GENDHING DOLANAN
Lencana Facebook
Blogroll
Popular Posts
-
PELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmata...
-
GEGURITAN Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale sak...
-
Cangkriman Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Dene W...
-
PEPALI LAN WANGSALAN I 1. Nateng kaga, canthing bumbung dhuh bendara, (garudha, Para mudha, sun tuturi piyarsakna. ...
-
Gamelan Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe j aman Demak. Ana maneh sing...
-
A. Pranatacara 1. Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pran...
-
Ayo Gotong Royong Kembang-kembang terong Mbang terong megare sore Ayo gotong royong Gotong royong...
-
1. Abange kaya godhong katirah. 2. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. 3. Kuning pindha mas sinangling. 4. Kaya jambe...
-
Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Bad...
Mengenai Saya
Diberdayakan oleh Blogger.
Selasa, 04 Februari 2014
Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur
warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe jaman
Demak. Ana maneh sing ngendika gamelan lan seni nggamel iku tuwuh jaman
Majapahit, jamane Patih Gajah Mada lan rajane. Yen nlusur sarana nitipriksa
gamelan kang ana saiki lan sing kalebu gamelan tuwa. Kaya-kaya gamelan sing
diarani tuwa dhewe iku, jebule isih kalebu enom , jalaran jaman kuna uga wis
ana gamelan. Yen macani prasasti cathetan kuna, candhi-candhi sing umure atusan
taun, ing kono bisa katitik anane jeneng-jeneng ricikan gamelan saiki. Uga
kalebu buku-buku utawa layang-layang kuna karanBalitung, raja Mataram Kuna,
tinulis istilah “padahi”, kang dikarepake tabuhan kang aran “kendhang, tambur,
terbang gedhe” . Ing layang kang isi crita tokoh-tokoh Mahabarata sing karacik
nganggo basa Jawa kuna, uga tinemu araning tetabuhan kang saiki klebu ewoning gamelan. Crita
Mahabarata Jawa kuna ditulis nalika sugenge Prabu Darmawangsa (taun 990 –
1007), raja kedhiri uga akeh tembung araning gamelan kang tinemu ing layang
kang ditulis jamane Prabu Erlangga (1019-1042), Prabu Warsajaya (1104), Prabu
Jayabaya (taun 1130 – 1160), raja
Kadhiri, jeneng unen-unen utawa gamelan iki kayata: beri, curing (klinthing,
lonceng cilik), garantung (gambang), gong, gubar (kempul), kangsi (rebab),
kemanak, kendhang, ronji(angklung), salukat (saron peking), salunding (gender),
suling, tudhung (suling gedhe).
Istilah gamelan asale saka tembung
“gamel” (Jawa kuna), tegese “cekel”. Mbokmenawa amarga sawise ditabuh
(dithuthuk) banjur dicekel (dipekak) kaya yen nuthuk saron utawa slenthem,
barang iku suwe-suwe katelah “gamelan”. Istilah Jawa kuna-ne “tabeh-tabehan”,
lan ana manes istilah “tamara”. Tembung “tamara, tamra”, Jawa kunan-ne ateges
“tembaga”. Gamelan iku biyen-biyene kagawe saka “tamra” (tembaga). Ana maneh
gamelan kang digawe saka kuningan, basa Sansekerta-ne “kamsa” owah dadai
“gangsa”, kang sabanjure dadi tembung kramane (dasanamane) tembung “gamelan”.
Ana maneh istilah “pradangga” tumrap gamelan. Basa Jawa Kuna-ne “mredangga”,
yaiku araning tabuh-tabuhan kang memper kendhang gedhe, tambur.
Ora biyen ora saiki, gamelan ana
gandhenge karo kesenian wayang, karawitan, niyaga, sindhen, lsp. Tembung
“wayang, ringgit” wis ana wiwit jaman kabudayan kuna. Ing layang Ramayana ing
kono ana istilah “mawayang, angringgit”, tegese “mayang”. Sing sok mayang
sebutane “widu”. Kajaba mayang widu uga bisa nggamel lan ngidung (nembang).
Sing gawene mayang saiki diarani dhalang. Istilah dhalang wis tinemu, apese
wiwit jaman Kedhiri, kamot ing layang Kresnayana, katulis jamane Prabu
Warsajaya. Istilah “dhalang” iku jenenge abdine Bima, kasebut ing layang
Nawaruci (jaman Majapahit). Abdine Bima ana loro, yaiku Semar lan Dhalang. Abdi
iku kuwajibane momong Bima lan nyathet piwulange para resi gurune Bima.
Ing layang Arjunawiwaha, karangane Empu
Kanwa, jamane Airlangga (1019 – 1042), tinemu syair Jawa kuna kang diarani
“kakawin”. Ing sajroning kakawin sapada ngandharake mangkene : “Ana
wong padha nonton wayang (ringgit), padha nangis lan sedhih. Wong-wong iku ora
ngerti (rumangsa), manawa wayang iku mung wujud lulang diukir, bisa obah lan
guneman. Ora ngerti obah lan gunemane iku mung semu”.
Ing layang Sumanasantaka karangane Mpu
Monaguna, nalika jamane Prabu Warsajaya, raja Kadhiri, nyaritakake nalika
Pangeran Aja (putra raja Ayodya, bapakne Dasarata, embahne Rama) kawisudha,
wong-wong kang padha rawuh ing panggung jumeneng kaya wayang dijejer
(disimping).
Pangripta layang Jawa kuna kang mawa
irah-irahan Partayadnya, isine nyaritakake Arjuna mangkat lumaku menyang
pertapan
ing guwa kang dumunung ing gunung Indrakila, nyritakake pasawangan ing alas:
Wit-witan jejer-jejer, sinawang kaya gelaring wayang, langit minangka kelir,
srengenge minangka blencong, angin sing ngobah-obahake.
Istilah “niyaga” sakawit ateges “panggamel”, wong sing
nabuh gamelan. Tembung “niyaga” utawa “nyaga”, tegese “panuntut laku”, “panganjur”
(L. Mardiwasita), “sing main gamelan” (Prof.Dr. P.J. Zoetmulder). Tembung “niyaga”
saiki owah dadi tembung “wiyaga”, sing tegese “panabuh gamelan”
Tembung “karawitan” Jawa kuna asale saka tembung “rawita”.
Tembung “rawita” asale saka wod “raw”, tegese “ywara, muni”. Dadine tembung “rawita”
tegese nyawa utawa muni uga. Saiki dadi istilah “karawitan” Jawa anyar, kang
karepe ngemu teges “samubarang kang magepokan karo seni swara”, mligine
swaraning gamelan.
Istilah “gending utawa ganding” (diwaca: “gendhing”),
uga wis tinemu ing prasasti kuna, lan buku-buku Jawa kuna. Dene “gending” iku
sawijining piranti (instrumen) kang muni sarana dijimpit driji utawa dimainake dening tangan. Mula ana istilah “ganding
rawanahastha” , “tegese gendhing
muni karana tangan” Lan Gendhing Rajaswala. Saiki akeh banget araning
gendhing kang sesambungan karo unining gamelan.
Tembung “sindhen”, Jawa kuna “sindhen”, asale saka
tembung “sindhi” oleh panambang –an. Tembung “sindhi”, tegese “pasemon”,
Indonesiane “sindiran”. Sindhen Jawa kuna cakepane isi pasemon lan dhapur
kakawin utawa saloka (seloka/sloka) isine memper karo paribasan, bebasan,
saloka, lsp.
Ing basa Jawa kuna uga ana istilah “uyu, manguyu”,
tegese “muni sing ora ana lerene”. Upamane swaraning kombang, mbrengengeng ora
ana pedhote. Ing jaman saiki ana pahargyan manten uga asring keprungu “gendhing
manguyu-uyu” kanggo ngurmati rawuhe para tamu.
Kanthi landhesan kang kabeber ing ngarep, bisa dijupuk
dudutan : Ing kabudayan Jawa kuna wis dikenal anane piranti (instrumen) kang
saiki diarani “gamelan” Budaya pawayangan uga wis ana, lan pakelirane. Saperangan
istilah kuna teka saiki isih urip.
(Ature : R.S. Subalidinata ing Kalawarti Basa Jawa Djaka
Lodang No.18; 2007)
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar