GENDHING DOLANAN
Blog Archive
-
▼
2014
(28)
-
▼
Januari
(23)
- Dasanama Jarwa
- Dumadine Kutha ‘Wonosari’
- ASAL – USUL BANTUL
- UNDHUHAN
- WANGSALAN
- PARIBASAN PERTANIAN
- GURITAN IDUL FITRI
- PEPINDHAN
- BANCAK - DHOYOK
- OLAH TETANEN
- KERATA BASA
- CANGKRIMAN
- GURITAN GOTONG ROYONG
- KAWRUH GEGURITAN
- KAWRUH SESORAH
- SESORAH - 3
- PRANATACARA - 4
- PRANATACARA - 3
- PRANATACARA - 2
- PRANATACARA - 1
- SESORAH - 2
- SESORAH - 1
- Wilujeng Rawuh
-
▼
Januari
(23)
Lencana Facebook
Blogroll
Popular Posts
-
PELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmata...
-
GEGURITAN Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale sak...
-
Cangkriman Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Dene W...
-
PEPALI LAN WANGSALAN I 1. Nateng kaga, canthing bumbung dhuh bendara, (garudha, Para mudha, sun tuturi piyarsakna. ...
-
Gamelan Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe j aman Demak. Ana maneh sing...
-
A. Pranatacara 1. Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pran...
-
Ayo Gotong Royong Kembang-kembang terong Mbang terong megare sore Ayo gotong royong Gotong royong...
-
1. Abange kaya godhong katirah. 2. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. 3. Kuning pindha mas sinangling. 4. Kaya jambe...
-
Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Bad...
Mengenai Saya
Diberdayakan oleh Blogger.
Jumat, 31 Januari 2014
Nalika ing Mataram kang jumeneng nata Sinuwun
Panembahan Senapati, Bantul wis ana kang ngasta bawat. Laire jeneng Bantul ana
gandheng cenenge karo lelakone Ki Ageng Mangir nalika arep sowan marak marang
marasepuhe ora liya Panembahan Senapati.
Manut
crita babad, Ki Ageng Mangir kang nyekel paprentahan ing tanah perdikan Mangir,
ora kersa seba menyang Mataram. Ora ngakoni panguwasane Panembahan Senapati ing
Mataram. Mesthi wae gawe judhege Panembahan Senapati. Yen digebag perang,
mesakake kawula cilik kang ora ngerti kenthang kimpule dadi kurban. Patrape Ki
Ageng Mangir kang kaya mangkono mau jalaran panjenengane kagungan sipat kandel
awujud Tumbak Baru Klinthing kang ngedab-edabi.
Panembahan
Senapati kagungan pamomong Ki Juru Mertani lan pepatih dalem Ki Mandaraka.
Kekarone kondhang sugih akal, sugih rekadaya. Yen Ki Ageng Mangir diadhepi
kanthi nggecak perang, ngerigake prajurit Mataram sagelar sepapan bisa ora
becik kedadeane. Yen dienengke wae ora gelem mara seba uga ora becik tumrap kawibawan
jejeg adege paprentahan Mataram kang nembe wae madeg.
Ki
Mandaraka duwe akal, supaya Panembahan Senapati nggunakake cara alus. Putri
Pembayun katimbalan, kaparingan jejibahan abot nelukake Mangir. Ki Mandaraka
ngendikani akeh-akeh kepriye mengko anggone ngadhepi Ki Ageng Mangir. Sawise
cetha kabeh pangandikane Ki Mandaraka, Putri Pembayun nyendikani dhawuh.
Mbarang
Putri Pembayun bebarengan karo sawetara abdi banjur
budhal menyang tlatah Mangir. Nanging kabeh namur laku dadi tukang mbarang
ledhek. Ider njajah desa milang kori. Wong-wong Mangir padha kesengsem marang
jogede Putri Pembayun kang pancen kenes, luwes lan nggemesake kawimbuhan kasulistyane
Putri Pembayun, kang pancene putri nata ing Mataram, mula akeh kang padha
nanggap.
Gancaring crita kawentare ledhek barangan mau nganti
kepireng Ki Ageng Mangir. Ki Ageng Mangir nuli utusan nimbali ledhek barangan
mau angkahe ditanggap kanggo sukuran merti desa. Bareng ledhek wis ana ngarepe
Ki Ageng Mangir, panguwasa perdikan Mangir iki sakala gonjing atine, miring
sedyane kesengsem kamitenggengen
nguningani kasulistyane si ledhek barangan . Apa maneh bareng priksa jogede kang
luwes asring mbalang liring Ki Ageng Mangir, saya mimbuhi panguwasa bumi
perdikan Mangir iki gandrung-gandrung kapirangu. Sakala tuwuh pikire Ki Ageng Mangir mundhut
garwa si ledhek barangan . Putri Pembayun ya si ledhek barangan mung ndherek
kersane Ki Ageng Mangir. Klakon Putri Pembayun dadi garwane Ki Ageng Mangir. Ki
Ageng Mangir babar pisan ora ngira lan ora priksa yen garwane kuwi satemene
putri putraning mungsuh sing tekane menyang Mangir mengku karep nelukake Mangir
tanpa perang.
Blaka
Sawise sawetara suwe dadi garwane Ki Ageng Mangir,
Putri Pembayun mbobot. Bebarengan karo kuwi ana prajurit sandi saka Mataram
kang ndheseg supaya Putri Pembayun enggal tumandang.
Sawise ditimbang-timbang, wusanane Putri Pembayun
blaka yen dheweke kuwi satemene putra-putrine Panembahan Senapati. Nalika
krungu, sakala Ki Ageng Mangir duka. Putri Pembayun dijempalani, Putri Pembayun
babar pisan ora suwala paribasane ditigasa jangga sumangga kersa ing astane Ki
Ageng Mangir. Nyumurupi Putri pembayun kang mung pasrah kawimbuhan nyawang
sulistyane sang putri , Ki Ageng Mangir lilih dukane . Malah ing liya wektu kanthi
pawadan panjaluke si jabang bayi sing ana ing kandhutan, Ki Ageng Mangir diajak
sowan seba ing Mataram. Wiwitane Ki Ageng Mangir ora kersa , awit petungane yen
sowan mungsuh ora wurung ana ing Mataram dipateni, cilice dilorobake ana
pakunjaran. Putri Pembayun matur yen
bakal nanggung kawilujengane Ki Ageng Mangir. Lan saking pintere ngrimuk,
wusanane Ki Ageng Mangir kersa sowan ing
Mataram.
Bantul
Senajan arep sowan marang marasepuh, nanging amarga
kabeh durung cetha Ki Ageng Mangir tetep nganthi prajurit Mangir sagelar
sepapan. Kanggo ngawekani yen ana gawe parigawe ing Mataram.
Margaatine Ki Ageng Mangir ora pati jenjem, olehe nata
barisan mung waton wae. Barisan mlaku tanpa nyawang larase wong baris. Nanging
bareng tekan sawijining papan, nalika Ki Ageng Mangir mriksani barisane,
disawang kaya kurang becik.
Wong-wong kang padha baris kuwi, sing cendhek lan sing
dhuwur campur dadi siji. Mula yen mlaku barisan kuwi dadi katone MENDAT –
MENTUL . Barisan diendheg banjur ditata, sing dhuwur dadi siji karo sing
dhuwur, sing cendhek dadi siji karo sing cendhek, kaya lumrahe wong pacak
baris.
Kanggo pepenget, yen ana rejane jaman papan kene ndak
jenengi BANTUL njupuk saka tembung panataning baris kang MENDAT – MENTUL, ngono
sabdane Ki Ageng Mangir.
Barisan banjur nerusake laku tumuju Mataram. Crita
sabanjure wis padha kawuningan, yen wusanane tekan Mataram, sirahe Ki Ageng
Mangir dening Panembahan Senapati kejeblesake ing sela gilang papan siniwakane
Panembahan senapati. Mangkono kuwi asale tembung Bantul manut Babad Mangir. Bab
bener lan orane kasumanggakake.
(Sumber : Majalah Basa Jawa Mekar Sari, 25 Juli 1995)
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar