhang jingglang
Kang agawe tentreming manungsa
(DL. No. 28, 9 Desember 2006)
 

                                                    KERUKUNAN 
                                              Dening : Dunardi KS


Kerukunan iku kaya unine siter
Senajan saka senar kang beda-beda
Nuwuhake endahe wirama
Yen kabeh yaga kudu nyuwara
Tanpa genti-genten menehi kalodhangan liyan
Ora bakal nuwuhake lagu
Kang kepenak dirungu

Kerukunan iku kaya kartika ing akasa
Nduweni papan kang mardika
Kerukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Ngayahi jejibahan kang ora padha
Kerukunan iku kaya driji-driji tangan lima
Yen salah sawiji sulaya
Ora bakal nduweni daya

Kerukunan iku kaya hawa
Kang tansah mlebu metu bolongan grana
Tanpa ngawistara
                                       

0 komentar: