GENDHING DOLANAN
Lencana Facebook
Blogroll
Popular Posts
-
PELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmata...
-
GEGURITAN Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale sak...
-
Cangkriman Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Dene W...
-
PEPALI LAN WANGSALAN I 1. Nateng kaga, canthing bumbung dhuh bendara, (garudha, Para mudha, sun tuturi piyarsakna. ...
-
Gamelan Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe j aman Demak. Ana maneh sing...
-
A. Pranatacara 1. Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pran...
-
Ayo Gotong Royong Kembang-kembang terong Mbang terong megare sore Ayo gotong royong Gotong royong...
-
1. Abange kaya godhong katirah. 2. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. 3. Kuning pindha mas sinangling. 4. Kaya jambe...
-
Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Bad...
Mengenai Saya
Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 01 Februari 2014
Sawitri
mujudake salah sawijining novel saka tanah India. Nyaritakake kasetyaning
Sawitri putri saka negara Madras mring sang guru laki Bambang Satyawan .
Senajan Sawitri wis diparingi uninga dening Sang Hyang Narada yen umure Bambang
Setyawan mung kari setahun, nanging Sawitri tetep setya ing ubaya. Carita iki
digarap ing pakeliran Jawa (wayang kulit) dening Swargi Ki Narto Sabdo, sang
maestro dhalang saka Semarang kang kondhang sanggite kuwawa ngosak-asik rasa.
Tumrap para mitra ing kaca maya coba dak aturake Sanggite Sang Maestro :
Ginem :
“Kakang mas”.
“Apa nimas ?”
“mBok kula dipun dongengaken”.
“Sakjembar-jembare kawruhku isih jembar kawruhe si adhi , karana si
adhi sugeng ana ing praja, pun kakang urip ana ing pertapan cedhak watu adoh
ratu”.
“Ewadene nadyan makatena kula maiben, jer kula tingali basa susila
tuwin sastra ingkang waradin ngendikaken wau amranani raos kula kenging
saged kangge titikan bilih kakang mas sugih carita”.
“Upamane apa ingkang kok takokake nimas?”
“Saderengipun jagad wonten toya menika ingkang wonten menapa?”
“Priye ?”
“Saderengipun jagad wonten toya menika ingkang wonten menapa?”
“Sadurunge jagad ana banyu , kang luwih dhisik kang ana rasa”.
“Rasa wau dumados saking menapa?”
“Rasa iku dumadi saka geteraning swasana”.
“Swasana menika menapa?”
“Alam”
“Alam menika menapa?”
“Alam iku urip”.
“Gesang menika menapa?”
“Urip iku dumadi”.
“Dumados saking menapa?”
“Dumadi saka geteraning swasana”.
“Menapa ta menggah gamblangipun, kakang mas kula aturi paring
dhawuh!”
“Ana ing wewarah suci dening para brahmana, dening para nimpuna,
dening para sugata, dening para sujana sarjaning budi anyebutake yen ta bandha
ing jagad sayekti tan kena pinetung bakal kapan ilange lan dhek kapan dumadine
yaiku geganthaning mujudake sorot telung prakara. Kang bisa
andayani sarta kang bisa dumadi alus kang ingaran
suksma, dene mungguh sorot telung prakara iku mau sorote sang hyang candra
sang hyang surya lan sang hyang kartika gumelar kang
sarta dumadine andayani uriping sagung tumitah yaiku ingkang
aran sang hyang suksma sejati “.
“Surya , candra tuwin kartika wau sinten ingkang
yasa?”
“Pitakonmu mau nganggo dhasar apa?”
“Dhasar kula samukawis ingkang wonten mesthi kedah wonten ingkang
ngawontenaken”.
“Kowe duwe panemu sakabehing kang ana mesthi ana kang
anganakake ing ngarep wis tak pratelakake tetelu bandha kodrat kang
dumadi saka dayaning swasana dudu petungane manungsa kanggo panganteb-anteb
kang sarta kanggo kapitayan yen tetelu mau awit saka purbane Kawasa”.
“Kawasa menika sinten?”
“Ana ing ingkang kene ingkang takkarepake purbane kawasa yaiku Sang
Hyang Taya”.
“Menapa ta dene winastan Sang Hyang Taya?”
“Sang Hyang Taya, taya iku tegese suwung, nanging nadyan
suwung mawa sipat”.
“Ingatasipun suwung kok nggadhahi sipat menika menapa
saged kabuktekakaen?”
“Yen kowe kepengin ngrasakake sipat-sipate sang hyang
Taya, suwung kang sejatine ana yaiku wis karasa ana ing saranduning
badanira, yen ta sira rumangsa sapa kang angobahake tlapukane netra,
sapa kang nyurung lakuning getih, sapa ingkang anjalari lumakune
huswa tegese ambegan, kabeh mau ora bisa kadarbe ingkang anduweni,
mungguh cethane nadyan si adhi lan pun kakang kasandhangan kaya ingkang
wis tak ucapake siji netrane bisa obah, loro
getihe bisa lumaku, telu ambegane bisa lumadi.
Tetelu mau sayekti angel yen ta digrejah, apa ta ingkang
anjalari lan sapa ta ingkang gawe. Ana tata gelar amung bisa
dicandhaki kabeh mau lantarane rama ibu. Mula ing wulang-wulang suci wis
anyebutake sembah catur. Tegese sembah papat angka siji
nyembah marang rama ibu kang wis dadi lantarane
dumadi, angka loro nyembah marang kadang wredha ingkang wus
suka pituduh sarta momong wiwit jabang bayi prapteng dewasane.
Angka telu nyembah marang sang guru nadhi kang wis
peparing ngelmu kawruh kang banget andayani sarta murakabi ingatase urip,
dene kaping papat nyembah Marang Panguwasa Agung kang wus
kuwasa anggelar jagad saisene , si adhi aja nganti kleru tampa apa ta
sembah catur, nyembah Hywang Widi nadyan ngisor papane
sayekti iku ana nduwur dununge, nganti angel lamun dinumuk nganti
kurang gamblang lamun diarani ngisor lan ndhuwur arah sayekti
wis bisa dirasakake. manungsa uripe tumumpang bumi nanging manungsa
uripe kayoman ing akasa, yen ngonoa wis pranyata yen Sang
Hyang Taya iku ya yangga ning ya angayomi”.
“Ingkang nyangga wau upami dipun wastani menapa saged,
miwah ingkang winastan nyangga wau gumelaripun menapa?”
“Gumelare ana patang prakara yaiku dumadine bumi ,
geni, banyu, lan angin”.
“Menapa menika wonten sambung rapetipun kaliyan dayaning
agesang?”
“Ana ing kuwadhagan sayekti manungsa tan bias urip yen datan
antuk dayaning patang prakara , yaiku dayaning bumi , geni , banyu
, lan angin”.
“Dayanig bumi menika murakabi wonten ing kuwadhagan ing
wewengkon menapa?”
“Dayaning bumi sayekti banget paedah kajaba ing tata gelar kanggo
tancebing urip, sayekti ing bumi kono mujudake papan-papan kang
yen kinedhuk ora bakal kalong bumine nanging bisa dijupuk paedahe
ya kuwi wujude tanem tuwuh lan sapepadhane, nadyan sesotya, mutyara
jumerut pepelikan bangsane kencana kabeh mau dumadi ana telenging pratala yaiku
dayaning bumi mujudake sawijining bandha kang pengaji ing antarane urip jroning
ana alam padhang”.
“Wonten sambung rapetipun kalian dahana ingkang sampun paduka
dhawuhaken?”
“Dahana kuwi tegese geni, geni mono maweh daya panas”.
“Ingatasipun daya benter kok anggesangi menika mapan wonten ing
pundi?”
“Anane pun kakang bisa ngucap yen ta daya panas anguripi
kabeh ingkang dumadi mbutuhake rasa kang mateng. Ana ing kene ingkang tak
karepake ora mung matenge rampadan, nanging matenge rasa pangrasa
ya amarga dayaning geni bisa duwe ambeg pangrleburan lan bisa
duwe ambeg pambrastha , mbrastha marang apa lan sapa wae kang
nyulayani angger- anggering bawana agung , sayekti bisa lebur telas
kentas tanpa tilas kena dayaning sahyang agni ya kena dayaning geni.
Mungguh tumraping urip sayekti manungsa tan jangkep uripe yen datan daya
panas”.
“Bentenipun menapa surya kaliyan hagni, sami-sami benteripun
miwah tebih panggenanipun ?”
“Surya panase amadhangi, nanging yen geni panase anguripi”.
“Upami ikang madhangi miwah ingkang aggesangi sampun
dados satunggal?”
“Yen kang amadhangi sarta ingkang andayani wis dadi sawiji,
yaiku ingkang dadi dayaning ngaurip marga kawruhana yen si adhi kepengin nyoba
dayaning geni ana ing urip kekisikan sariramu sakojur durung nganti sakedheping
netra si adhi wus krasa panas sarirane yaiku dayaning geni ya sang hyang
hagni kang wus rumasuk ing jasaading manungsa,
“ Lajeng toya , murakabi wonten ing pundi , toya menika tumrape
ngagesang?”
“Banyu mau satemene andayani uripe manunsa wiwit saka reresik raga,
reresik rasa , ngurip-urip tanem tuwuh ngejogi ingkang asat, nyirami
ingkang kering nyeyubur ingkang aking , gawe semi ingkang layu. Yen jagad
koncatan banyu ra wurunga saenggon-enggon keh para titah ora ngemungake janma
manungsa senajan wulu-wulu walang ataga kathah kang padha nandhang
kasrakat. Kasrakat ing kene dak werdekake padha nandhang salit , ora mung
saliting aneng gondhang nanging keh kang padha ngorong adil , mangka adil
iku satemene among sawiji adil kang sawiji mau ora bias kadulu ing
netra nanging yen dirasakake adil iku mau ngadeg jejeg jagad kayoman ing
adil bakal tentrem”
“Inggih, lajeng angin. Angin menika kados pundi ?”
“Angin. Ana ing tepa palupi basa kekilasan kang during winardi, angin
iku mung wujuding saloka manungsa bias manjing ajur-ajer . Nanging nyatane lair
batine ngaurip sayekti ora bias jejeg adege manungsa yen tan antuk
dayaning Sang Hyang Maruta . Ana ing kono angin sawijining paugeran baku
kanggo nitik mati uriping manungsa kayata ingkang manggon ana anggane si
adhi. Sang Hyang maruta kang sasana ing kono yaiku ingkang ingaran
ambegan ya ingkang ingaran bajraherawana . Manungsa sayekti bias
ditemtokake mati uripe yen ta dititik lakuning ambegan , Sawitri………….”
“Kenging menapa kok kendel ……………”
“Sawitri………….”
“Adhuh wonten punapa, Raden…………..!”
“Sawitri………. Endi papan kang ayom……..nganti kaya dideres wetune
kringetku, paningalku wus kurang padhang, pangrunguku wus kurang cetha ,
pangucapku kurang trewaca, panggandaku wus kurang landhep , pamikirku
bingung …..napasku wis kurang ajeg ……Sawitri…..Sawitri……oooh Sawitri……….
“(Ayak-ayakan Tlutur…………)
Pocapan :
Mapan kudu mangkono kang wus jinangka ing
dewa, Yen ta umure Bambang Satyawan mung kari setaun . Prapteng mangke
sampun dumugining mangsa kala . Bambang Satyawan kudu mulih mula –mulanira ,
wangsul ing ajal kamulane tilaring madyapada . Wauta ngalentrih sarirane
dangu-dangu boten kuwawi angglawat . Dhawah plak kapidara nanging keketeg kang
taksih makarti . Mustaka pinangku Sang Dyah Sawitri angglolo panangise ,
bingung bilunglungan nganti kelangan keblat . Saklimah tan bias angucap yen
arsa ngunandika Dewi Sawitri among magep-magep aneng tenggak, mulat ingkang raka
Bambang Satyawan wus asawang kunarpa. Wauta ingkang mijil saking sela-selaning
mendhung amiyak kang mega-mega , pangeja wantahe Sang Hyang Yamadipati
jleg……munggweng pangarepane Dewi Sawitri, parandene datan kagyat, amung
kendelan kewala…..
…………………………………………
Pocapan :
Mbrebel kang waspa, nadyan mangkono lamun
cinandra, waspa wening kang mijil
Saking netyaning Dewi Sawitri nganti kaya
dhawahing sesotya, bening gumrining, maweh sengsem kang padha tumingal,
nadyaaan Sang Hyang Yamadipati ingkang ndaweg angembani wajib arsa
ambanjut Bambang Satyawan dadi kanggeg lampahe . Kamitonggongen kaladuk
kamiwelasen nyawang marang Dewi Sawitri ingkang anggung ngredatin ……………………………………………………”
Oooooooooooo, tatengangi-tangise kang wengis …………………………………
Ginem :
+ “Eeee, hong wilaheng awignam astu, em…em… we lha , Sawitri-
Sawitri
-“ Kowe sapa makhluk, Kowe sapa Kang teka tanpa sangkan?”
+“Oooo, ya ora jeneng mokal yen ta kowe durung nyumurupi ,
kawruhana ulun iki dewa, ulun iki dewa ingkang duwe wewenang nyekel
pangrantunan. Upamane tekaku ora kok sumurupi Ora jeneng mokal jer
aku lumaku kadewatan metu jagading panglimunan. Bebisik ulun Sang Hyang Yama,
ya Sang Hyang Yamadipati”
-“Dhuh pukulun, mugi diagung ing pangangsama paduka jer nembe
katemben menika kula sumerep upami kaladuk kirang dedugi-prayogi miwah
kiranging tatakrami sinten malih ingkang kedah ngluberaken pangaksama kajawi
namung paduka, pukulun…”
+“Iya…..ya….ya, ora dadi ngapa . Mung kang dadi gumune atiku, sapa
wonge kang daktekani kuwi mesthi kaget, ning yen kowe ingatase katekan dewa kok
ora obah ora mosik sebabe apa?”
-“Inggih, raos kaget kula, kula ginakaken kangge angageti bojo kula
pun Satyawan , samukawis sajawine tiyang kalih menika kula anggep
namung satunggaling bab ingkang badhe ngrubeda katentreman kula, mila
prayogi kula kendelaken!”
+“Weeeee lha dalah. Eeeeee, Sawitri, aja ngono, heem…………!”
Aku ngejawantah ora kok lumaku pribadhine Sang Hyang Yama , ning aku ngembani
wajib , wus pinanthi awit panguwasaning kodrat, yen ing dina iki Satyawan kudu
dakjabut nyawane . Perkara swarga-nraka ing tembe bakal dietung sarana
lelabuhan nalika uripe hem…., mula wiwit dina iki uwalna rasa katresnanmu
marang Si Satyawan, lilakna yen ta Satyawan bakal dak jabut nyawane
-“Pukulun, Satyawan menika manungsa sanes sabangsane sato!”
+“Apa ta sababe dene kowe ngucap ngono, heem?”
+“Apa ta sababe dene kowe ngucap ngono, heem?”
-“Ing ngatasipun satungaling jawata ingkang wenang angejur luluh
dhateng para titahipun, teka paduka badhe nindakaken dak sawenang-wenang ,
anjabut nyawanipun Satyawan , sarana anggen paduka namakaken pusaka
bindi, menapa boten menika satunggaling bab ingkang siya-siya dhateng
sasamining titah?”
+“Eeeee….. Ya, iki mung prabot heem. Bindi ora bakal daktamakake
marang Satyawan , iki mung prabot…… Dadi, priye wae tetep Satyawan uripe mung
tekan semene”
_“Pukulun, keparenga sampun katindakaken anggen paduka badhe
anjabut nyawanipun bojo kula pun Satyawan”
+“Iya aku welas marang tangismu, nanging……..yen ta aku nganti luluh
kang sarta aku kengguh nyumurupi tetesing waspamu , aku ingkang nandhang
bebendu dening Sang Hyang Jagad Giri Nata. Mula ya wis ora ndadak
akeh-akeh sing kok rembug, dina iki wis kala mangsane Satyawan kudu dakjabut
nyawane”
…………………………………………………….
“Dhuh pukuluuuuuuuun………. kados pundi, pukuluuuuuuuuuun……….!”
Pocapan :
Yayah nyendhal tali wangsul . Sang Hyang Yama
denya njabut nyawane Bambang Satyawan. Gumletakhing kwandha tinampanan astane
Dewi Sawitri temah pinangku mustakane. Sanalika ing akasa ana mendhung
lumayang kang tekane tanpa sangkan angeyubi kuwandhane Sang Bagus . Dudu gagak
duduk dhandhang kang samya angrubung , nanging peksi manyura kang anggung
kekablak ana ing antariksa . Dhasar nalika semana bedhug tengange wancinipun,
mila panase angempleng-ngempleng yayah mlethek-mlethekna larapan. Manuk
merak kang ora sethithik cacahe samya kekablak ana ndhuwure kang nandhang
katriwandhan , angeyubi sarta amayungi . Mupus pepes jroning manah Dewi
Sawitri, nanging dangu-dangu kraos murina. Rumaos digegabah dening Sang Hyang
Yama dene teka wantala anjabut titah kang tanpa dosa. Sakala jinunjung
mustakane Bambang Satyawan binantalan sela gilang , nyat jumeneng Dewi Sawitri
nyancutake kanang sesondher , nggemprang anungka Sang Hyang Yama …………………………..Sampak Tlutur
Ginem :
“Eeeeeee…….. Sawitri………..heemmmm, nungka lakuku sajake kabranang
praupanmu abang kaya kembang wora-wari , heemm. Apa kowe murina marang
patine guru lakimu heeem, Saitri?”
“Pukulun , wonten ing pepali sampun saged katampi tiyang
ingkang sapejagong kliwat saking setengah dinten menika srawunging
kekadangan boten beda kaliyan kadang tunggal yayah rena “
“Lha iya, pancen. Wong kang guneman luwih saka setengah dina kuwi srawung tanceeping rasa-pangrasa ora beda kaya sedulur tunggal yayah rena , mula kowe arep ngapa heeeeeh, Sawitri?”
“Lha iya, pancen. Wong kang guneman luwih saka setengah dina kuwi srawung tanceeping rasa-pangrasa ora beda kaya sedulur tunggal yayah rena , mula kowe arep ngapa heeeeeh, Sawitri?”
“Inggih, jawata menika nyathet tuwin neniteni dhateng lelabuhane
titah punapa boten?”
“Lha iya. Dewa kuwi amung tansah nyathet sarta aniteni
lekas-lekasing para titah . Yen ta titahe mau jroning urip nglakoni kautaman
swarga mulya kang bakal cinadhangake. Ning yen ta titahe mau jroning urip amung
nindakake panasaran murih gawe daredah saengon-enggon ya amung naraka yomani
papan dunung!”
“Pukulun nalika nitahaken Sawitri punika , punapa sampun dipuntiti
priksa salaminipun gesang lelampahan kula?”
“Lha iya genah wis daktiti priksa, heemmm! Kowe sawijining wanita
kang runtut ing samubarangmu : Siji, ora tau nyimpang saka
kautaman; loro kowe bekti marang rama ibu , kaping telune kowe setya marang
guru laki , nyatane nalika kowe bakal dhaup kalawan Si Satyawan kowe wis
ngerti yen Satyawan umure mung kurang sataun ewadene krentege atimu kok
bacutake wekasane bisa kasembadan !”
“Tiyang ingkang tresna dhateng krentegipun piyambak mangka
dipunwujudi tanpa kengguh dhateng samukawis menika dipunwastani tiyang ingkang
kados pundi?”
“Luhur-luhuring drajad manungsa kuwi yen ta wis bisa tresna marang
rasane dhewe , ngajeni marang atine dhewe , manteb marang gegayuhane dhewe .
Jer para dewa amung tansah tumingal marang polahe para titah, endi kang manteb
sarta endi kang teteg bakal nampa nugraha !”
“Menapa gesang ingkang kados Sawitri wau sampun satrepipun kedah nampi nugraha?”
“Menapa gesang ingkang kados Sawitri wau sampun satrepipun kedah nampi nugraha?”
“Urip kang kaya kowe sayekti bakal antuk nugrahaning dewa. Ora kok
bakal, nanging nyatane wis kasembadan !”
“Kasembadan kados pundi?”
“Kasembadan kados pundi?”
“Kasembadan uripmu bisa mulya , jenengmu bisa wibawa lan nyatane
kowe kinodrat dadi putra-putrine narendra !”
“Punapa kamukten ingkang saged kasawang sarana netra walaka wau genah mukti lair batos?”
“Punapa kamukten ingkang saged kasawang sarana netra walaka wau genah mukti lair batos?”
“Ning lumrahe kuwi kang kudu digoleki, heemmm !”
“Kula kepengin gesang wau saged ngraosaken kamulyan nanging boten
kawatesan ing dhiri kula pribadi . Benjing anak putu tuwin turun kula saged ta
ngraosaken kamulyaning domados awit saking kasempyok lelampahan miwah
awoh saking kautamenipun para sepuh ingkang tetilar dhateng putra wayahipun”
“Lha iya kuwi bener, heeemmm. Kuwi gegayuhan kang utama nyatane bisa klakon, bakale kowe heeemmm . Besok anak putumu bakal ngrasakake kamulyan, heeemmm!”
“Lha iya kuwi bener, heeemmm. Kuwi gegayuhan kang utama nyatane bisa klakon, bakale kowe heeemmm . Besok anak putumu bakal ngrasakake kamulyan, heeemmm!”
“Kamulyaning anak putu kula dipunsebabaken?”
“Saka gedhening lelabuhanmu marang jagad saisine !”
“Calonipun kula benjang peputra pinten ?”
“Kowe besuk ginaris kudu duwe anak satus cacahe!”
“Kowe besuk ginaris kudu duwe anak satus cacahe!”
“Ngaturaken genging panuwun tanpa upami , dados benjing kinodrat
anggadhani anak satus cacahipun ?”
“Iya, pancen kudu ngono !”
“Piyik menika dumados saking punapa?”
“Piyik kuwi dumadi saka endhode dara, heeemmm!”
“Ingkang ngendhog menika dara jaler menapa dara estri?”
“Sing ngendhog kuwi dara wadon!”
“Dara pawestri menika ngendhog dipunsebabaken….?”
“Nggone srawung kalawan dara lanang!”
“Menawi kula punapa saged peputra ingatasipun kula punika randha?”
“Woo iya, eeheemmm. Prayogane kowe kudu golek pangayoman
maneh kang asipat guru laki !”
“Prasetyaning manah kula boten kepengin winengku priya langkung
saking satunggal kajawi namung Satyawan !”
“Lha yen ngono , tetepe kowe ya dadi randha!”
“Lha yen ngono , tetepe kowe ya dadi randha!”
“Menawi makaten dewa menika menawi ngendikan entheng bobotipun?”
“Kowe kok ngarani entheng bobotku?”
“Sakawit pukulun menika paring dhawuh menawi kula kedah anggadhahi
anak satus tegesipun kula kedah kasembadan anak-anak!”
“Pancen kowe kudu duwe anak satus!”
“Ingkang saged anjalari kula anak-anak ?”
“Kowe kudu srawung lan priya!”
“Priya ingkang kula tresnani sampun pejah!”
“Kowe kudu golek priya liyane!”
“Kula boten kepengin winengku priya langkung saking satunggal!”
“Yen ngono kowe tetep dadi randha!”
“Menawi makaten dewa menika menawi ngendikan entheng bobotipun?”
“Ooo iya, kalah aku, haaaa…………Aku wis krasa , wong manteb, teteg
kaya kowe kuwi mesthi bakal entuk nugraha “
“Menika ingkang kula entosi!”
“Yooohhh….. wiwit dina iki daksembadani panjalukmu, kowe tetep dadi bojone Si Satyawan!”
“Menika ingkang kula entosi!”
“Yooohhh….. wiwit dina iki daksembadani panjalukmu, kowe tetep dadi bojone Si Satyawan!”
“Menapa wonten jamak limrahipun kula tiyang gesang kedah rinabi tiyang
pejah?”
“Satyawan saiki uriiiiip kowe kuwi ta heeeeeeehhhh…………
………………………………Ayak-ayakan Manyura
Pocapan :
Gregah kaya wungu saking nendra Bambang Satyawan.
Rerangkulan asta lan sang garwa Dewi Sawitri , sakedhap-sakedhap ingarasan
astane Bambang Satyawan dening Dewi Sawitri . Sewu tresna dadi sawiji .
Jer sayekti kabeh mau tan kena ginantha ing lair batin sanadyan pati wus
cinadhangake . Nanging awit saka srune wiradat bisa ngendhih dhatenging kodrat
. Pranyata Bambang Satyawan bisa nirmala mulih waluya temahan jati .
(TANCEP KAYON)
(Sumber tulisan : SUJARNO DWIJO SUSASTRO. WORDPRESS.COM)
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar