Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Rabu, 29 Januari 2014


BISAA MBERKAHI

Dening : R. Bambang Nursinggih


Ora entheng anglampahi hardaning sasi pasa

Lamun linambaran iman kang mapan

Kajurung uga niyat kang eklas

Memundhi dhawuhe Pangeran minangka umat Islam

Kadereng tekad godha  sekalir sumingkir

Sumingkir pasa buntas sesasi natas

Sakabahing laku jantraning paneges

Lawan rama-ibu, kadang sepuh taruna

Jiwa suci king dosa ing dina riaya

Bali suci kaya bayi kang katemben lair

Kanthi ngregem nugrahaning Gusti

Ngajab dina-dina kang bakal dipecaki

Kaijabahi bisaa mberkahi

Nganti tumekaning lena



NYADHONG SIHING GUSTI

Dening : Maharani W


Binarung tumiyuping angin

Kang midid wanci ratri

Kala purnaning wulan siyam

Sakehing titah manjing dalem Gusti

Ngebaki masjid lan mushola

Geter ing pangucap tembus ing balung sungsum

Ngagungake asma kang Maha suci

Nyadhong sih lan nugrahaning Kang Maha Agung

Amung Pangeran kang sugih pangaksama

Ngluberake aksamane marang kabeh umate

Kang ginubel ing lebu ireng

Kekemul pedhut kang peteng

Sewengi natas ngumandhangake takbir

Tahlil lan tahmid sambung sinambung

Ngumandhang ing akasa

Bebarengan mega putih ndhodhog korining suwarga



OBOR WENGI

Dening : K. Ningrum


Oncor wengi iki madhangi desa

Arak-arakan bocah-bocah rame baris

Sinambi ngumandhangake takbir

Takbiratul ikram dadi oboring ati

Mapag dina kabegjan lan kamulyan

Sawise sesasi nglakoni pasa

Mahanani resik lair lawan batine

Mapag tekane riyaya dina sesuk

Dene wong-wong dhiwasa aja ngungasake dhiri

Aja kesusu ngaku dadi dutaning Gusti

Yen lali dalan panembahe marang Allah

Ora weruh adat wewarahe moyang kang luhur

Ora weruh sejatining nur, pralambange janur

Diisi beras putih, dadi wosing ati kang suci

Kupat dimaknani ngaku lepat

Sing dhuwur dhewe panguwasane mung Allah

Dina iki drajate padha

Kabeh wong padha anglebur dosa

Sungkem marang bapa biyung sedulur lan kadang mitra

Mugi lebar-lebur-luber-labur ing riyaya iki




FITROH

Dening : Mama Dhita


Pengin dakbukak lembaran urip anyar

Dakkubur salah lan dosa kepungkur

Kabeh bali kayadene bayi abang kang isih resik

Putih tanpa luput

Ing riyaya kang kebak suka rena

Padha ngapura ingapura marang ibu,

Bapak, kangmas, mbakyu, adhi lan kadang,

Para mitra tuwa enom ora ana kang kalimput

Saiki wis bali fitroh

Jaganen ati kang suci

Aja digawe reged lan jember

Jejegna iman taqwamu

Ing dina Idul Fitri iki

Ayo ngresiki ati

Supaya bali suci

Antuk rahmating Gusti.




ONCOR-ONCOR TAKBIR

Dening : R. Widiyati


Isih katon barisan bocah-bocah nggawa obor

Ing pojok desa kang sarwa tintrim

Suwara kumandhange takbir

Lamat-lamat tumuli sora binarung tumiyuping angin wengi

Ngagungake asmane Gusti Kang Maha Kuwasa

Gedhene panguwasane pangeran kang tanpa pepindhan

Nandhakake manungsa kang tanpa daya


Ana sing isih dadi pikiran

Apa Ku-pat lan lonthong opor, wis bisa dadi sulihe sing padha ngaku lepat?

Ujaring kandha, kupat mono dadi lambang filosofine bangsa

Banjur kepriye kupat mungguhing para koruptor kae?

Apa mung dadi pepaes ing meja dhahar?

Memanising lisan pepantese wong salaman

Sajake, tembung pangapura saiki mung dadi sandiwara donya


Ayo sedulur, padha luru obor kang sejati

Nadyan adoh ing pucuking cakrawala

Nganglang bawana ngiteri samodra.



MAHARGYA IDUL FITRI

Dening : Tatiek Poerwa


Sawise sesasi nindakake pasa wajib

Ngedohi larangan-Ne

Nyaket mring Gusti

Dina kemenangan teka saiki

Umat Islam mahargya Idul Fitri

Ngraketke tali silaturahmi

Uga nyuwun diapurani

Marang bapa biyung kang dikurmati

Mbakyu adhi kang ditresnani

Para sedulur kang dikasihi

Kabeh bali ana ing ati kang suci

Nglenggana ing dina fitri iki

Muga Gusti paring pangaksami

Sedaya lepat titah puniki ….



BAITA ING TAPEL WATES

Dening : Maharani


Sawise ombak gedhe nyempyok dharatan

Akeh kang katut kabuncang ing alun

Prau cilik-cilik kerem tanpa sisa

Baitane sang raja sigar semangka

Nanging ana baita liyane sing mlaku kanthi langsam

Alon sajak ora ana wedi kurdhaning gelombang tsunami

Sing bisa ngusung warta becik

Mung wong sing atine resik

Sangalikur utawa telung puluh dina

Nindakake pasa pindhane enthung

Nuli dina-dina candhake wis malih kupu

Pamer wulu mabur ngiteri jagad

Manungsa padha gentur anggone tapa, golek sembulih

Mbukak korining swarga kanthi dalan anebus dosa

Ngakehake ngamal, dedana marang sapepadhahe titah

Kanggo sangu mring alam kalanggengan



Coba sawangen kae!

Baitane sapa kang wis tekan tapel wates?

Bok manawa nahkodhane wis ngliwati samodra kang fitroh

Wis ilang mangsi irenge dosa

Sawise mecaki dina riyaya padha nglebur dosa

Njaluk pangapura.



SUNGKEM

Dening : Tatiek Poerwa Kalingga


Trenyuhing ati thukul sanalika

Bareng rampung sholat Idul Fitri

Wektu sungkem ibu lan bapa

Tetesing waspa ora bisa dialangi

Ana sukune ibu aku nglenggana

Kabeh luput lan dosa iki

Muga kersa paring pangapura

Paring donga supaya bisa urip mukti

Ibu … Bapa….

Tinampia atur sungkem puniki

Kang tulus saka jroning kalbu

Saka bayi tekan iki wanci

Ora bakal bisa nimbangi

Sih katresnan, pangorbanan

Kanggo putra-putramu ….


KUMANDHANGE TAKBIR

Dening : Maharani


Sawengi keprungu kumandhange takbir

Terus sesautan datan kendhat

Njalari titah iki rumangsa cilik tanpa teges

Pupusing gegodhongan megar lon-lonan

Wanci ratri

Mekare alus nurut midite angine

Mapag tekane esuk dina riyaya

Idul Fitri ari kang suci

Lisan kang kajurung ing batin

Nyuwun pangaksama mring Gusti

Datan keri bapa-biyung

Sungkem mring pepadane

Njawat asta marang sesamine

Dina kang fitrah tansah den antu

Mbuseg sakehing dosa

Lupute mangungsa

Kadya ampak-ampak mega ireng

Kasaput bun kang tiba wayah esuk.



SASI KRAMAT KEBAK RAHMAT

Dening : R. Bambang Nur Singgih


Ramadan sasi kramat, kebak rahmat

Tansah kaantu-antu umat sajagat

Kang tuhu setya ngrasuk agama Islam


Ing wulan Ramadan umat kang kenceng bundhelaning iman

Nindakake siyam salah sawijine rukun Islam kanthi ekhlas

Saperlu ngajap tumurune kanugrahan lan kabegjan kang bobot trajune ngluwihi nglakoni kabecikan sajroning sewu wulan


Siyam kacihna ora amung ngampah dhahar

Lawan sahwat ing wanci siyang

Nanging uga tansah meper tumindak nyimpang

Saking tatananing sarak tumuju lawang tobat

Sok sapaa kasil nyegah sakabehing maksiyat

Kinanthen caos dana driyah kang murwat

Berkah bakal kaalap minangka kekucah


Kanthi uwaling godha rencanane setan bekasakan

Ing dina riyaya Sawal umat kang iman antuk kamenangan

Dosa amblas tanpa tilas, jiwa bali suci murni pindha bajang

Kang katemben lair saka guwa garbane biyung.


DINA BAKDA

Dening : Suhindriya


Dina bakda taun iki

Dina dak etung mawa sanggan ati

Srengenge gumlewang durung katon kuncarane

Kesasab mendhung, kapan kepiyake?


Akh…sumitra

Kapan kanyatan dadi bukti

Milang tatu tanpa leren

Bali dieting tetep gothang?


Metu dudu mung sesinglon karep

Sumimpen dhadha tanpa menjila

Ing sadhengah jangkah, sadhengah tutur

Urip ora bisa disulih mawa basa

Sinambrama tembang manis

Ing telenge batin buthek


Dina bakda sinamun crita

Baline prastawa ngudang kangen

Gendhongan abot krasa ing geger

Bali entheng lumarabe jangkah.

0 komentar: