Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Minggu, 26 Januari 2014


GEGURITAN

Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita , tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggan Gita, tegese tembang utawa syair.  Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujuding dhapukane (Subalidinata, 1994 : 45) Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangrakiting tembung, werna-werna araning geguritan, kaya ing ngisor iki:
Syair rong gatra sapada = gita dwigatra
Syair telung gatra sapada = gita trigatra
Syair patang gatra sapada = gita catur gatra
Syair limang gatra sapada = gita panca gatra
Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra
Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra
Syair sangang gatra sapada = gita nawa gatra
Syair dhapur sonata
Syair bebas

Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modern.

a.       Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) iku darbe paugeran mangkene:
·         Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
·         Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
·         Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair ing  Kasusastram Indinesia.
·         Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
·         Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tatakrama
Tuladha Geguritan Gagrag Lawas

Sun Gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa

b.      Geguritan gagrag anyar
Dene geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia , mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”. Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra.Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan:
a.       Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
b.      Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
c.       Sajak pungkasan mardika/bebas
d.      Isine mentes.
e.       Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .
Babagan kang abot saka geguritan, yakuwi: tema, pamilihe tembung utawa diksi, sarana retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca. Tema yaiku idhe baku utawa pikiran baku kang dadi dhasare geguritan iku. Diksi iku dudu mung pamilihe tembung kang dianggo ing geguritan iku, nanging uga perkara frasaologi lan gaya bahasa. Frasaologi nyakup perkara tembung-tembung ana ing tatanane. Dene gaya bahasa iku bagean saka diksi kang duwe nilai artistik. Gaya bahasa iku perkara kepriye nulis lan nggunakake tembung-tembung kanthi endah lan merkaraake cocok orane tembung, frasa, lan klausa kanggo nggambarake kaanan tartamtu. Dene sarana retorika yaiku alat kanggo ngungkapake kanga arep diandharake ana ing geguritan iku..
Geguritan akeh kang ngemot surasa luhur, kanthi mangkono bisa diarani sastra adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab iki bisa nduweni fungsi dulce (kaendahan) lan fungsi utile (kagunan/paedah). Salah sawijining wohing kasusastran kasebut endah lan becik yen fungsi kekarone mau bisa nyawiji, yaiku endah yen diwaca lan migunani tumrap budi pekertining wong kang maca utawa ngrungokake.


5 komentar:

Isnen Widiyanti, S.Pd mengatakan...

Matur Nuwun...

Unknown mengatakan...

Gomawo

Unknown mengatakan...

Y

Unknown mengatakan...

Ok.

salmur mengatakan...

lengkap dan sangat membantu, terima kasih