Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Jumat, 31 Januari 2014


ASAL – USUL BANTUL


Nalika  ing Mataram kang jumeneng nata Sinuwun Panembahan Senapati, Bantul wis ana kang ngasta bawat. Laire jeneng Bantul ana gandheng cenenge karo lelakone Ki Ageng Mangir nalika arep sowan marak marang marasepuhe ora liya Panembahan Senapati.

Manut crita babad, Ki Ageng Mangir kang nyekel paprentahan ing tanah perdikan Mangir, ora kersa seba menyang Mataram. Ora ngakoni panguwasane Panembahan Senapati ing Mataram. Mesthi wae gawe judhege Panembahan Senapati. Yen digebag perang, mesakake kawula cilik kang ora ngerti kenthang kimpule dadi kurban. Patrape Ki Ageng Mangir kang kaya mangkono mau jalaran panjenengane kagungan sipat kandel awujud Tumbak Baru Klinthing kang ngedab-edabi.

Panembahan Senapati kagungan pamomong Ki Juru Mertani lan pepatih dalem Ki Mandaraka. Kekarone kondhang sugih akal, sugih rekadaya. Yen Ki Ageng Mangir diadhepi kanthi nggecak perang, ngerigake prajurit Mataram sagelar sepapan bisa ora becik kedadeane. Yen dienengke wae ora gelem mara seba uga ora becik tumrap kawibawan jejeg adege paprentahan Mataram kang nembe wae madeg.

Ki Mandaraka duwe akal, supaya Panembahan Senapati nggunakake cara alus. Putri Pembayun katimbalan, kaparingan jejibahan abot nelukake Mangir. Ki Mandaraka ngendikani akeh-akeh kepriye mengko anggone ngadhepi Ki Ageng Mangir. Sawise cetha kabeh pangandikane Ki Mandaraka, Putri Pembayun nyendikani dhawuh.

Mbarang

Putri Pembayun bebarengan karo sawetara abdi banjur budhal menyang tlatah Mangir. Nanging kabeh namur laku dadi tukang mbarang ledhek. Ider njajah desa milang kori. Wong-wong Mangir padha kesengsem marang jogede Putri Pembayun kang pancen kenes, luwes lan nggemesake kawimbuhan kasulistyane Putri Pembayun, kang pancene putri nata ing Mataram, mula akeh kang padha nanggap.

Gancaring crita kawentare ledhek barangan mau nganti kepireng Ki Ageng Mangir. Ki Ageng Mangir nuli utusan nimbali ledhek barangan mau angkahe ditanggap kanggo sukuran merti desa. Bareng ledhek wis ana ngarepe Ki Ageng Mangir, panguwasa perdikan Mangir iki sakala gonjing atine, miring sedyane kesengsem  kamitenggengen nguningani kasulistyane si ledhek barangan . Apa maneh bareng priksa jogede kang luwes asring mbalang liring Ki Ageng Mangir, saya mimbuhi panguwasa bumi perdikan Mangir iki gandrung-gandrung kapirangu.  Sakala tuwuh pikire Ki Ageng Mangir mundhut garwa si ledhek barangan . Putri Pembayun ya si ledhek barangan mung ndherek kersane Ki Ageng Mangir. Klakon Putri Pembayun dadi garwane Ki Ageng Mangir. Ki Ageng Mangir babar pisan ora ngira lan ora priksa yen garwane kuwi satemene putri putraning mungsuh sing tekane menyang Mangir mengku karep nelukake Mangir tanpa perang.

Blaka

Sawise sawetara suwe dadi garwane Ki Ageng Mangir, Putri Pembayun mbobot. Bebarengan karo kuwi ana prajurit sandi saka Mataram kang ndheseg supaya Putri Pembayun enggal tumandang.

Sawise ditimbang-timbang, wusanane Putri Pembayun blaka yen dheweke kuwi satemene putra-putrine Panembahan Senapati. Nalika krungu, sakala Ki Ageng Mangir duka. Putri Pembayun dijempalani, Putri Pembayun babar pisan ora suwala paribasane ditigasa jangga sumangga kersa ing astane Ki Ageng Mangir. Nyumurupi Putri pembayun kang mung pasrah kawimbuhan nyawang sulistyane sang putri , Ki Ageng Mangir lilih dukane . Malah ing liya wektu kanthi pawadan panjaluke si jabang bayi sing ana ing kandhutan, Ki Ageng Mangir diajak sowan seba ing Mataram. Wiwitane Ki Ageng Mangir ora kersa , awit petungane yen sowan mungsuh ora wurung ana ing Mataram dipateni, cilice dilorobake ana pakunjaran. Putri Pembayun matur  yen bakal nanggung kawilujengane Ki Ageng Mangir. Lan saking pintere ngrimuk, wusanane Ki Ageng Mangir kersa sowan  ing Mataram.

Bantul

Senajan arep sowan marang marasepuh, nanging amarga kabeh durung cetha Ki Ageng Mangir tetep nganthi prajurit Mangir sagelar sepapan. Kanggo ngawekani yen ana gawe parigawe ing Mataram.

Margaatine Ki Ageng Mangir ora pati jenjem, olehe nata barisan mung waton wae. Barisan mlaku tanpa nyawang larase wong baris. Nanging bareng tekan sawijining papan, nalika Ki Ageng Mangir mriksani barisane, disawang kaya kurang becik.

Wong-wong kang padha baris kuwi, sing cendhek lan sing dhuwur campur dadi siji. Mula yen mlaku barisan kuwi dadi katone MENDAT – MENTUL . Barisan diendheg banjur ditata, sing dhuwur dadi siji karo sing dhuwur, sing cendhek dadi siji karo sing cendhek, kaya lumrahe wong pacak baris.

Kanggo pepenget, yen ana rejane jaman papan kene ndak jenengi BANTUL njupuk saka tembung panataning baris kang MENDAT – MENTUL, ngono sabdane Ki Ageng Mangir.

Barisan banjur nerusake laku tumuju Mataram. Crita sabanjure wis padha kawuningan, yen wusanane tekan Mataram, sirahe Ki Ageng Mangir dening Panembahan Senapati kejeblesake ing sela gilang papan siniwakane Panembahan senapati. Mangkono kuwi asale tembung Bantul manut Babad Mangir. Bab bener lan orane kasumanggakake.

(Sumber : Majalah Basa Jawa Mekar Sari, 25 Juli 1995)

0 komentar: