Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Senin, 27 Januari 2014


1.   Abange kaya godhong katirah.
2.   Putih memplak kaya kapuk diwusoni.
3.   Kuning pindha mas sinangling.
4.   Kaya jambe sinigar.
5.   Kaya janget kinatelon.
6.   Kaya jangkrik mambu kili.
7.   Kaya banteng ketaton.
8.   Kaya  sikaatan  nyamber  walang . 
9.   Jogede kaya merak kesimpir.
10. Kaya mimi lan mintuna.
11. Mbranyake kaya Samba.
12. Ruruhe kaya Sumbadra.
13. Swarane  kaya  mbelah-mbelahna  bumi. 
14. Tepunge kaya banyu karo lenga.
15. Cethile kaya Cina craki.
16. Cahyane ngalentrih kaya rembulan karainan.
17. Panase kaya mecah-mecahna gundhul.
18. Sumbare  kaya  bisa  mutung  wesi  gligen. 
19. Parine lagi gumadhung
20. Parine nedheng gumadhing.
21. Brengose Hitler nglaler mencok.
22. Lambehane mblarak sempal.
23. Tutus kacang.
24. Dedege wong iku ngringin sungsang.
25. Polahe ngaru-napung.
26. Jarike si Kenes suwek nyangkem-kodok.
27. Tukua salak sing medhi.
28. Dhadha-manuk.
29. Pipane menyu.
30. Sirahe nggandhen.
31. Brengose  Ar ya  Dursasana  ula-nglangi 
32. Bareng oleh aweh pamrayoga ora dianggo, si Suta banjur mungkur gangsir
33.  Sarehne  ora  duwe  dhuwit,  sanajan  adoh,  kepeksa  mlaku
ngodhok bae.
34. Keris ing jaman Majapait saprana, lumrahe tanpa kembang- kacang lan lambe-gajah
35. Aku luwih seneng nganggo wrangka gayaman.
36. Gawe nam-naman menyan-kobar iku apa angel, ta?
37. Dewi Anjani tapa nyanthuka ana ing dhampenge tlaga Madirda.
38. Omahe Sudyana awangun klabang-nyander
39. Kandhange motor mung awangun gedhang-salirang
40. Para Pandhawa, kajaba Puntadewa, padha agelung minangkara.
‘41. Puntadewa, pambareping Pandhawa, agelung keling (kekeling)
42. Ali-ali gunung-sapikul iku ali-ali sing amripat telu, warnaning mripate tetelu iku beda-beda.
43. Omahe pak Naya sing mentas dibangun iki glathik-mungup. Apayon seng (putih) ing sisih ngarep apayon kang warnane abang (gendheng).
44. Ing jaman biyen, akeh wong lanang kang padha gelungan kadhal menek
45. Wanguning gendhewa iku lumrahe ngadhal-meteng
46. Panase sumelet. ‘Panas seperti jatuhnya sabetan atau lecutan pecut’.

Pepindhan  Ing Tembang

Sinom
(Abimanyu-kerem ‘Abimanyu-tenggelam’, M. Soekir)
 Busananya Sri Narendra,
 topong mas pinatik-patik,
 ajamang mas sungsun tiga
 gruda-mungkur mangka kancing ,
 utah-utah rinukmi sumping,
 surengpati mungguh,
 samya pinatik retna,
 dawala ngiras tetali,
 prabangkara salimpet rajawredi  bang.

Asangsangan kebo-menggah ,
ur-ulur nagarajadi,
klat-bau naga-ngangrangan,
bebinggel nagendra resmi,                                                                
pangingset cinde sari,
pending pinatik retna byur,                                      
calana cinde sekar,
kampuh prang-kusumadi ,
uncal-wastra uncal ken- cana badhong mas.
                                                                                                        Gambar : www.plengdut.com




BUDHALAN WADYABALA PANDHAWA
Wus tetela lamun Kurawa tan kena ginawe becik, puguh ngukuhi negara Astina lan Indraprastha, pratandha Bharatayuda tan kena den wurungake. Mangkana ta Pandhawa sigra apacak baris amepak wadyabala samekta ing yuda nedya ngrabaseng Kurawa ing Kurusetra mbelani bebener, bidhal saking alun-alun Wiratha. 


Enjang budhal gumuruh saking nagri wiratha sagunging bala kuswa! Abra busananira, lir surya wedalira saking jalanidhi, arsa madhangi jagad. Duk mungup-mungup aneng sapucaking wukir, marbabak bang sumirat, keneng soroting surya mega lan gunung-gunung. 

Lah ing kana tawau, untaping wadyabala Pandhawa saking Wiratha aselur –elur tan ana pedhote, tinon saking mandrawa pindha sela blekithi. Sela- watu, blekithi – semut. Lamun sinawang kadya semut lumampah ing watu. Kumelaping kakandha miwah kumlebeting dwaja apadene umbul-umbul kadi werdhu angga sasra. Werdhu – lintah, angga – banyu, sasra – sewu. Kadya lintah sewu kumelap ing banyu.Bengingehing kuda, pangempreting dwipangga, pangeriking kuda, swaraning janma, miwah kropyaking watang gathik binarung lan swaraning tambur gong beri mawurahan pindha warsa kinteki. Warsa – udan, kinteki – wana pejaten. Kadi talethoking udan ing alas pejaten. Nyrangaping langkap, bedhil , tumbak landheyan pindha jati ngarang. 

Lampahing wadyabala sajuru-juru datan kena wor suh. Kang busana putih kumpul padha seta, tinon saking mandrawa pindha kontul neba. Kang busana abang kumpul padha rekta, tinon saking mandrawa abra markatha pindha wukir kawlagar. Wukir – gunung, kawlagar- kobong, kadi gunung kobong. Kang busana ijo kumpul padha wilis, tinon saking mandrawa pindha tanem lagya gumadhung. Tanem – tandur, gumadhung – ijo royo-royo. Kang busana kuning kumpul padha pita, tinon saking mandrawa pindha podhang areraton. Podhang wus ngarani arani peksi, areraton – areroyoman. Kang busana ireng kumpul padha langking, tinon saking mandrawa pindha gagak areraton, kadya peksi gagak areroyoman.
 
Baleduging lampah peteng angampak-ampak angendanu pindha mendhung.
Mangkana ta lampahing wadyabala Pandhawa wus prapteng laladan Kurusetra kang minangka dadi ajanging prang mbrastha durangkara. Para wadyabala Pandhawa sigra makarya yasa pakuwon kinarya palereman.
Tegese Tembung :

Puguh           = ora gelem miturut panemune, kukuh

Ngrabaseng      = ngrusak
Bala kuswa      = wadyabala, tantra, wrahatbala
Surya          = srengenge, raditya, radite, rawi, bagaskara, bagaspati, diwangkara
Abra busananira = murub sandhangane pating galebyar
Jalanidhi       = segara, jaladri, samodra, gambiralaya
Wukir           = gunung, giri, arga, ardi, hancala, aldaka
Tinon           = katon
Mandrawa        = kadohan
Kakandha        = gendera, daludag, rontek
Dwaja           = gendera
Dwipangga       = gajah, hesthi, liman, matengga
Watang          = garan tumbak
Mawurahan       = rame, umyung
Janma           = uwong
Seta            = putih
Wilis           = ijo
Rekta           = abang
Pita            = kuning, jene, jenar
Langking        = ireng, cemeng
 

0 komentar: