GENDHING DOLANAN
Blog Archive
-
▼
2014
(28)
-
▼
Januari
(23)
- Dasanama Jarwa
- Dumadine Kutha ‘Wonosari’
- ASAL – USUL BANTUL
- UNDHUHAN
- WANGSALAN
- PARIBASAN PERTANIAN
- GURITAN IDUL FITRI
- PEPINDHAN
- BANCAK - DHOYOK
- OLAH TETANEN
- KERATA BASA
- CANGKRIMAN
- GURITAN GOTONG ROYONG
- KAWRUH GEGURITAN
- KAWRUH SESORAH
- SESORAH - 3
- PRANATACARA - 4
- PRANATACARA - 3
- PRANATACARA - 2
- PRANATACARA - 1
- SESORAH - 2
- SESORAH - 1
- Wilujeng Rawuh
-
▼
Januari
(23)
Lencana Facebook
Blogroll
Popular Posts
-
PELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmata...
-
GEGURITAN Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale sak...
-
Cangkriman Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Dene W...
-
PEPALI LAN WANGSALAN I 1. Nateng kaga, canthing bumbung dhuh bendara, (garudha, Para mudha, sun tuturi piyarsakna. ...
-
Gamelan Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe j aman Demak. Ana maneh sing...
-
A. Pranatacara 1. Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pran...
-
Ayo Gotong Royong Kembang-kembang terong Mbang terong megare sore Ayo gotong royong Gotong royong...
-
1. Abange kaya godhong katirah. 2. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. 3. Kuning pindha mas sinangling. 4. Kaya jambe...
-
Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Bad...
Mengenai Saya
Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 25 Januari 2014
A. Pranatacara
1.
Werdine
Pranatacara
Pranatacara
uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara,
pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa pranata laksitaning adicara. Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nata lan
nglantarake acara utawa adicara . Dene bakuning jejibahan utawa ayahan pranatacara
yakuwi nglantarake lakune cak-cakaning acara utawa adicara ana ing rapat-rapat,
pasamuwan, utawa upacara kang wis dirancang sadurunge. Dadi lugune atur palapuran (protocol) tumrap
cak-cakaning utawa lakuning acara/adi cara. Mligi ana ing upacara lelayu utawa sripah tetembungan adicara utawa acara diarani adilaya
Pranatacara banget wigati ana ing sawijining acara, awit regeng, nges
lan orane sawijining adicara iku saperangan
gedhe dadi tanggung jawabe pranatacara.
2.
Bedane Pranatacara lan Pamedhar Sabda
Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe
jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten,
kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan
utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing acara upacara adat
temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara
ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab
Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi)
temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana
(pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean
(kuburan).
Wondene
sing diarani pamedhar sabda yaiku
paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining perkara. Ing tata
upacara pahargyan temanten, pamedhar sabda
mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pamedhar sabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe, pasrah
temanten utawa nampa pasrahe temante, khutbah walimah (wasitatama). Yen ing
omahe wong kasripahan (kepaten), pamedhar sabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang
wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene patemon ilmiah
(pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda kayata, ceramah, sesuluh dines
(penyuhan dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umuh, wisuda, lan
liyane.
3.
Cecawis Sanguning Pranatacara
Murih jejibahan
bisa
kasil kanthi becik, pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa
ngrengkuh sarat sarana kang baku yaiku :
a.
Swara
Swara pinangka srana babaraning
basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung,
membat mentul, kepenak
dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa.
tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis
–manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama) : Nyakup
sora-lirih, dawa -cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan
lak-luking swara.. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung
b.
Busana
/ Ageman
Ajining
raga gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih
jejibahan kang diemban bisa kaleksanan
kanthi becik Pranatacara lan pamedhar
sabda kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan
utawa kaperluwane ana ing upacara ,
rapi, lan tumata panatane.
Ana ing babagan busana ( ageman ) iku , Suhunan
Pakowboewana IV paring pangandikan marang para sentana lan krabat Kasunanan
Surakarta mangkene :
“ Nyandhang menganggo iku dadiya
sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trapna
traping panganggon, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan wernane
jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”
c.
Subasita
Trapsila
utawa tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang
becik bisa ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah
bawa aja digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku.
Owah-owahan
pasemon uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang
tundhone jumbuh karo swasana.
d. Basa lan sastra
Basa kang digunakake pranatacara lan
pamedhar sabda diudi sing bener, pener,
becik,
endah, lan gampang ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang
trep panganggone. Supaya trep kudu ngeling:
·
Sapa sing guneman
·
Sapa sing tumanggap wawan
gunem/audiens
·
Sapa /apa sing digunem
·
Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)
Dene
kawruh kasusastran tumrap kang kepengin nggayuh pranatacara lan pamedhar sabda kang gamben lan
profesional nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang, purwakanthi Pewayangan, kawruh
karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.
4.
Cengkorongan Baku Wicara Pranatacara
a.
Pambuka
·
Salam
pambuka
·
Sapa
aruh marang tamu
·
Muji
syukur mring Pangeran
b.
Maosake
rantamaning adicara
c.
Nyuwun
gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka wasana
d.
Ngaturake
lan mandhegani adicara siji mbaka siji
kanthi wijang
e.
Panutup
·
Nyuwun
pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura
sing hamengku gati/ panitya)
·
Nderekake
ndedonga panutup
·
Salam
panutup
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar