Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 25 Januari 2014


WICARA PRANATACARA  BOYONG MANTEN (SEPEKENAN MANTEN)

Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah SWT mugi tansah kajiwa kasarira sagung tamu minulya
Para sesepuh, para pinisepuh, para pepundhen ingkang satuhu luhuring budi
Para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagri pinangka pandam pandoming kawula dasih
Sagung tamu minulya mliginipun baraya ageng kadang besan ingkang satuhu kinurmatan
Kadang wredha miwah taruna ingkang dhahat trinesnan
Inggih awit mundhi dhawuh igkang hamengku gati nun inggih Bapak/Ibu ……….. kula kapitados ndherekaken lampahing adicara prasaja ing ri kalenggahan punika.
Wondene wigatosing sedya ing dinten menika Panjenenganipun Bapak/Ibu …………………….hamboyong putra pinanganten sarimbit nun inggih ……………………. Kaliyan ………………..putra-putrinipun Bapak/Ibu ……………Saking laladan  …………inggih awit saking donga pangestunipun sagung tamu minulya  ing dinten ingkang sampun kawuri kekalihipun  sampun kawiwaha dhaup sah manut angering agami miwah negari, ndungkap dinten menika kaleres sepekenipun risang temanten sarimbit.
Sagung tamu minulya salajengipun keparenga kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening sagung sadaya kulawarga, Inggih menika :
1. Pambuka
2. Atur pambagya harja
3. Atur pangandikan saking kadang besan
4. Atur panampi
5. Jawat Asta (kembul bojana andrawina)
6. Panutup
Sagung tamu minulya minangka pambukaning pahargyan  ing wekdal punika sumangga kula lan panjenengan sami tumungkul ngonjukaken pandonga  wonten sahandhap pepadaning Gusti ingkang hakarya  Loka mugi salwiring gati purwa, madya, wasana tansah kalis ing rubeda , rahayu ingkang tansah tinemu kanthi ndengonga manut satataning panembah sowang-sowang. Dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kula dherekaken maos Basmalah, wondene ingkang hangrasuk agami sanes mugi kajumbuhna kaliyan gegebengan panjenengan. Sumangga kula dherekaken
=========================================================
Sagunging para sepuh, pinisepuh, miwah sagung tamu undhangan ingkang  satuhu dhahat kinormatan, ngancik titi laksana saklajengipun inggih menika atur pambagya raharja yuwana saking panjenenganipun ingkang hamenggu Gati Bapa …………………sekaliyan. Namung, labet saking bombong berawaning penggalih awit nguningani rawuhipun sagung tamu minulya, Bapa …………………sekaliyan ngantos boten kuwawa nyalirani matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sami, saengga kepeksa minta sraya dhumateng Bapa ………………………pinangka talanging basa  ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapa ………………… Wekdal saha sasana wicara kaaturaken …………
==========================================================
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Bapak …………………. Ingkang sampun kepareng hamakili kulawarga Bapak ……………………….ngaturaken pambagya rawuhipun sagung tamu minulya.

Bapak ibu, sagung tamu minulya, adicara ingkang angka tiga Inggih punika pangandikan saking kulawarga kadang besan, ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun Bapak………………………. Dhumateng panjenenganipun Bapak ……………… wekdal saha pandaya wara kaaturaken. .....................
=========================================================
Makaten pangandikan saking duta saraya kadang besan aturipun Bapak ………………………… gya tinampi  Bapa ……………………….. pinangka wakilipun Bapak ………………………. Ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapak …………………………. Wekdal saha sasanawara kaaturaken sumangga.
=========================================================
Matur nuwun kaaturaken dhumateng ngarsanipun Bapak ………………… ingkang sampun hamakili Bapak ……………………. Hanampi pangandikan saking kadang besan.
=========================================================
Sagunging para tamu kakung miwah putri ingkang dhahat kinormatan, sampun lenggah jajar sri pinanganten sarimbit esthining penggalih namung setunggal nyuwun tambahing  donga pangestu dhumateng ngarsanipun para pinisepuh, para pepundhen, sumarambah sagung tamu minulya mugi-mugi anggenipun napak bebrayan enggal sageda atut runtut rerentengan pindha mimi amintuna dadosa kulawarga ingkang sakinah mawadah warahmah, miwah enggala pinaringan talining palakrama ingkang awujud pratima ingkang bangki tata jalma nenggih putra-putri  ingkang sholeh-sholehah
Pinangka cihna paring panjurung donga miwah pangayubagya  dhumateng risang temanten sarimbit  miwah tiyang sepuhipun, sagung tamu minulya  kalilan paring jawat asta .
Sasampunipun para tamu paring donga pangestu wilujeng dhumateng  risang temanten sarimbit, awit kersanipun Bapak saha Ibu …………………… panjenengan kasuwun dhahar kembul bojana handrawina kanthi mardikaning penggalih.
===========================================================
Para tamu ingkang dhahat kinormatan , sasampunipun kapenggalih cekap saha badhe ngersakaken kondur, Bapak saha Ibu …………………. Ndherekaken sugeng kondur, mugi-mugi tansah jinangkung karaharjan ngantos dumugi ndalem sowang-sowang . Sepisan malih Bapak saha Ibu ………………… ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, awit rawuh panjenengan sedaya.
===========================================================
Sagunging para pepundhen, para sepuh, pinisepuh ingkang minulya. Purwa, madya dumugi wasana pawiwahan sampun ndungkap paripurna. Awit saking menika, Bapak saha Ibu …………………………………….ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya para kadang ingkang sampun kersa paring panjurung panyengkuyung murih rancaging adicara ing siyang menika. Mbok bilih Bapak saha Ibu ……………………………. Kirang tanggap, tangguh, gupuh, aruh miwah suguh anggenipun nampi rawuh sagung tamu minulya kersaa  panjenengan ngluberaken samodra pangaksami. Semanten ugi kula ingkang kadhawuhan hanglantaraken titi laksana, tartamtu kathah cewedipun kepara kirang mranani penggalih kula namung saged matur; “Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula. Pungkasaning atur : Hayu-hayu Rahayu Niskala 
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

0 komentar: