Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Senin, 27 Januari 2014
KERATA BASA/ JARWA DHOSOK

Kerata Basa utawa Jarwa Dhosok = negesi tembung sarana mirid swara wandane (Mengartikan kata berdasarkan bunyi suku kata.
Tuladha :
Rambut    = erame lembut
Sirah     = isine rah
Bathuk    = kanggo ngembat barang sing mathuk
Mata      = kanggo ngematake barang sing nyata
Irung     = ilen-ilen kaya urung-urung
Lambe     = ala yen ndomble
Brengos   = barang ireng kanggo nutupi untu mrongos
Janggut   = yen wijang manggut-manggut
Gulu      = kaya tugu ning luwes
Dhasi     = eneng dhadha mantesi
Setut     = disingsetake mundhak patut
Kathok    = diangkat mbaka sithok
Kacu      = diangkat lebar mucu-mucu
Sarung    = besar kaya urung-urung
Sruwal    = saru yen nganti uwal
Srandhal  = yen ora sranta nyendhal-nyendhal
Sepatu    = yen wis ngangsep dikipatake ora metu
Entut     = yen ngeden ana sing katut
Benik     = barang siji dienik-enik
Kupluk    = kaku tur nyempluk
Topeng    = metoto gepeng
Tomat     = metoto nikmat
Lemper    = lemune jan ra memper
Sega      = yen wis ngangseg gawe lega
Gethuk    = digeged karo manthuk-manthuk
Gedhang   = digeged lebar madhang
Cangkir   = nyancang pikir
Gelas     = yen tugel ora kena dilas
Keris     = mlungker ora kena kanggo ngiris
Tumpeng   = metune lempeng
Bocah     = mangabe kaya kebo gaweyane ora kecacah
Tuwa      = watu-watu digawa/ ngenteni metune nyawa
Kaji      = tekade mung siji
Becak     = bentuke kaya lincak

0 komentar: