GENDHING DOLANAN
Blog Archive
-
▼
2014
(28)
-
▼
Januari
(23)
- Dasanama Jarwa
- Dumadine Kutha ‘Wonosari’
- ASAL – USUL BANTUL
- UNDHUHAN
- WANGSALAN
- PARIBASAN PERTANIAN
- GURITAN IDUL FITRI
- PEPINDHAN
- BANCAK - DHOYOK
- OLAH TETANEN
- KERATA BASA
- CANGKRIMAN
- GURITAN GOTONG ROYONG
- KAWRUH GEGURITAN
- KAWRUH SESORAH
- SESORAH - 3
- PRANATACARA - 4
- PRANATACARA - 3
- PRANATACARA - 2
- PRANATACARA - 1
- SESORAH - 2
- SESORAH - 1
- Wilujeng Rawuh
-
▼
Januari
(23)
Lencana Facebook
Blogroll
Popular Posts
-
PELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmata...
-
GEGURITAN Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale sak...
-
Cangkriman Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Dene W...
-
PEPALI LAN WANGSALAN I 1. Nateng kaga, canthing bumbung dhuh bendara, (garudha, Para mudha, sun tuturi piyarsakna. ...
-
Gamelan Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe j aman Demak. Ana maneh sing...
-
A. Pranatacara 1. Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pran...
-
Ayo Gotong Royong Kembang-kembang terong Mbang terong megare sore Ayo gotong royong Gotong royong...
-
1. Abange kaya godhong katirah. 2. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. 3. Kuning pindha mas sinangling. 4. Kaya jambe...
-
Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Bad...
Mengenai Saya
Diberdayakan oleh Blogger.
Senin, 27 Januari 2014
NANDUR
PARI
Beras dadi kabutuhane masyarakat, mula ya ora nggumunake
manawa ora sethithik beras kang kudu dicawisake. Dene kang kajibah nyukupi
beras ora liya para among tani, srana nggarap sawah nandur pari. Mungguh kaya
ngapa lan kepriye carane nindakake nggarap sawah, mbok manawa na becike yen
diandharake sawatara, wiwit gawe winih tumekane panen.
Dhek jaman biyen, nalika irigasi durung tumata, sadurunge
ngancik ngolah lemah padha nganggo petungan mangsa. Dene mangsa kang diugemi
yaiku mangsa kanem lan uga ngungak lintang luku kang wis katon manjer ing sisih
wetan. Lumrahe pangolahe lemah kawiwitan gawe pawinihan. Gawe winih mono ana
kang nganggo ngurit/nyebar. Cara-cara iku kajumbuhake karo kahananing lahan.
Yen ing sawah kono banyune angel, adate katindakake kanthi ngurit. Ngurit yaiku
ndhedher wiji pari kang isih wulen, dene kretegan yaiku pari kang disebar
garingan tanpa dilebi banyu. Kekarone wiji pari iku kadhedher ana ing lemah
garing. Dene nyebar, wiji didhedher ing lemah teles, wujud gabah kang wis
nokol/thokol.
Sinambi ngenteni gedhene winih, Pak Tani nuli nggarap sawah.
Sawah dilebi nuli diluku, luwih dhisik sawah disukoni, yaiku maculi
pojok-pojoking sawah kang ora bakal kaambah dening luku. Nyukoni iku bisa uga
katindakake sawise diluku, Bakda iku, lemah dilebi lan dileremake sawatara sina
supaya suket lan gegodhongan padha bosok dadi lemi. Tindak mangkono iku arane
didhayungake. Sinambi ngenteni anggone ndhayungake, lumrahe pak tani nampingi
utawa nembok galengan supaya ora padha bolong, bisa wutuh, rapi lan rata.
Sawise cukup anggone ndhayungake, lemah dilumahake, tegese
digawe rata srana digaru. Kanthi mangkono brongkalan-brongkalan lemah padha
ajur, satemah lemah dilawet dadi leleran. Yen wis mangkono lahan siap
ditanduri. Supaya tandur bisa tumata larikane, katon runtut, luwih dhisik
nancepake kepala, yaiku tancepan tandur kang bakal dadi panutan.
Kanggo rerangken tandur, ora lali dicawisake sesaji kanggo
panuwun lan panyuwun marang Gusti. Sawise dipasrahake nganggo didupani, sajen
banjur dikepung sing padha arep tandur, lumrahe para wanita. Piranti sing
kanggo tandur yaiku wilah sing diwenehi tetenger kang padha elete. Piranti iki
diarani klathakan utawa blak. Blak ditrapake manut kepala, nuli saben tetenger
ditancepi winih. Mangkono sabanjure lumaku mundur.
Watara setengah sasi tandur wiwit ijo, mracihnani yen urip,
diarani nglilir. Watara umur sesasi diwatun utawa digosrok. Kajaba kanggo
ngilangi suket sing ngganggu, uga duwe tujuan nggemburake lemah. Bakda iku
tandur dirabuk. Ora antara sasi tandur dadi ijo royo-royo, gumadhung. Tandur
mekar, mundhak gedhe lan dhuwur. Ora suwe maneh mlecuti, siji loro katon
wulene. Dene yen wulen pari iwis jumedhul kabeh, arane mrekatak. Bakda iku wulen
kang mentes padha tumungkul, dene sing gabug padha ndangak. Saya suwe pari saya
kuning. Yen wis mangkono becike sawah disat supaya nyepetake pari padha tuwa.
Sawise sesaji “wiwitan” dileksanani, pari banjur dipanen.
Supaya panenane apik, mesthine para among tani padha
nindakake Sapta Usaha Tani kang digiyarake dening Penyuluh Pertanian, yaiku:
1.
pamilihing
bibit unggul
2.
pangolahing
lemah
3.
pangrabuking
lemah
4.
ngature
ilining oncoran (irigasi)
5.
mbrastha
ama manawa perlu
6.
pangedoling
kasil panenan (pemasaran)
7. Pasca
panen (pangrumate kasil lan lemah sawise panen).
Tegese tembung :
Galengan = guludan lemah pinangka watesing sawah
Tembok = mopok galengan nganggo lendhut
Nyukoni = maculi pojok-pojokan sawah sing ora kambah garu lan luku
Ngurit = nyebar gabah sing wis nokol
Ndhaut = mbubuti winih pari saka pawinihen
Mbanjar = mbagi winih pari sing uwis didhaut ing lahan sawah siap tandur
Blak = wilah bambu sing diwenehi elet/jarak kanggo ngukur elete utawa jarak tandur siji lan sijine, sing umum elete 25 - 30 cm
Matun = ngresiki suket ing sela selane tanduran pari lumrahe nganggo piranti : sosrok/gosrok utawa slodho
Gmadhung = tanduran pari katon ijo royo-royo
Mlecuti = Siji loro wulen pari wis katon jumedhul
Mrekatak = wulen pari wis njebrol/njedhul kabeh
Tumungkul= pari wiwit ndhungkluk tandha aos/isi
Ndangak = wulen pari tandha kopong/ gabug ora ana isine
Gembrang = wulen pari dipangani emprit utawa pitik
Wiwit = upacara climen methik pari
Ani-ani = methik pari uga jeneng piranti kanggo methik pari
Derep = buruh methik pari
Bawon = opah methik pari
Ngiles = ngrontokkae gabah saka wulen pari nganggo sikil
Wujude Palemahan
Sawah sorodan = sawah kang diileni banyu irigasi kanthi ajeg
Sawah tadhahan = Sawah kang mung njagakake banyu udan
Pategalan = palemahan kang ditanduri palawija, pala kesimpar lan pala kependhem
Pakebonan = palemahan ing sakiwa tengene omah kang ditanduri pala kependhem, pala gumantung lan pala kirna
Pekarangan = palemahan ing sakiwa tengene omah kang ditanduri tanduran kang ora dawa umure (jenis sayuran) yen jaman saiki mung ditanduri pasren (kembang/tanaman hias)
Pagagan = sawah kang ditanduri pari gaga ing ngarepe mangsa rendheng
Babadan = palemahan/sawah sadurunge dadi sawah awujud alas (hutan) lan dibabadi luwih dhisik
Talun = palemahan bera ing pegunungan
Pagajih = palemahan/ sawah ing pinggiring kali utawa bengawan (delta)
Asiling Tetanen
Pala kesimpar = tanduran kang wite rumambat, wohe ana ing sadhuwure lemah, tuladha : semangka, bligo, waluh, timun, jipang, lsp
Pala kependhen = tanduran kang wohe ana ing sajerone lemah = ketela, uwi, gembili, tales, nggarut, lsp
Palawija = tanduran ing sawah saliyane pari: jagung, kacang brol, kedhele, lsp
Pala kirna = tanduran kang nduweni umur dawa (tanaman keras) : nangka, pelem, klapa, duren, lsp
Pala gumantung = tanduran kang nduweni umur cendhek : gedhang, tela gantung, lsp
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar