Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 25 Januari 2014
PRANATACARA PENGETAN MAULID NABI

Assalamu,alaikum Wr. Wb.
        Bapak-bapak, ibu-ibu kaum muslimin ingkang kinurmatan , mangga ingkang sepisan  sesarengan munjukaken  puji syukur alkhamdulillah wonten Ngarsa Dalem Allah SWT dene kula lan panjenengan taksih pinaringan rahmat saha kasarasan , saengga saged kempal manunggal  wonten Masjid ...........menika.
        Saderengipun acara dipunwiwiti, kula minangka pambiwara  ing pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. dalu menika badhe maosaken urut-urutan adicara  pengaosan:
1.      Acara ingkang sepisan pambuka
2.      Acara kaping kalih, inggih menika waosan Kalam Ilahi
3.      Acara kaping tiga pangandikan  saking takmir masjid
4.   Dene acara kaping sekawan, acara inti inggih menika pengaosan ingkang     dipunsarirani Panjenenganipun Ustadz. Drs. H. Abdullah Dimyati saking    Sleman Ngayogyakarta
5.      Panutup

            Jamaah Masjid .......... , ingkang satuhu kinurmatan, makaten menggah
            reroncening acara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun
            karakit dening kadang panitya. Sumangga acara enggal kawiwitan kanthi maos
            Basmallah sesarengan, kula dherekaken.
            --------------------- maos Basmallah -------------------------

            Acara salajengipun badhe kawaosaken ayat-ayat suci Al Qur’an. Pramila
            dhumateng kadang Muhammad Rasyid, wekdal kaaturaken, 
             sumangga .........................................................................
Mugi-mugi kanthi waosan Kalam Ilahi kalawau, Allah SWT, tansah paring lubering kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sedaya.
Jamaah Masjid ..............., hadirin saha hadirat ingkang kaparingan rahmat dening Allah SWT, menggah acara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking takmir masjid. Dhumateng Bapak H. Aziz Hanafi kasuwun paring pangandikan, sumangga.
--------------------pangandikan takmir masjid --------------

Tumapak acara inti, inggih menika pengaosan. Dhumateng Al-Mukaram Ustadz Drs. H. Abdullah Dimyati kasuwun paring fatwanipun. Wekdal kaaturaken sacekapipun. Sumangga ....---------------------------------------------------------------

Mugi-mugi menapa ingkang sampun kaandharaken dening Ustadz Drs. H. Abdullah Dimyati saged migunani tumrap kula saha panjenengan sedaya. Bapak – ibu para jamaah rahimakumullah, bok bilih anggen kula matur kathah lepat saha kekiranganipun, saestu kula nyuwun agunging pangapunten. Sumangga pengaosan  ing dalu menika kapungkasan  kanthi waosan Hamdallah sesarengan...
-----------------Alhamdulillahirabbil alamin----------------

Billahi taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wa barakatuh.
(Prof. Dr. Suharti, dkk, 2008 : 39 – 40, mawi ewah-ewahan)

0 komentar: