Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Selasa, 04 Februari 2014

Lakon Rama Tambak, dening Sang maestro Ki Nartosabdo. Ing lakon Rama Tambak iki Mbah Narto pancen bisa  nuduhake sanggit dramatik kang ngedab-edabi , konflik kulawarga Ngalengka kang disuguhake kuwawa ngosak-asik rasa tumrap pandhemen sejati KNS. Pramila lumantar kaca maya iki, aku mung bisa ngaturake sugeng maos.......




Tan  Mundur Sakehing Pitutur



Dasamuka   :“Wueh …..ya bandhaku ya dewaku, jagad dewa bathara, Kumbokarno!”

Kumbakarno  :“Apa kakang prabu?”

Dasamuka    :

“Jroning siniwaka pun kakang tripandurat, nadyan saklimah ora kewiyos pangandikane labet anggung kengetan rusake kadhaton Ngalengka setahun kepungkur kang nalika semana kobar satemah kabur, amarga wohe nggonku kibir, nganti genine sumamburat ing antariksa, yen tak sawang kaya wujude kawah kang nedheng njeblug saka gunung. Kobare kadhaton Ngalengka duking uni dening kethek putih, bedhes Anoman , kongkonane Rama Regawa saka Gunung Maleawan . Kepengin nyoba, angon limpene pun kakang , diwiwti saka nggone njujug Taman Arga Soka , nganti kalakon sapatemon kalawan Si Wara Sinta . Marga saka iku pun kakang darbe pangira yen ta , kalakon kaya kang nedhenge sinandhang ora bakal mendha niscaya marajalela angombra-ombra . Tekane Anoman bedhes putih kang nalika semana dikongkon dening Rama Regawa tinanggenah angukur sepira jembare kadhaton Ngalengkadiraja kang sarta nyacahake pira akehe wadya lan gegamane apadene ngukur dedeg piadege pun kakang . Ya saka glagat kang mangkono wus tetela yen ta ketentremane Ngalengkadiraja ing mangsa kalungguhan iki diogreh-ogreh dening pakartine Rama Regawa kena tak upamakake nedhenge mapan ana sangarepe lawang kapunahan . Marga saka iku yayi, ora jeneng mokal yen ta jeneng ingsun apadene si adhi , menapa dene sampeyan paman Prahastha kudu nengenake kaprayitnan lair batin , ngibarate sedhiya payung sadurunge udan , nyawisake tasik sadurunge benjut . Kandelana bebeteng Ngalengka Diraja , saya jerokna jejagange Ngalengka Diraja , aja nganti kelebon trubusane satru thukulane mungsuh kang padha nindakake bebidho hangapi rowang , trenggiling hangapi mati yaiku pakartine para  bedhes wadya balane Rama. Rehne sira Kumbakarna satriya Ngalengka Diraja ora jeneng mokal yen ta ajeg jejege Ngalengka Diraja gumantung saka santosane si adhi sakadang kadeyan kalebu kabeh putra-putraningsun  Ngalengka Diraja . Dina iki dak jaluk lilane atimu aja nganti lena, nanging tetepana nggonmu prayitna lair batin . Aja nganti kadadean –kedaean ingkang anjalari gempaling kawiban ingsun negari Ngalengka Diraja….”

………….Anjrahing kang puspita rum………………..

Kumbokarno  : “Kakang Prabu, apa kepareng aku nanggapi pangandikane kakang prabu?”

Dasamuka    : “Mapan iku ingkang tak arep-arep” .
Kumbokarno  :
“Iya, kakang , yen ta aku kepareng nanggapi, mungguh rempu, satemah dadi rempon negara Ngalengka Diraja kalebu meh anggempal kawibawane kakang prabu mau , ora saka sapa-sapa , ananging tinemune anempuh bebasan ngundhuh wohing panggawe ngrasuk wohing pakarti”.
Dasamuka    :
“Yohhhhhhhh piyeeeee……Kowe tutur –tutur kaya brahmana  marang muride yaaaa….Hooooahhhhhh……Kumbokarnooo…………..kowe ngucap yen ta meh wae gempal kawibawane pun kakang labet,  pun kakang kok unekake nempuh bebasan ngundhuh wohing pakarti , ngrasuk wohing panandur, upamane perkara apa wong jarot heh…………!!!!!!?”
Kumbokarno   :
“Kumbakarno ora bakal mulang muruk marang kakang prabu, nanging ingkang bakal dak aturake , marang paduka kakang prabu ora liya amung wewangson apadene pangandikane para winasis kang kabeh mau dadi pepali kang sarta pepeling marang sapa wae kang nedheng –nedhenge lali kang sarta nedheng-nedhenge kepetengan budi . Kae ana tetembungan gajah ngidak rapah, palang mangan tandur, dene jebulane ucapan-ucapan kang mangkono samengko tinemu ana salira paduka kaka prabu….”
Dasamuka     : “Iyaaah……piye mara age sira ngucapa tak rungokke , sing cetha ucapmu hem……”.
Kumbokarno    :
“Bakal kaya ngapa gedhene dedosan yen ta kakang prabu wis kepareng coba-coba angrusak pagerayu, ngogak-ogak turus ijo kang sarta ngubak-ubak banyu bening . Dene aturku kang mabgkene nganggo ukur kamanungsan . Ing atase manungsa ukurane ya manungsa . Kira-kira upama kakang prabu nglakoni kaya Rama Regawa , nedhenge posah-pasihan lan bojone wekasan bojone cinidra dening priya liyane mono upama kaka Prabu kepriye?”
Dasamuka      : “Tak pateni wonge !!”
Kumbokarno    : “Upama wonge wani?”
Dasamuka      : “Tak jejuwing kuwandhane!!”
Kumbokarno    :
“Tegese kakang prabu wis trep kalawan  sajatining manungsa,  dadi manungsa iku yen digegarap kayadene si Rama anane ya mung serik,  runtik , wekasan dadi susah…….!!”
Dasamuka      : “Heeeeemmmmm!! Ning kosik, kowe ngerti pilah-pilahe drajad kamanungsan apa ora, ibliisss!!?”
Kumbokarno     : “Upamane kepriye?”
Dasamuka       : “Rama kuwi wong ngendi , hemmm?”
Kumbokarno     :
 “Iyaa….nadyan ing mangsa kalungguhan iki tansah lelana ana turut ngalas , nanging miturut gothek , Rama Regawa iku uga dudu wong cilik ongklak-angklik , dudu wong lola saudon telu saurupan , nanging maksih  trahing kusuma rembesing madu , atmajendra ing nagara Ayodya putrane Sri Dasarata tinemu pembayun, dadi tumrape drajad aku bisa ngarani lan kaka Prabu mau amung mor misah “
Dasamuka      : “Dasaratu kuwi ratu ngendi?”
Kumbokarno    : “Ayodya…”
Dasamuka  : “Ngalengka Diraja karo Ayodya kuwi negara kepriyeeee??!!”
Kumbokarno    : “Ayodya iku amung tiba sapra satuse “
Dasamuka      :
“Wong kang mung negarane cilik apa bakal ngungkuli wong kang negarane gedhe? Iku lagi kang mung sinawang ing tata gelar, durung kasektene mangsane , hemmm! Kowe duwe guobog ora, hemmm?!!”
Kumbokarno    :
“Iya….. Rasa kamanungsan iku satemene ora bisa diukur kahanan , rasa kamanungsan mau pangukure amung sarana rasa tepa salira “
Dasamuka      :
“Pun kakang kok anggep kurang  tepa selira kaya kang kok andharake , nrithik ucapmu,  kaya bethet sewu andum memangsan, kowe nggunakake tembung kang becik-becik, ngogak-ogak turus ijo, hemmmm……ngubak-ubak banyu bening, ngrusak pagerayu . Manungsa kang petunge tinemu  ganjil kaya kowe kuwi ora jeneng mokal yen ta selawasmu urip kesinungan guooblog kowe yaa!!! Dasarata kuwi manungsa apa dewa? “
Kumbokarno     : “Manungsa”
Dasamuka       : “Rama kuwi manungsa apa dewa?!!”
Kumbokarno     : “Ya manungsa”
Dasamuka       :
“Kowe eling ora , kowe eling apa ora? Nalikane pun kakang jumeneng narendra ing Ngalengka Diraja lagi pirang taun lawase , pun kakang wus angucap: Jagad iki aja ana manungsa kang pinunjul kajaba mung Rahwana Raja , jagad aja ana wong sekti kajaba mung Dasamuka, jagad aja ana wong prewira kajaba amung Dasamuka, jagad aja ana wong duwe wewenang kajaba amung Dasamuka , jagad aja ana wong sugih kajaba amung Dasamuka , heemmmm!!!! Pun kakang senadyan mung sipat manungsa yen mung nelukake mangsa wae ora lega. Nadyan nalika semana lekase pun kakang upamane wong mlaku nyerempet –nyerempet bebaya, parandene dak  cerak . Pun kakang mbedhah kaendran sing dak kanthi mung kowe karo Si Gunawan , kowe eling ora wong guooblog hemmm??!!”
Kumbokarno  : “Eling”
Dasamuka  : “Bareng pun kakang munggah marang kaendran kowe nyumurupi dewa-dewa biyen padha ngapa ?”
Kumbokarno  : “Lali…..”
Dasamuka    :
“Kowe guooblog hemmmm . Dewa-dewa nggone padha mabur pating kleper bareng ngungkuli mustake pun kakang dhawah plakkk!!! Padha luntak ludira nekuk dhengkul, nguncupke tangan , ngangklungke gulu, teluuuukkk marang pun kakang pasrah pati urip . Nganti dewa kang nalika semana wingwrin kang sarta tintrim nyawang kasudirane pun kakang , awit saka lega-legawaning penggalih Bathara Indra , pun kakang pinaringan widadari  telu cacahe. Kowe eling yaaa, kowe rak melu ngrasakke nikmat mupangate ta hemm??!! Siji Bathari Antari tak pek bojo, angka loro Bathari Kiswani bojomu, tak kekke kowe, yen aku malak tak pek dhewe . Yen aku malak tak pek dhewe , ning aku eling duwe adhi jenenge Kumbakarno, nadyan wujudmu kaya buaaroongan , kowe dak rabekake entuk widadari ayu. Yen kowe manungsa sing genep panca driyamu kudu matur nuwun karo aku, malah semu mulang!! . Angka telu Bathari Triwati tak paringake Gunawan . Angkara murkaku saben wong wadon tak gandrungi, titi mangsa aku duwe Sinta iki dadia tamba mari nggonku lara branta . Karepku Sinta ana Ngalengka Diraja dadia srana ngendhakake angkara murka kang wis pirang-pirang taun dak tindakake nganti dhengkleh-dhengkleh kaya ngene iki. Kowe ngerti ?”
Kumbokarno   : “Iya, nanging…..”
Dasamuka     : “Nanging piyeeee??”
Kumbokarno   :
“Kaka Prabu mau wis kepareng dhawuh wenang dhaup widadari . Ing atase manungsa bisa dhaup kalawan  widadri tegese manungsa pinunjul , dadi upamane kaka prabu ora kepareng ngrusak pager ayu , mangka kepingin nggarwa widadari maneh kiraku kasembadan tur bakal pinaringan kanugrahan dening dewa ora nglarati atine liyan, ora nyangsarakake uripe liyan, nanging kaka prabu keturutan apa  gegayuhane kang sarta bisa ngrasakake nikmat mupangat”.
Dasamuka   :
“Cukup, cukuuuuuuuup!!!! Cukup….. mangap cangkemu yaaa!!! Menga kaya guwa , buta kurang badhogan, piyeeeeeee!!!!, heeemmmm . Kowe ngarani yen ta aku kok primakake rabi widadari bisa, mesthi bisa, ora mung pun kakang dhewe, nyatane pun kakang sembada ngrabekake kowe lan adhimu Si Gunawan. Nanging telenging rasa aja kok reh  nganggo rasamu , rasane Dasamuka dudu rasane Kumbakarno , nadyan ana widadari sewu adhampyak-dhampyak padha ngejawantah, pun kakang ora kepengin ngliriiiiiik, jagad iki wis kelangan wong ayu , ora ana wong ayu kejaba amung Sinta. Sinta kuwi manggone ana nyawane Dasamuka, hemmm…..Yen Sinta musnah Dasamuka punah . Kowe ngerti…..?”
Kumbakarno  :
 “Ya wis , yen ngono kaka prabu ora prelu nggresula, perkara kobonge kraton Ngalengka Diraja kang mengkono mapan wis dadi totohane . Manungsa kang kepengin menek dhuwur kudu wani tiba kanteb !!”
Dasamuka    : “Gene kowe bisa celathu, hemmm….Kunjana kowe ya…..??? Kowe kunjana , hemm….”.
Kumbakarno  : “Iya….”.
Dasamuka    :
“Kunjana kowe !! Kowe bisa ngucap  “Sapa kang kepengin menek dhuwur kudu wani tiba kanteb” Pun kakang wani tiba kanteb , kamulyan, kanikmat kamukten negara Ngalengka Diraja kowe kabeh padha ngrasakna, padha nyandhanga, padha turua kepenak , padha mangana sing enak nanging mengko ana sengsarane bebenduning dewa apa dene kanepsone Rama Regawa cukup Dasamuka,  liyane aja padha mbelani …….”
…….Tan pantara ratri, amung cipta pukulun……..
 

Wibisana Tundhung

Dasamuka  : “Kowe maju, ana apa Gunawan, hemmm?”

Wibisono  :

“Kula nuwun sewu, ila-ila ing nguni , sinabetna ing ila duni, linepatna sapu dhendhaning abathara dadosa tulak sarik. Badhe atur kula ing mangke sewu-sewu genging kalepatan diagung ing pangaksama paduka kanjeng kaka prabu …..”
Dasamuka  :
“Iyaaahh……Ana luputmu dak ngapura, hemmm…..Ning kowe aja kaya kakangmu ya, hemmm……Kowe critaa sedina muput tak rungokke, hemmm….. Kowe ndongenga sewengi wutuuuhh…….tak mirengke , Kowe gawea andharan pitung dina teruuuuss…..tak gatekke, Kowe gancara setaun butuuunnn …..tak tanggapi, muuuung…..welinge pun kakang kowe aja gawe gorehing atiku krana nggone ngogreh-ogreh dedununge Rakyan Sinta ana Ngalengka Diraja . Yen nganti kowe kaya kadangmu Si Kumbokarno wani angucap dhasare ngundhamana marang pun kakang padha karo kowe duwe panguwasa ngungkuli pun kakaaaaang…..!!”
Wibisono  :
“Dhuh, dhuh kaka prabu…..Saderengipun kawedal atur kula, kala wau kula sampun matur sewu-sewu gunging kalepatan diagung pangaksama paduka……”.
Dasamuka  : “Aku wis mangsuli “Ana luputmu dak ngapuraaaaa…….!!!”
Wibisono  :
“Mangka menggah sayektosipun ingkang badhe katur ing ngarsa paduka kaka prabu menika boten sanes inggih magepokan kaliyan dedunungipun Rekyan Sinta wonten ing Taman Arga Soka kadhaton Ngalengka Diraja” .
Dasamuka  : “Lha iya, kowe rak melu nguwatke ta, kowe melu seneng, kowe melu nguwatke , kowe melu ngukuhke, kowe melu ngreksa ketentremane, kowe melu angayomi, kowe melu njaga kiwa tengene kang sarta kowe melu gawe keslametane Sinta, ngonooo?!!”
Wibisono  :
 “Kaka prabu, senadyan anggen kula badhe angrakit ukara mangke benten lan kakang mas Kumbokarno , nanging deleging suraos mbokmenawi inggih namung sami …..!!!”
Dasamuka  : “Wo ngono, upamane priye?”
Wibisono  :
 “Miturut gothek , ujare para dwija , pangandikane para brahmana , sabdane para muni , wasitane para dewa, tuwin gumyak gumarenggenging para tetiyang saindhenging bawana sami mratelakaken bilih Rama Regawa menika satunggaling titah panjalmaning Sang Hyang Wisnu  jawata ingkang wenang andum kabahagyan !!”
Dasamuka  : “Wo ngono? Trus aku ra kena kepriyee?”
Wibisono  :
“Para titah , idheping tekad mbokmenawi boten wonten sanes namung panembah tunggal kajawi namung dhateng ingkang amurba wisesa jagad tuwin dhateng utusane dewa inggih menika Sang Hyang Wisnu . Sang Hyang Wisnu prajuriting para dewa, Sang Hyang Wisnu senapatining para dewa, Sang Hyang Wisnu pandheganing para dewa, tuwin Sang Hyang Wisnu dewa dewataning adil, ingkang anggadhahi wewenang angadili sinten kemawon ingkang pantes anampi adil . Menawi kaka prabu anjarag dedosan,  menika menapa boten ajrih dening sesikuning Sang Hyang Wisnu , ingkang tansah tumingal dhateng pakarti miwah tumindaking sagung tumitah . Boten ngemungkaken ingkang sipat manungsa senajan kutu-kutu walang ataga ingkang kumrembyah, kumlawe, rumangkang miwah gumremet sadaya sampun kawuningan dening panguwaosipun Sang Hyang Wisnu . Menawi Sang Hyang Wisnu ngantos kalajengaken anggenipun bramantya agening deduka boten ngemungaken dhateng salira paduka kaka prabu piyambak , nanging boten wurung para kadang ingkang boten sumerep kenthang kimpule lelaampahan purun boten purun kedah ngraosaken kasempyoking aradan awit saking pakartining kanjeng kaka prabu!!
Dasamuka  :
Woo, ngono? Kowe ngucap , yen ta Rama pangejawantahe Sang Hyang Wisnu kang wenang andum kabahagyan . Yen kowe ngerti sing jenenge bahagya ki piye ?”
Wibisono  : “Bahagya menika katentremaning lair –batos”
Dasamuka  :
“Ngono…..!!! Kowe ngerti uripe Rama Regawa ana alas kuwi tentrem apa ora, hemm…. yen pancen nyata-nyata dheweke titising Sang Hyang Wisnu geneya nganti lena , yen nganti nyata-nyata panjenengane Sang Hyang Suman kang ngejawantah geneya bojone dicolong uwong kok dheweke ora weruuuh…..!!! Gene nganggo dhasar pirang-pirang perkara kang dak kandhakake mau mokal yen ta Si Rama mau titising Wisnu. Upamane titising Wisnu  aku ya ora wedi, kuwi upamane . Bab angka loro, yen ta nganti ana bramantyane Sang Hyang Wisnu kang wus salira Rama Regawa kuwi kandhamu wong kang jirih ing getih wedi matiiii…..tan wurunga ora ngemungake pun kakang kang kasempyoking dedosan nanging gelem ora gelem para kadang kabeh kasempyoking aradan padha melu nampa pidanane Sang Hyang Wisnu. Upamane ngono saiki tak takoni “Urip bebrayan mau ibarate kaya apa ?”          Wong urip bebrayan luwih-luwih  Ngalengka Diraja ki bebrayan gedhe , bebrayan agung ngibarate kayadene mina kang urip ana ing balumbang, yen banyune balumbang panas , kabeh kudu gelem ngrasakake panas.  Yen banyune adhem kabeh kudu ngrasakake segeer katentremane Ngalengka Diraja kowe melu ngrasakake wibawa ngglenggem , mathem , marem, wis rumangsa jenjem nanging geneya durung karuwan ana bebaya lagi ana gelagat kang ora kepenak kowe wis jirih. Nganti kowe njulukake Regawa nganti tekan ngawiyat, pun kakang rumangsa kok-asorake drajade katimbang Si Rama Regawa . Kaya ngono mau kowe kuwi menungsa apa sato, hemmm…?!! Kowe ngerti sona, sing gawene njegog. Sona kae yen rina wengi dipakani kalawan sing makani ora tau lali malah saya kandel katresnane , nanging geneya kowe kuwi manungsa tur kulit dagingku, kowe kuwi warisku nanging kena ngapa ana glagat-glagat kang durung cetha bakal rusake Ngalengka Diraja wis duwe cara-cara kang sarta cak-cakan kowe ngendhakake pun kakang , cukup iki wae, aja kok pindho, hemm…!! “
Wibisono   :
“Kaka Prabu, inggih kula menika upami dipunetang saking umur dereng sepintena , menawi dipunurut saking silsilah kula menika ragil pinanggih enem. Nanging menawi kula ngengeti satungggaling satriya menika kula kinten boten wonten awonipun kula kedah mastani satunggaling prakawis ingkang nyata, ingkang leres inggih kula ucapaken leres, ingkang lepat inggih kula ucapaken lepat”
Dasamuka : “Bener, kowe satriya lha sing kok kandhakke bener sapa, sing kok ucapke luput sapa ?”
Wibisono  :
“Inggih menawi kaka prabu puguh santosaning penggalih boten saged kula endhakaken srana atur ingkang sanget angrerepa menika tegesipun kaka prabu menika angemaha mapan panggenan ingkang kula raos lepat “
Dasamuka  : “Wis muni meneh!!”
Wibisono  :
“Kanjeng kaka prabu menika anemaha mapan panggenan  ingkang lepat , nyatanipun mokal ta kaka prabu kok boten ngertos ing reh angger-angger , mokal paduka ngantos sumingkir ing reh bebener, ewadene nadyan atur kula wau kados bethet sewu andum memangsan, parandene saklimah boten kadhahar kaka prabu, nanging senajan makatena kula tetep boten badhe mendha menawi taksih kapareng sowan ing ngarsa paduka badhe ngginakaken sewu cara miwah sewu srana anggen kulabadhe  ngengetaken klintune penggalih kaka prabu sampun ngantos kedlarung-dlarung . Jer para winasis sampun nate paring wewangson ungelipun makaten : “Manungsa aja anggung maciya-ciya , Sang Hyang jagad Pratingkah tan kena tinagih , sapa kang mbibiti ala ing kono wahyune sirna ……….”
…..Dhadha muntab lir kinetap,  duka yayah sinipi…
Dasamuka  :
“Gunawan!!!! Sepet mripatku aku nyawang kowe , jengkel rasaku nyumurupi kowe , nadyan kowe kulit dagingku , nadyan kowe sedulurku tunggal rama ibu, nanging tumrape Dasamuka kowe dadi kliliiip…….Ora ngerti tinemune bareng kowe uwis saya tuwa bebasane satru munggweng cangklakan ora ngrewangi murih mareme pun kakang nanging malah ngogreh-ogreh  katentremane pun kakang . Wiwit ing dina kalungguhan iki wis dadi karampungane yen ta jeneng ingsun ora kepengin nyumurupi Si Gunawan kudu minggat saka Ngalengka Diraja . Ora ndadak nganggo tak wangeni pirang kedhepan netra yen ta mengko sedhela maneh kowe ora minggat saka Ngalengka Diraja,  bakal tak pagas gulumu kowe……..!!!!”


--------------------------- ------------------------ ---------------------------

Mutunge Sang Kumbokarno

Indrajid   : “Oh dewaji, dewaji sumendhal raosing manah kula…….”

Dasamuka  : “Jiid….arep ngapa kowe, nangis, cingeng kaya bocah,  jejeg sisan kowe!!! “

Indrajid   :

 “Boten kula kok rebah-rebah pisang awit saking aturipun Paman Gunawan , nanging wonten ing petang , kula radi tumut ngleresaken , jer nyatanipun paduka menika badhe menapa kewala saged kasembadan , namung saprekawis sampun ngantos  angrisak pager ayu kemawon, aturipun Paman Gunawan ingkang samanten kathahipun boten tinampi kanthi leganing penggalih malah anuwuhaken dedukaning paduka. Rama dewaji kula nyuwun pangapunten, keparengan animbali pun Paman Gunawan malih supados kepareng seba ing negari Ngalengka Diraja!”
Dasamuka   : “Huuss!!…..srenggala kowe ya!!! Srenggala kowe!!!  Wraha yaa!!! Kumbokarno!!, bener ora aku??”
Kumbokarno  : “Luput!!!”
Dasamuka    : “Huusss!! Piye, kowe wani ngluputke aku dhasare apa?”
Kumbokarno  :
“Iya, yen dirasa aku luput nggonku matur , ana pidanane kaka prabu, upamane ditugel guluku aku sendika nglakoni , jer kiraku ora dadi alangan apa-pa yen kaka prabu kepareng nugel gulune Kumbokarno , wong nyatane wewenang Ngalengka Diraja sawutuhe ana astane kaka prabu , mung yen padha-padha ngelingi …..”
Dasamuka     : “Ngelingi apa ?”
Kumbokarno   :
“Negara Ngalengka Diraja tinggalane kanjeng eyang Sumaliraja , marang kanjeng ibu Dewi Sukesi . Angka loro yen ta kaka prabu ngelingi, aku lan kaka prabu putrane pandhita linuwih yaiku kanjeng rama Begawan Wisrawa , ora mung pandhita lumrah, nanging raja pinandhita nyatane tau jumeneng narendra ing negara Lokapala . Kanjeng eyang Sumaliraja nggone tilar kamukten negara Ngalengka Diraja biyen ora mung mligi pinaringake tunggal marang kaka prabu, nanging aku isih eling yen ta negara Ngalengka Diraja , kanikmatane negara Ngalengka Diraja ora mung kagem paduka piyambak nanging kudu warata marang kabeh para kadang kadeyan. Mbuh sapra pirane, mbuh akeh mbuh sithik, mbuk gedhe mbuh cilik Gunawan iku satriya Ngalengka Diraja uga anduweni wewenang anane Ngalengka Diraja geneya kaka prabu bareng ora kecocokan ing penggalih , kok cuthat kaya wrejid cacing , kok getak kaya kidang menjangan , kok gesah kaya manuk , wooo…. lha aku sing melu ora lila , kaka prabu……”
Dasamuka     : “Piyeeee!! Sing gawe prenatan Ngalengka Diraja biyen sapa?”
Kumbokarno   : “Kabeh para kadang biyen padha tapak asta!”
Dasamuka     : “Surasane priye?!!”
Kumbokarno   :
“Iyaa, kabeh para kadang padha tapak asta , surasane sapa wae ora mawas sanak kadang pawong mitra, kulawarga kang adoh – kang cedhak ingkang coba-coba wani marang panguwasane ratu Ngalengka Diraja, luwih-luwih wani angendhake kekarepane kaka prabu ora diaku kulawarga Ngalengka Diraja” .
Dasamuka      : “Kowe kelingan ? Kowe eling?”
Kumbokarno    : “Iyaa, mung karepku ora kuwi….”.
Dasamuka      : “Piye? “
Kumbokarno    :
 “Pranatan kang padha ditapak astani jaman kae, rumangsaku kaka prabu kuwi tindake metu garis-garise kautaman. Ora ngawruhi yen ta jebul kabeh mau singlar saka kautaman . rehne kaka prabu wus wantala nundhung Gunawan saka Ngalengka Diraja kang nyatane ora luput, ora wurunga yen ta aku kesuwen ngadhep bakal kesempyok ing aradan nadyan aku ora luput , bakal kok anggep dosa, gunane apa kesuwen aku ngadhep ana ngarsane kaka prabu. Lilanana aku pamit, mbuh ana kedadean apa Ngalengka Diraja Kumbokarno ora bakal cawe-cawe……”
Dasamuka    :    “Minggataa Ibliiss!!”
…………………Kumbokarno kesah.........................
Prahastha     : “Angger-angger gusti kula ingkang sinuwun, Ngger….”.
Dasamuka      :
“Paman Prahastha kaya bocah, dleweran ngoten niku wonten napa, hemmm? Sampeyan niku wis gerang , wus tuwaa!!! Cingeng…..!!! Adol welas, nangis luhe ting dlewerr, mbelani anak sampeyan loro wau nggih?!! Mbelani anak loro Kumbokarno kalih Gunawan?”
Prahastha     :
 “Inggih, nadyan kados pundi kula namung wonten sahandhap panguwaos paduka ingkang sinuwun , namung dipun-lepataken menawi kula boten sawetawis asung pepenget dhateng paduka angger ….”
Dasamuka      : “Inggih pripun ?”
Prahastha     :
“Kalih-kalih badhe pinanggih , menawi kula ngakeni satunggaling patih inggih sampun samenthinipun kedah ngengetaken dhateng kelimputipun ratu gustinipun , menawi kula ngengeti satunggaling bapa paman paduka ugi boten lepat menawi kedah ngengetaken dhateng badhe kelimputing anak – kepenakan kula….”
Dasamuka   :
“Nggiiih…..rong perkara kula tampa, sampeyan ngucap sawijining patih inggiih, sampeyan ngaku pak cilik inggiiiihh, mapan kepara nyata !”
Prahastha  :
“Wonten ungel-ungelan makaten “Rukun gawe santosa, yen crah gawe bubrah” kula boten nginten bilih lelampahan menika dumadosipun rinten dalu namung daredah samadyaning kulawarga, labet saking gesehing pemanggih paduka kaliyan pamanggihipun para kadang-kadang paduka anak kula Kumbokarno menapa dene penakan kula pun Gunawan. Gelagat ingkang makaten wau benjing badhe awoh menapa ?”
Indrajid  :
“Inggih kanjeng dewaji, kaluruhan timbalanipun kanjeng eyang Patih Prahastha , ngibaratipun menika tatu  dereng kelajeng lebet , maksih gampil tinambal dening pambudi daya , menapa boten tumunten samukawis ingkang sampun kadhawuhaken wau kajabela wangsul , boten perlu paduka tega dhateng paman Gunawan menapa dene paman Kumbokarno….”
Dasamuka  :
 “Kowe bayi tak keplak kowe ya, hem. Bayi nuturi bapakmu , kowe kuwi dha isa ngapa . Dadi yen bapakmu dawa umure ki kowe dha ra seneng ta? Aku ki bisa golek wong ayu liyane Sinta, yen cocokku perkara kuwi njur kepriye?”
Indrajid  : “Menika nate winengku dening Sang Regawa laminipun kalih welas tahun….”
Dasamuka  :
“Rolas tahun ya ben…..Loro-loro gati , telu-telune ngemor , tegese….. coba aku kepengin leladi marang paningalku nyawang sawijining kaendahan , kepengin maremake rasaku nyawang sawijining wanodya  ingkang kebak ing rasa susila lan kebegan ing rasa budaya , katelune, Jiiiiiiiiiiiid!!”
Indrajid  : “Nun, ….wonten dhawuh….”.
Dasamuka  :
“Tututana pamanmu Gunawan . Cara priye, srana  apa lan budidaya sing endi kang bakal kok tandukake marang pamanmu , supaya pamanmu ora sida lunga saka Ngalengka Diraja , nanging kanthi janji yen pinuju sowan ana ngabyantaraningsun aja nganti rembugan lan merekake dedunungane Sinta ana Ngalengka Diraja” 
………………Indrajid nungka Gunawan Wibisono .........................

Rama bridge


Sugeng midhangetaken  saking Pak Malixs :Klik ing ngandhap menika





 



Gamelan

Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe jaman Demak. Ana maneh sing ngendika gamelan lan seni nggamel iku tuwuh jaman Majapahit, jamane Patih Gajah Mada lan rajane. Yen nlusur sarana nitipriksa gamelan kang ana saiki lan sing kalebu gamelan tuwa. Kaya-kaya gamelan sing diarani tuwa dhewe iku, jebule isih kalebu enom , jalaran jaman kuna uga wis ana gamelan. Yen macani prasasti cathetan kuna, candhi-candhi sing umure atusan taun, ing kono bisa katitik anane jeneng-jeneng ricikan gamelan saiki. Uga kalebu buku-buku utawa layang-layang kuna karanBalitung, raja Mataram Kuna, tinulis istilah “padahi”, kang dikarepake tabuhan kang aran “kendhang, tambur, terbang gedhe” . Ing layang kang isi crita tokoh-tokoh Mahabarata sing karacik nganggo basa Jawa kuna, uga tinemu araning tetabuhan  kang saiki klebu ewoning gamelan. Crita Mahabarata Jawa kuna ditulis nalika sugenge Prabu Darmawangsa (taun 990 – 1007), raja kedhiri uga akeh tembung araning gamelan kang tinemu ing layang kang ditulis jamane Prabu Erlangga (1019-1042), Prabu Warsajaya (1104), Prabu Jayabaya (taun 1130 – 1160),  raja Kadhiri, jeneng unen-unen utawa gamelan iki kayata: beri, curing (klinthing, lonceng cilik), garantung (gambang), gong, gubar (kempul), kangsi (rebab), kemanak, kendhang, ronji(angklung), salukat (saron peking), salunding (gender), suling, tudhung (suling gedhe).

Istilah gamelan asale saka tembung “gamel” (Jawa kuna), tegese “cekel”. Mbokmenawa amarga sawise ditabuh (dithuthuk) banjur dicekel (dipekak) kaya yen nuthuk saron utawa slenthem, barang iku suwe-suwe katelah “gamelan”. Istilah Jawa kuna-ne “tabeh-tabehan”, lan ana manes istilah “tamara”. Tembung “tamara, tamra”, Jawa kunan-ne ateges “tembaga”. Gamelan iku biyen-biyene kagawe saka “tamra” (tembaga). Ana maneh gamelan kang digawe saka kuningan, basa Sansekerta-ne “kamsa” owah dadai “gangsa”, kang sabanjure dadi tembung kramane (dasanamane) tembung “gamelan”. Ana maneh istilah “pradangga” tumrap gamelan. Basa Jawa Kuna-ne “mredangga”, yaiku araning tabuh-tabuhan kang memper kendhang gedhe, tambur.

Wayang 

Ora biyen ora saiki, gamelan ana gandhenge karo kesenian wayang, karawitan, niyaga, sindhen, lsp. Tembung “wayang, ringgit” wis ana wiwit jaman kabudayan kuna. Ing layang Ramayana ing kono ana istilah “mawayang, angringgit”, tegese “mayang”. Sing sok mayang sebutane “widu”. Kajaba mayang widu uga bisa nggamel lan ngidung (nembang). Sing gawene mayang saiki diarani dhalang. Istilah dhalang wis tinemu, apese wiwit jaman Kedhiri, kamot ing layang Kresnayana, katulis jamane Prabu Warsajaya. Istilah “dhalang” iku jenenge abdine Bima, kasebut ing layang Nawaruci (jaman Majapahit). Abdine Bima ana loro, yaiku Semar lan Dhalang. Abdi iku kuwajibane momong Bima lan nyathet piwulange para resi gurune Bima.

Ing layang Arjunawiwaha, karangane Empu Kanwa, jamane Airlangga (1019 – 1042), tinemu syair Jawa kuna kang diarani “kakawin”. Ing sajroning kakawin sapada ngandharake mangkene : “Ana wong padha nonton wayang (ringgit), padha nangis lan sedhih. Wong-wong iku ora ngerti (rumangsa), manawa wayang iku mung wujud lulang diukir, bisa obah lan guneman. Ora ngerti obah lan gunemane iku mung semu”.
Ing layang Sumanasantaka karangane Mpu Monaguna, nalika jamane Prabu Warsajaya, raja Kadhiri, nyaritakake nalika Pangeran Aja (putra raja Ayodya, bapakne Dasarata, embahne Rama) kawisudha, wong-wong kang padha rawuh ing panggung jumeneng kaya wayang dijejer (disimping). 

Pangripta layang Jawa kuna kang mawa irah-irahan Partayadnya, isine nyaritakake Arjuna mangkat lumaku menyang pertapan ing guwa kang dumunung ing gunung Indrakila, nyritakake pasawangan ing alas: Wit-witan jejer-jejer, sinawang kaya gelaring wayang, langit minangka kelir, srengenge minangka blencong, angin sing ngobah-obahake.

Niyaga, Karawitan, Sindhen


Istilah “niyaga” sakawit ateges “panggamel”, wong sing nabuh gamelan. Tembung “niyaga” utawa “nyaga”, tegese “panuntut laku”, “panganjur” (L. Mardiwasita), “sing main gamelan” (Prof.Dr. P.J. Zoetmulder). Tembung “niyaga” saiki owah dadi tembung “wiyaga”, sing tegese “panabuh gamelan”

Tembung “karawitan” Jawa kuna asale saka tembung “rawita”. Tembung “rawita” asale saka wod “raw”, tegese “ywara, muni”. Dadine tembung “rawita” tegese nyawa utawa muni uga. Saiki dadi istilah “karawitan” Jawa anyar, kang karepe ngemu teges “samubarang kang magepokan karo seni swara”, mligine swaraning gamelan.

Istilah “gending utawa ganding” (diwaca: “gendhing”), uga wis tinemu ing prasasti kuna, lan buku-buku Jawa kuna. Dene “gending” iku sawijining piranti (instrumen) kang muni sarana dijimpit driji utawa dimainake dening tangan. Mula ana istilah “ganding rawanahastha” , “tegese gendhing muni karana tangan” Lan Gendhing Rajaswala. Saiki akeh banget araning gendhing kang sesambungan karo unining gamelan.

Tembung “sindhen”, Jawa kuna “sindhen”, asale saka tembung “sindhi” oleh panambang –an. Tembung “sindhi”, tegese “pasemon”, Indonesiane “sindiran”. Sindhen Jawa kuna cakepane isi pasemon lan dhapur kakawin utawa saloka (seloka/sloka) isine memper karo paribasan, bebasan, saloka, lsp.

Ing basa Jawa kuna uga ana istilah “uyu, manguyu”, tegese “muni sing ora ana lerene”. Upamane swaraning kombang, mbrengengeng ora ana pedhote. Ing jaman saiki ana pahargyan manten uga asring keprungu “gendhing manguyu-uyu” kanggo ngurmati rawuhe para tamu.

Kanthi landhesan kang kabeber ing ngarep, bisa dijupuk dudutan : Ing kabudayan Jawa kuna wis dikenal anane piranti (instrumen) kang saiki diarani “gamelan” Budaya pawayangan uga wis ana, lan pakelirane. Saperangan istilah kuna teka saiki isih urip.
(Ature : R.S. Subalidinata ing Kalawarti Basa Jawa Djaka Lodang No.18;  2007)