GENDHING DOLANAN
Lencana Facebook
Blogroll
Popular Posts
-
PELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmata...
-
GEGURITAN Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale sak...
-
Cangkriman Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Dene W...
-
PEPALI LAN WANGSALAN I 1. Nateng kaga, canthing bumbung dhuh bendara, (garudha, Para mudha, sun tuturi piyarsakna. ...
-
Gamelan Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe j aman Demak. Ana maneh sing...
-
A. Pranatacara 1. Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pran...
-
Ayo Gotong Royong Kembang-kembang terong Mbang terong megare sore Ayo gotong royong Gotong royong...
-
1. Abange kaya godhong katirah. 2. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. 3. Kuning pindha mas sinangling. 4. Kaya jambe...
-
Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Bad...
Mengenai Saya
Diberdayakan oleh Blogger.
Minggu, 02 Februari 2014
Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Badan Alus-e (Suksma Sejati)Si Anoman ya Resi Mayangkara. Ing kene bisa dikawruhi menawa Ki Nartosabdo saliyane dhalang uga guru sejati ilmu kebatinan.
RAGA LUWIH – SUKSMA SEJATI
Anoman Gagrag Mataraman
Suluk
Risang Maha yogi,
Sawusnya samadi,
Munggweng pacabrakan,
Wus dangu ningali,
Wijiling sasangka,
Saking graning wukir.
Apan nyata Pandhita linuwih, yata wau Resi Mayangkara........
Wus dangu denya cegah dhahar lan nendra Resi Mayangkara ya Begawan Mayangga Seta, Tanana ingkang cinipta jroning panekung muhung denirarsa wangsul pangayunaning para Dewa , hawa panas wus anglimputi saranduning sarira , sanajan…………Ilir-ilir sumilir kanang maruta manda anempuh sarirane Sang Mayangkara tetela wus boten karaos. Wus mangsa bawur netrane, pelo pangucape, datan trewaca pamirenge.Saranduning sarira kinisik-kisik wus datan ana unine kusika, tegese kulit.Sadhela-sadhela kraos benter, sadhela –sadhela kraos asrep.Kang mangkono sayekti pinangka pratandha lamun wus datan ajeg lampahe ludira .Langkung-langkung wus ana keketeg jaja butul prapteng walikat. Resi Mayangkara wus kraos salebeting penggalih bilih Sang Hyang Yamadipati dewaning hantaka, arsa anjabut Sang Suksma Sejati .Mila lila donya legawa ing pati. Sakala wus murcatma hanglinang suksma ResiMayangkara, pisah suksma lan ragane.......
Apan nyata Pandhita linuwih, yata wau Resi Mayangkara.........
Badan Wadhag:
"Jagad dewa bathara…….Semene wantalane Sang Suksma Sejati, nggone nyikara Klawan aku kang asipat raga linuwih, luputku apa dosaku apa dene Sang Suksma Sejati parikudu Oncat saka raga, bakal marang ngendi esthining tekadmu heh Sang SuksmaSejati, mara gage, aku Kang asipat gumelar, kang asipat kuwadhagan, tuturana kang sarta tuduhna ing ngendi dosa kang sarta kaluputanku?"
Suksma Sejati :
"Jagad dewa bathara......... Heh sang raga luwih, aja lancang pangucap wani nyaru wuwus kang sartan yaruwe sakabehing lekas-Lekas kang nedheng dak-tindakake. Kawruhana sejatine uripira iku amung kawengku ing jenengingsun, nadyan sira agegantha sarta agatra, sayekti tanpa paedah karana tan bangkit obah kumrembyah kang sarta makarti yen datan antuk pangayomaningsun, yaiku Sang SuksmaSejati..."
Badan Wadhag : "Yen ngono ayo padha satata luwih dhisik ....."
..................................................................
Badhan Wadhag :
"Heh Sang Suksma Adi, Ora ngira yen ta saya dewasa , saya ngrebda
nggonmu duwe cak-cakan angundhamana marang raga ingkang wus amadhahi
saliring karenteg kang sarta tekadmu , nadyan ingkang menceng sarta
ingkang jejeg . Aku wis ngrumangsani krembyahing tangan jumangkahe suku
ku, grenjeting prana , liriring netra sayekti tan bisa makarti , yen ta
kayoman dening panguwasaning Sang Suksma Sejati , nanging kawuningana
nadyan mangkonoa , sira uga wus tetela gedhe lelabuhane . Pirang-pirang
kang dadi krentege Sang Suksma Sejati, kepengin apa wae sarta bakal
lunga menyang ngendi Sang
Suksma Sejati bisane tumuli klakon yen ta utusan si raga, dene kang
mangkono sayekti wis bisa ditetepake yen ta si raga mono gedhe paedahe
kang sarta raga mono uga dijupuk daya gunane . Yen sira anggung
angundhamana kaya kang wus kok-ucapake sayekti tan wurunga amung bakal
gagar wigar tanpa karya saliring kang sira jangka sarta ingkang sira
gayuh".
Suksma Jati
:
"Heh , Sang raga luwih, pangucapmu purwa, madya, wasana samendhang wus
datan karempit, nanging kawruhana tumraping kodrat ingkang bisa angucap
mono sayekti amung Sang Suksma Sejati , ewadene sira ableger raga
asipat wadhag koncatan Sang Suksma Sejati parandene bisa angucap ora
sabab saka ngapa awit saka gedhene parimirma Sang Suksma Sejati marang
raga kang uga wus ngatonake lelabuhane , jroning padha loro-loroning
atunggal kumrembyah ing arcapada".
Badan Wadhag :
"Iya….Aku wis bisa ngakoni sakabehing kang kok-ucapake , nanging kaged
dene Sang Suksma Sejati parikudu oncat saka papan kaya wus tega atilar
arcapada , kalebu wantala daksiya marang raga kang wus bebarengan urip
kalawan Sang Suksma Sejati . Menyang ngendi bakal tekadmu heh Sang
Suksma Sejati aku emoh keri".
Suksma Sejati
:
"Heh raga luwih kawruhana, sayekti angribeti yen ta nggoningsun
nedya munggah sarta sumengka ing Guru Loka sinartan kekurungan kang
wujude tan prabeda kaya sira , ya nadyan ingarep sira wus bisa angucap
nuduhake pirang-pirang lelabuhan ingkang wus kok-wenehake marang ingsun ,
nanging bot-bote kahanan sayekti bakal gawat kliwat-kliwat . Uripe
manungsa kang coba-coba wani anglawan kodrat , mula, pancena jeneng
ingsun ora tega sarta wantala ninggal marang sipatira, yen ta nganti
kesuwen nggonira koncatan Sang Hyang Suksma Sejati, tan wurunga raga
kari nggalinting amung dadi memangsane wrejit cacing , mulya-mulyane
amung dadi sarah nyang endi parane kejaba amung kudu kentir ing banyu
kobaring dahana. Mula, ana karentege tyas-ingsun prayogane sira
budidayaa nyampurnakake sipatira srana nggonmu wani anggeguru tekad kang
sarta mupus marang pepasthene kodrat miwah aja kendhat ambudidaya
nyenyuwuna marang panguwasane Kang Akarya Jagad sirnane sipatira balia
marang ing ajal kamulanira!"
Badan Wadhag :
"Whe lha kok ngono? Yah…..Kabeh mengko ingkang kok-prentahake bakal
dak-lakoni nanging sadurunge dak-lakoni apa kira-kira Sang Suksma Sejati
bisa mangsuli pitakonku?"
Suksma Sejati :
"Yah….Mara gage sira arep takon apa?"
Badan Wadhag :
"Sadurunge tumiba ing bapa – biyung , aku – kowe sinebut apa?"
Suksma Sejati:
"Sadurunge tumiba ing bapa – biyung , aku lan sira sinebut karsaning Hyang"
Badan Wadhag :
"Sawise sinebut Karsaning Hyang , banjur apa jenenge?"
Suksma Sejati:
"Wuse tumiba ing bapa – biyung saka karsaning Hyang, ing kono mujudake sawijining atma".
Badan Wadhag : "Atma iku apa?"
Suksma Sejati: "Atma iku roh linuwih"
Badan Wadhag:
"Sawise gumelare dadi atma, banjur apa mengko wahanane?"
Suksma Sejati:
"Wise dadi atma tumuli agatra mujudake makarti budi".
Badan Wadhag : "Sawise wujud makartine budi gumelare dadi apa?"
Suksma Sejati:
"Sawise mujudake pakartine budi ing kono bakal ana thethukulan kang
awoh yaiku wujude kulit, daging , gatih, balung , rambut lan
pirang-pirang perangane badan . Nanging sayekti iku durung urip".
Badan Wadhag : "Bisane urip kudu diayomi dening apa?"
Suksma Sejati:
"Kawuhana , heh raga luwih, bisane urip kudu kayoman , ingkang sinebut
hawa Tri Murti . Tri tegese telu, Murti tegese pepadhang. Cahya telu
ingkang gumilang wus nyawiji ya ing kono sinebut wahyu nungkat gaib.
Nungkat tegese wiji, gaib – samar , wiji samar kang kinandhut ana guwa
garbane ibu sayekti ing mangkono kadadeyan saka pirang-pirang prakara
kaya kang wus dak-ucapake ing ngarep. Dene mungguh kuwadhagane bisa
gatra kang sarta gantha kena daya patang prakara yaiku bumi geni banyu
lan angin . Bumi geni banyu lan angin sayekti andayani sarta maweh daya
mujudage sipat gatrane manungsa . Yen ta pitung prakara wus manunggal
nyawiji bisa kadulu ana wewujudan kang tanprabeda kaya tawon gumana ,
dewasane wujud kaya pratima dhenta , tegese golekan gadhing , sayekti
ing kono wus kadunungan dayane ngaurip srana wus bisa tetunggalan klawan
Sang Hyang Suksma Sejati. Mula ana sawijining kaelokan kang ora bisa
digagabi nganggo nalar , senadyan urip mono mbutuhake daya pitung
prakara surya candra kartika bumi geni banyu lan angin parandene jabang
bayi kang kinandhut ana guwa garbane ibu wis bisa urip , yaiku kang
sinebut uripe Pramana. Uripe Pramana kang sinurung dayaning kaelokan,
dayaning andupara, dayaning rasa gaib sayekti ing benjang uga bakal bali
marang mula mulih mulanira , sarta kawruhana heh raga luwih , salawase
jagad isih nggunakake tembung ana sayekti bakal ana ingkang anganakake.
Rehne dumadi saka ora ana manungsa kudu gelem ngakoni yen kudu bali
marang ora ana. Sarta yen ta manungsa wus kandel marang panembahe sarta
eling marang ingkang anitahake samangsa ing tembe prapta wahyane
mangsakala kudu tinekakake kudu bali kang ora ana ora bakal keblasuk
dalane , jejeg – lempeng – gumana kaya teja mencorong hanelahi ngebeki
jagad raya.............................................................."
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar