Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 25 Januari 2014


A.  Pranatacara

1.    Werdine Pranatacara

Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa  pranata laksitaning adicara.  Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan  nata  lan nglantarake acara utawa adicara . Dene bakuning jejibahan utawa ayahan pranatacara yakuwi nglantarake lakune cak-cakaning acara utawa adicara ana ing rapat-rapat, pasamuwan, utawa upacara kang wis dirancang sadurunge. Dadi  lugune atur palapuran (protocol) tumrap cak-cakaning utawa lakuning acara/adi cara. Mligi ana ing upacara lelayu utawa sripah tetembungan adicara utawa acara diarani adilaya Pranatacara banget wigati ana ing sawijining acara, awit regeng, nges lan orane sawijining adicara iku  saperangan gedhe dadi tanggung jawabe pranatacara. 

2.  Bedane Pranatacara lan Pamedhar Sabda

Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing  acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).       
Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining perkara. Ing tata upacara pahargyan temanten, pamedhar sabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pamedhar sabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe, pasrah temanten utawa nampa pasrahe temante, khutbah walimah (wasitatama). Yen ing omahe wong kasripahan (kepaten), pamedhar sabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene patemon ilmiah (pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda kayata, ceramah, sesuluh dines (penyuhan dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umuh, wisuda, lan liyane.

3.  Cecawis Sanguning Pranatacara
Murih jejibahan bisa kasil kanthi becik, pranatacara lan  pamedhar sabda kudu bisa ngrengkuh sarat sarana kang baku yaiku :
a.      Swara
Swara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung,                                           membat  mentul, kepenak dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa.
tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama) : Nyakup sora-lirih, dawa -cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung
b.      Busana / Ageman
Ajining raga gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih jejibahan kang diemban  bisa kaleksanan kanthi becik  Pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan utawa kaperluwane ana ing upacara ,  rapi,  lan tumata panatane.
Ana  ing babagan busana ( ageman ) iku , Suhunan Pakowboewana IV paring pangandikan marang para sentana lan krabat Kasunanan Surakarta mangkene :
“ Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trapna traping panganggon, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”
c.       Subasita
Trapsila utawa tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang becik bisa ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah bawa aja digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku. 
Owah-owahan pasemon uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang tundhone jumbuh karo swasana.
d.      Basa lan sastra
       Basa kang digunakake pranatacara lan pamedhar sabda diudi sing bener, pener,
       becik,
       endah, lan gampang  ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang
       trep  panganggone. Supaya trep kudu ngeling:
·         Sapa sing guneman
·         Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens
·         Sapa /apa sing digunem
·         Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)
Dene kawruh kasusastran tumrap kang kepengin nggayuh  pranatacara lan pamedhar sabda kang gamben lan profesional nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang,    purwakanthi    Pewayangan, kawruh karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.

4.   Cengkorongan Baku Wicara Pranatacara
a.       Pambuka
·       Salam pambuka
·       Sapa aruh marang tamu
·       Muji syukur mring Pangeran
b.    Maosake rantamaning adicara
c.     Nyuwun gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka wasana
d.    Ngaturake lan mandhegani  adicara siji mbaka siji kanthi wijang
e.     Panutup
·         Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya)
·         Nderekake ndedonga panutup
·         Salam panutup
 

0 komentar: