Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 25 Januari 2014



TANGGAP WACANA BERSIH DESA/RASULAN

Assalamu’alaimum Wr. Wb.
Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh wonten ing Desa Putat ingkang pantes sinudarsana
Panjenenganipun Bapak/Ibu , sanak kadang, para wiranem, anak-anak kula, miwah wayah-wayah kula ingkang tansah ngleluri budaya Jawi.
Langkung rumiyin sumangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, dene ing wekdal menika kita sedaya saged kempal manunggal ing Bale Desa Putat menika kanthi wilujeng tanpa manggih alangan setunggal punapa.
Para kadang warga Desa Putat ingkang kula tresnani.
Bersih Desa utawi Rasulan ingkang  katindakaken menika pinangka wujud raos syukur kita dhumateng ngarsanipun Gusti Allah, awit Gusti Allah sampun keparing paring kanugrahan dhumateng kita awujud panen ingkang sae miwah kathah asilipun. Bab menika temtu kemawon inggih karana panjenengan sedaya anggenipun mungkul miwah tekun anggenipun ngolah pasiten kanthi tlaten, saengga asilipun saged karaosaken sesarengan.
Kita sedaya nindakaken bersih desa menika sampun atusan taun kepengker, kanthi turun tumurun nguri-uri budaya leluhur. Sanajan jaman sangsaya majeng mugi-mugi adicara menika tetep lestari.
Kajawi mujudaken raos syukur ugi pinangka sarana kangge ngandelaken miwah nyambung pasedherekan ing antawisipun kulawarga setunggal lan satunggalipun tansah guyup rukun ing madyaning gesang bebrayan.
Para rawuh makaten ingkang dados atur kula, muga wonten paedahipun tumrap kita sedaya.  Wasana mbok bilih anggen kula matur wonten kekiranganipun, mugi diagung ing pangaksami.
Wasana sugeng mriksani pagelaran ringgit wacucal sedalu natas kanthi dhalang Ki Timbul Hadi Prayitno kanthi lampahan Sri Mulih.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.

0 komentar: