GENDHING DOLANAN
Blog Archive
-
▼
2014
(28)
-
▼
Januari
(23)
- Dasanama Jarwa
- Dumadine Kutha ‘Wonosari’
- ASAL – USUL BANTUL
- UNDHUHAN
- WANGSALAN
- PARIBASAN PERTANIAN
- GURITAN IDUL FITRI
- PEPINDHAN
- BANCAK - DHOYOK
- OLAH TETANEN
- KERATA BASA
- CANGKRIMAN
- GURITAN GOTONG ROYONG
- KAWRUH GEGURITAN
- KAWRUH SESORAH
- SESORAH - 3
- PRANATACARA - 4
- PRANATACARA - 3
- PRANATACARA - 2
- PRANATACARA - 1
- SESORAH - 2
- SESORAH - 1
- Wilujeng Rawuh
-
▼
Januari
(23)
Lencana Facebook
Blogroll
Popular Posts
-
PELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmata...
-
GEGURITAN Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale sak...
-
Cangkriman Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Dene W...
-
PEPALI LAN WANGSALAN I 1. Nateng kaga, canthing bumbung dhuh bendara, (garudha, Para mudha, sun tuturi piyarsakna. ...
-
Gamelan Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe j aman Demak. Ana maneh sing...
-
A. Pranatacara 1. Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pran...
-
Ayo Gotong Royong Kembang-kembang terong Mbang terong megare sore Ayo gotong royong Gotong royong...
-
1. Abange kaya godhong katirah. 2. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. 3. Kuning pindha mas sinangling. 4. Kaya jambe...
-
Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Bad...
Mengenai Saya
Diberdayakan oleh Blogger.
Jumat, 31 Januari 2014
Anggitanipun Suwargi Radèn Tumênggung
Sastranagara. Pujôngga ing Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat, Inggih Punika
Ingkang Kala Taksih Apangkat Kaliwon Sinêbut Kiyai Ngabèi Yasadipura Kaping
Kalih.
Anggitanipun
Suwargi Radèn Tumênggung
Sastranagara
Kawêdalakên dening Radèn Dirjaatmaja.
Rêdhakturing Sêrat Kabar Jawi Kandha ing Surakarta.
Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan N.V.
Mij. t/v d/z ALBERT RUSCHE & Co.
Soerakarta 1913.
Sêrat Dasanama Jarwa
Punika sêrat dasanama, ingkang winijangakên wardi
suraosipun, dhatêng Pujôngga Radèn Tumênggung Sastranagara, abdi dalêm bupati
kadipatèn anom, inggih punika ingkang kasêbut nama Ngabèi Yasadipura ingkang
kaping kalih, anggènipun anjarwani makatên punika, saking angèstokakên dhawuhing
karsa dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping sakawan, ingkang
angadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat, supados kagêm wêwaton ing
salaminipun, minôngka pêpèngêt dhumatèng kajêngipun ing asma piyambak-piyambak,
katranganipun ing ngandhap punika
Namaning Dewa
Sang Hyang. Têgêsipun amadhangi, awit ing ngajêng
têmbungipun syang, têgêsipun padhang, amêndhêt saking padhanging srêngenge
awan, sawênèhing sarjana, têmbung sang hyang, dipun wrêdèni angidini, kapêndhêt
saking têmbung anuswara sahyan purba saking sahiya, têgêsipun angèstokakên,
sarèhning pamanggih kalih wau têpang suraosipun, inggih prayogi sami kangge
wêwaton, awit têmbung angidini, tuwin angèstokakên, saèstu gadhah kajêng
amadhangakên, tandhanipun dewa kawasa sipat mirah sipat asih, anjurungi
sakajating titah sadaya.
Sang Hwang. Têgêsipun sêsotyaning manusa, wijangipun, sang,
sotya, adi, hwa, manusa, saking têmbung, wong, dene wong punika jarwanipun
piyambak paklowongan, inggih raga, inggih awak, inggih sarira, satêngahing
sarjana têmbung sang hwang, dipun wardèni pêpijèning sêsotya, wijangipun sang,
sotya, dene hwang gadhah jarwa ingsun, saking têmbung ingwang, dene têgêsipun
sun wau, andhewe, piniji, witipun saking têmbung suhun, têgêsipun sumêmi,
inggih punika gêsang, inggih gêsang inggih wiji, dene têmbung sun, gadhah
parerehan ingwang, têmbung ingwang, gadhah parerehan têmbung sumêmi, saking
sumêmi wau.
Absara. Têgêsipun waskitha, punika ngajêng saking têmbung
aibsara, wijangipun aib, elok, samar, sara, landhêp, alus, lêpas, dados
pikajêngipun ingkang lêpas botên kasamaran, dene sumêrêp sadèrèngipun winarah,
ingkang gaib ingkang elok ingkang samar sampun kacakra wontên siring budi
sadaya.
Dene têmbung Sangsêkrita wontên ingkang mirib suraosing
têmbung absara, inggih punika absra, têgêsipun êrèh alus, bokmanawi
pamêndhêtipun ngajêng saking têmbung absra wau, awit alus lêpas punika
bangsaning samar, punapadene rèh saèstu inggih saking elok, sabab absara punika
taksih badan alus, jisim rohkani, mila bôngsa absara punika kala samantên botên
mêsthi ingkang mutrakakên, nanging inggih bangsaning jawata sadaya.
Jiwata. Têgêsipun paugêraning gêsang, wijangipun jiwa,
nyawa, ta: paugêran, sawênèhing sarjana, têmbung jiwata, jinarwan jêjêring
wiji, wijangipun ji: rahsa, inggih wiji, saking parji, wata: jêjêr, saking wat.
Gana. Têgêsipun wujud kawasa, sawênèhing sarjana têmbung
gana, kajarwanan luhur, dados saking wancahaning têmbung gêgana, kabêkta
bangsaning para dewa sagêd angambah ing awang-awang.
Mahanasa. Têgêsipun langkung kawasa, wijangipun maha: luwih,
agêng, nasa: kawasa.
Dewa. Kabêkta saking namaning panggenan, sawênèhing sarjana
têmbung dewa, dipun têgêsi karsa ingkang linangkung, wijangipun, de kajêng, wa
linangkung.
Dewata. Têgêsipun paugêraning pulo dewata.
Jawata. Têgêsipun guruning tanah Jawi.
Suksmanasa. Têgêsipun kawasa kang samar, wijangipun suksma:
samar, nasa: kawasa.
Amara. Têgêsipun samar, amor.
Bathara. Têgêsipun agêng, jêmbar rèhipun.
Widadara. Têgêsipun roh ingkang langgêng, wijangipun widada:
slamêt, inggih slamêt inggih langgêng, ra: roh, sawênèhing sarjana têmbung
widadara dipun têgêsi gônda kang rakêt, wijangipun kadamêl dados ngalih wanda,
wida: gônda, borèh, dara: rakêt.
Sura. Têgêsipun wani, roh, dene saking kabêkta badan alus.
Sidhya. Têgêsipun têrang, dene wêruh sadurunging winarah.
Hong. Têgêsipun kinajrihan.
Rêsi. Têgêsipun suci.
Wiku. Têgêsipun pitêdah kawruh.
Namaning Widadari
Absari. Têgêsipun sêsotyaning èstri, wijangipun ab: gaib,
sêsotya, sari: sêkar, nanging kangge wandaning èstri, utawi minôngka jodho
kêmbaraning dewa kang nama absara.
Dewati. Têgêsipun rahsa ingkang ayu, wijangipun de: kajêng,
ayu. Wati: rahsa, saking wat, utawi minôngka dados kêmbaraning dewata.
Dèwi. Têgêsipun langkung ayu, wijangipun de: kajêng, ayu.
Wi: luwih, utawi minôngka kêmbaraning dewa.
Bathari. Têgêsipun pangagênging pawèstri, utawi kêmbaraning
bathara.
Waranggana. Lêrêsipun wara anggana, têgêsipun piniji para
agêng, wijangipun wara: agêng, anggana: dhewe, piniji.
Surawadu. Têgêsipun dewa wadon, wijangipun sura: dewa, wadu:
wadon.
Suraduita. Têgêsipun inggih dewaning wadon, wijangipun sura:
dewa, duita: wadon.
Widadari. Têgêsipun tuking gônda, wijangipun wida:gônda,
dari: tuk.
Surarêtna. Têgêsipun dewaning wanodya, wijangipun sura:
dewa, rêtna: candraning wadon.
Namaning Ratu
Naradipa. Têgêsipun wong kang amadhangi, wijangipun nara:
uwong, dipa: padhang, dene panjênêngan ratu amadhangakên pêtênging kawula,
kados ta angrawat kang acacad, tiyang malih
sato, tuwin sawarnining tiyang ingkang salah kadadosan sapanunggilanipun
pinaripurna, angganjar dasih ingkang kaslamêtan, marasakên ing asakit,
mulyakakên ing apapa.
Naranata. Têgêsipun wong amarentah, wijangipun nara: uwong,
nata: parentah.
Narapati. Têgêsipun sotyaning manusa, wijangipun nara:
uwong, pati: sotya, sawênèhing sarjana ugi anêgêsi wong amarentah, wijangipun
nara: uwong, pati: parentah.
Bupati. Têgêsipun marentah ing bumi, wijangipun bu: bumi,
pati: parentah.
Bumipala. Têgêsipun panungguling bumi, wijangipun bumi:
sampun jarwa, pala: panunggul.
Buminata. Têgêsipun amarentah ing bumi, wijangipun bumi:
sampun jarwa, nata: parentah.
Prabu. Têgêsipun marabot, sawênèh anêgêsi bapa, inggih
bapakaning manusa kathah, saking têmbung Arab pra Abu, têgêsipun bapa.
Katong. Têgêsipun dewa katingal.
Ratu. Têgêsipun narambahi.
Pamasa. Têgêsipun kawasa.
Hèrêyangsa. Têgêsipun piniji ing dewa, wijanganipun hèrhyang: dewa, sang: piniji.
Narpadipa. Têgêsipun kajêng adamêl padhang, wijangipun
narpa: kajêng, dipa: padhang.
Aji. Têgêsipun kajèn kinawêdèn.
Raja. Têgêsipun pangagêng.
Sunan. Têgêsipun pêpundhèn.
Sinuhun. Têgêsipun ingêmbun-êmbun.
Iswara. Têgêsipun linuhur.
Narendra. Têgêsipun gêgununganing wong, wijangipun nara:
uwong, endra: gunung.
Sri. Têgêsipun bagus, ayu, mila têmbung sri, kangge dhatêng
sêsêbutan ratu priya ratu putri.
Mahawirya. Têgêsipun agêng luhur, wijangipun maha agêng,
wirya luhur.
Pangêmpyun. Têgêsipun angaubi, utawi barukuti.
Dene ing Dewanagari, ingkang kangge inggih amung prabu,
raja, ratu, nata, narendra, narpati, bilih tanah Ngarab sêsêbutanipun sultan,
têgêsipun inggih botên bèntên akalihan têmbung Jawi: susuhunan utawi sinuhun,
dene sêsêbutan kangjêng wênang dhatêng kakung wênang dhatêng putri, kajêngipun
inggih ingkang bagus utawi ingkang ayu, têmbung ratu inggih wênang dhatêng
kakung, inggih wênang dhatêng putri.
Bandara. Punika têmbung wancah, entaripun banda udara,
têgêsipun: têrah têdhaking wong bôngsa agung luhur, wijangipun banda: agêng,
udara: luhur.
Pramèswari. Têgêsipun langkung linuhuring èstri, wijangipun
parama: linangkung, iswari: linuhuring èstri.
Pramèswara. Têgêsipun inggih sami kalihan pramèswari,
anamung sastranipun ing ngajêng, pramèswarya.
Wara supadmi. Têgêsipun pangagênging garwa, wijangipun wara:
pangagêng, supadmi: garwa.
Padniswara. Têgêsipun garwa ingkang linuhur, wijangipun
padni: garwa, iswara: luhur.
Dayita. Têgêsipun musthikaning wadon, inggih wadon ingkang
pinusthika.
Narpawadu. Têgêsipun ratuning wadon, wijangipun narpa: ratu,
wadu: wadon.
Narpadayita. Têgêsipun ratu musthikaning wadon.
Narpaèstri. Têgêsipun ratu wadon, wontên malih têgês èstri
jumurung, inggih punika wajibing èstri jumurung ing priya, tan kenging lênggana
ing sapakèn.
Narèswari. Têgêsipun ratu dhêdhuwuraning wadon, wijangipun
nara: wong, sarèhning tumrap ratu èstri dados katêgêsan pawongan, iswari: ratu wadon.
Waraduhita. Têgêsipun pangagênging wadon, wijangipun wara:
pangagêng, duhita: wadon.
Natarèni. Têgêsipun ratuning wadon, wijangipun nata: ratu,
rèni: wadon.
Kangjêng ratu. Têgêsipun sang ratu ayu.
Wararèni. Têgêsipun pangagêng ngaèstri, wijangipun wara:
pangagêng, rèni: èstri.
Sri Mahèswari. Têgêsipun ratu pangagênging putri.
Sori. Têgêsipun musthikaning putri.
Rêtnadayita. Têgêsipun sotyaning wadon.
Namaning lanang
Lanang. Têgêsipun lana, inggih punika jêjêg, ngadêg.
Jalêr. Têgêsipun bênêr.
Jalu. Têgêsipun anêja têlu, 1. ngaras, 2. prêmbayun, 3.
pawèstrèn.
Priya. Lêrêsing têmbung pariaya, têgêsipun kuwawi pakantuk,
wijangipun pari: pakantuk, aya: kuwat.
Walija. Têgêsipun wêtuning kuwat, wijangipun wali: kuwat,
ja: wêtu.
Kakung. Têgêsipun kaku, ingkang kaku wau yèn nuju
kajêngipun.
Purusa. Têgêsipun palurusa, utawi parosa, inggih punika
kuwat.
Namaning Wadon
Taruni. Têgêsipun yèn dèrèng masa dados kaupamèkakên godhong
ênèm, inggih sinom.
Kintaka. Têgêsipun manawi sampun masa, dados kaupamèkakên
sêkar pudhak.
Wahila. Têgêsipun yèn taksih kapingit.
Wararana. Têgêsipun yèn wontên paprangan, wijangipun wara:
wadon, rana: paprangan.
Lantasi. Têgêsipun yèn lumajêng.
Wanodya. Têgêsipun yèn sampun panggih.
Marnadu. Têgêsipun yèn sampun sapaturon, kajêngipun marana
adu, inggih abên prang tangkis, akalihan waos.
Sarika. Têgêsipun yèn sampun anak-anak, dados kaupamèkakên
sêkar.
Kênya. Têgêsipun yèn taksih parawan, kaupamèkakên yèn taksih
wantah.
Rara. Têgêsipun yèn taksih parawan tanggung dados
kaupamèkakên pindha sêsotya.
Parawan. Têgêsipun wadon ingkang taksih dèrèng laki,
têgêsing prawa, sorot, dados kaupamèkakên taksih sumorot, kapirit saking dèrèng
kalong cahyanipun, punapadene taksih suci, inggih punika taksih lêgan
loncang-lancing.
Èstri. Têgêsipun rêmbês tigang prakawis, 1 ngêdalakên toya,
2 mijilakên rah, 3 mahyakakên mani nutpah.
Namaning Patih
Patih . Têgêsipun mêmatah.
Patya. Têgêsipun mataha.
Mantriman. Têgêsipun anglangkungi tigang prakawis, bopati,
papati, senapati.
Mantrimukya. Têgêsipun inggih dados panunggul tigang
prakawis wau, têgêsing mukya, panunggul.
Natapraja. Têgêsipun anata nagari, wijangipun: nata, matrap,
matah, praja, nagari.
Nataradya. Têgêsipun mranata nagari, wijangipun: nata,
mranata, radya, nagari.
Mantriwisesa. Têgêsipun kadunungan wêwênang tigang prakawis,
ulat, ulah, ilat, têgêsipun ulat, pamawasan, dene anguningani pangulahing
praja, ulah pangrêtos, dene amangrêtos samukawis lampah-lampahing praja, ilat,
lidhah, dene lêpas dhatêng pangulahing parapabên.
Sawênèhing sarjana mantri punika kajarwanan angawruhi tigang
prakawis, nistha, madya, utama, nisthanipun dene anyumêrêpi dhatêng ngalit, madyanipun
anyumêrêpi dhatêng têngah kados ta: bupati sapanunggilanipun, utamènipun dene
angêmban dhawuhing ratu.
Mantrimuktya. Têgêsipun mantri mukti, awit sadaya abdi dalêm
sapanginggiling jajar minggah kasêbut mantri.
Namaning Tumênggung
Tumênggung. Têgêsipun dhêdhênggung, utawi tumênggung, dene
anênanggung dhatêng sawêwêngkonipun.
Bopati. Têgêsipun kabubuhaning parentah.
Nayaka. Têgêsipun polatan, utawi panunggul.
Wadana. Têgêsipun pangajêng, dene dados pangajênging
bawahan.
Manggala. Têgêsipun pangagêng.
Prawara. Têgêsipun pangagêng.
Pratiwa. Têgêsipun sarwa samêkta, wijanging têmbung, parati,
miranti, iwa, karo.
Pradhara. Têgêsipun têngah antaraning pangagêng, awit dhara,
gadhah jarwa antara agêng.
Namaning Utusan
Utusan . Têgêsipun putusan, inggih pangrampungan.
Duta. Têgêsipun anglanturakên.
Caraka. Têgêsipun angimbalakên pangandika.
Anggandhèk. Têgêsipun ngêmban dhawah, utawi gandhèng.
Cundaka. Têgêsipun têlik.
Nibasara. Têgêsipun uncal-uncal.
Darsana. Têgêsipun anulad.
Prajaka, pradaka. Têgêsipun pamariksa.
Cundhamani. Têgêsipun anyundhukakên sotya, inggih punika
anyundhukakên raos, kajêngipun mundhi dhawah.
Sunadha. Têgêsipun linuwih ing wicara.
Namaning Wong
Wong. Têgêsipun awak, kajêngipun kalowong.
Nara. Têgêsipun landhêp, purba saking têmbung: sara.
Jana. Têgêsipun sugih pananya, utawi dumunung.
Janma. Têgêsipun têdhaking jan, utawi dumunung lêwih.
Manusa. Têgêsipun pêpijèning rahsa, wijangipun, manu: mani,
sa: sawiji.
Tiyang. Têgêsipun warananing dewa, utawi jêjêr.
Janmi. Têgêsipun dumunung ing bumi.
Manusiha. Têgêsipun musthikaning banyu, aggènipun winardèn
makatên punika, dene manusa asal saking kanyatahaning banyu.
Namaning Langit
Akasa. Têgêsipun santosa.
Langit. Têgêsipun kumulit.
Gêgana. Têgêsipun anglimputi, inggih anguwaosi, mila katêmbungakên
anguwaosi dene dados kêkandhanganing jagad sadaya.
Wiyat. Têgêsipun langkung luhur, utawi panggenan langkung
têbih.
Jumantara. Têgêsipun antara kang lêpas têbane, inggih antara
ingkang alus.
Widi-widik. Têgêsipun polatan bênêr, inggih têbih, labêt ing
nginggil punika lantas kemawon, botên kalingan ing wêwarnèn wadhag.
Namu-namu. Têgêsipun amun-amun.
Namaning Lintang
Lintang. Têgêsipun linangkung, dene kathahipun anglangkungi
sadaya wêwarnèn ingkang katingal.
Kartika. Têgêsipun kêrtèb, dene kasawang saking ngalam dunya
katingal pating kêrtèp
Sukra. Têgêsipun maramong, awit dene katingal amyang.
Sudama. Têgêsipun sumorot pindha damar.
Sasa. Têgêsipun sawiji-wiji, dene dados wêwijèning samukawis
wêwarnèning dunya punika sadaya, dèrèng wontên samukawis sampun mujudakên
lintang adhapur sinaroja, awarni manusa, sato, ibêr, dharat, bujêngan toya,
dandosan.
Namaning Rêmbulan
Rêmbulan. Têgêsipun patêmpukan.
Côndra. Têgêsipun bundêr, utawi rêngga, dene wujudipun sarwa
angrêsêpakên.
Wulan. Têgêsipun wêtahan, inggih punika yèn wulan jangkêp
umur 30 dintên.
Sasi. Têgêsipun miji, inggih punika yèn umuring wulan nuju
29 dintên.
Sitarêsmi. Têgêsipun angrêsêpakên manah, wijangipun, sita:
ati, rêsmi: ngrêsêpakên.
Sitangsu. Têgêsipun pamanahan anglangkungi, wijangipun,
sita: manah bênêr, angsu: nglangkungi, ngingsêp.
Namaning Srêngenge
Srêngenge. Têgêsipun sêrêng tumangi, inggih punika murugakên
dhatêng kêkêncêngan.
Surya. Têgêsipun sêsorotipun anuju kang kauban.
Rawi. Têgêsipun kumaringêt, angêdalakên toya dados jawah.
Arka. Têgêsipun anganakakên banyu, wijangipun ar: banyu, ka:
anak.
Bagaskara. Têgêsipun urub kang adamêl kiyat, wijangipun,
bagas: kiyat, kara: urub, gawe.
Bagaspati. Têgêsipun ratuning pêpadhang, wijangipun, bagas:
padhang, pati: ratu.
Wrahaspati. Têgêsipun mamrih waras, wijangipun, wrahas:
waras, pati:parentah, angrèh, mamrih.
Aruna. Têgêsipun mêrês banyu, dene sagêd anggaringakên
samukawis kang atêlês.
Siwandakara. Têgêsipun pangawak urub, wijangipun, siwanda:
awak, kara: urub.
Raditya. Têgêsipun narambahi kaluwihan, wijangipun, rat: jagad, ditya: linangkung, sawênèhing
sarjana anêgêsi adining jagad.
Jamatagni. Têgêsipun paningal latu, wijangipun, jamata:
paningal, agni: latu.
Tandhaning dumadi. Têgêsipun pratandhaning titah, dene tandhaning
gêsang saking latu, witing latu saking srêngenge.
Namaning Banyu
Udaka. Têgêsipun banyu mungguhing wêwadhah.
Etuh. Têgêsipun banyu yèn mungguhing wowohan.
Warih. Têgêsipun banyu yèn mungguhing ngoyot, utawi
mungguhing karambil.
Tirta. Têgêsipun banyu yèn mungguhing sumur.
Lowak. Têgêsipun banyu yèn mungguhing rêrêmbês.
Wulusan. Têgêsipun banyu mancur saking gunung.
Pêtha. Têgêsipun banyu kang munthuk malêndhung.
Rancak hèrni. Têgêsipun banyu mili katalangan.
Sindu. Têgêsipun banyuning lesan, inggih punika idu.
Sindu upaka. Têgêsipun yèn banyu bangawan, wijangipun, sindu:
banyu, upaka: paklêmpakaning lèpèn.
Suci. Têgêsipun banyu ing pasimpênan, kados ta: jêmbangan,
gênthong, padasan, kêndhi, kulah, sapanunggilanipun.
Arjuna. Têgêsipun banyu yèn mungguhing watu, utawi toya ing
jun, wijangipun, ar: banyu, juna: jun.
Jala. Têgêsipun banyu molah, inggih molah inggih mili.
Sih. Têgêsipun banyu ngasrêpi.
Jahning. Têgêsipun banyu têlaga.
We. Têgêsipun banyu rêrambas.
Ranu. Têgêsipun banyu sinolah.
Sagara. Têgêsipun banyu angidêri jagad.
Tasik. Têgêsipun banyu polatan têbih.
Laut. Têgêsipun banyu ngêlaut.
Jalanidhi. Têgêsipun banyu kang bênêr, utawi banyu
angêndhong, inggih banyu kang angêdhung.
Hèrnawa. Têgêsipun banyu sawangan ingkang têbih.
Samodra. Têgêsipun banyu patêmpukan mubêng.
Udaya. Têgêsipun banyu kang akèh, utawi banyu munjung,
inggih banyu kuwat, dene pakumpulanipun langkung kathah.
Udadi. Têgêsipun banyu wuwuh-wuwuh.
Jaladhiyan. Têgêsipun banyu angalun.
Namaning Bumi
Bumi. Têgêsipun lêbu sumêmi.
Lêmah. Têgêsipun malumah.
Bantala. Têgêsipun dhêdhasar.
Kisma. Têgêsipun kikasing banyu.
Pratala. Têgêsipun ambah-ambahan.
Pratiwi. Têgêsipun ambah-ambahan êlêting banyu.
Rat. Têgêsipun narambahi.
Jagad. Têgêsipun ambah-ambahan.
Wati. Têgêsipun ngêkahi.
Loka. Têgêsipun sumarambah.
Lêbu. Têgêsipun pangêmotan.
Bawana. Têgêsipun jêmbar.
Mandhala. Têgêsipun wêwatês.
Pramudita. Têgêsipun angwontênakên sarwa tumuwuh.
Namaning Gunung
Gunung. Têgêsipun gênêng, angatingalakên jurang-jurangipun.
Endra. Têgêsipun yèn katingal saking katêbihan.
Giri. Têgêsipun yèn kalinggihan sukunipun ing gunung.
Parwata. Têgêsipun yèn kalinggihan ing luhur.
Wukir. Têgêsipun manawi pinuju cinangkraman. Têgêsing
cinangkraman manawi kangge lêlangênan.
Ancala. Têgêsipun manawi kanggenan tiyang anastapa.
Asalingga. Têgêsipun bilih kèdêgan pucuking rêdi.
Aldaka. Têgêsipun bilih tinimbangan sami ardi.
Wanawasa. Têgêsipun ardi mawi wana.
Namaning Angin
Maruta. Têgêsipun pamoring loro, dene sagêd anunggil toya,
akalihan nunggil amun-amun.
Bayu. Têgêsipun angin damêl rahayuning têtanêman.
Bajra. Têgêsipun angèbêki.
Prahara. Têgêsipun angin agêng.
Pôncawora. Têgêsipun angin pakumpulan gangsal, saking
têngah, inggih punika ngandhap inggil, sanèsipun saking keblat sakawan.
Lesus. Têgêsipun angin mêsês.
Angin. Têgêsipun sagêd sumurup ing sadhengah panggenan kang abolong, utawi tansah amolah
kumêjêb-kêjêb.
Pawana. Têgêsipun angèbêki kawontênan.
Angin sarsar. Têgêsipun angin tanpa sangkan, inggih damêl
risak.
Ayaskara. Têgêsipun angin buwang mega.
Aliwawar. Têgêsipun angin ngentarakên watu.
Angin asip. Têgêsipun lesus sagantên, ingkang adamêl
risaking baita.
Angin tasêp. Têgêsipun prahara ugi karya bilai.
Sindhungriwut. Têgêsipun prahara têmpuran, saha mawi jawah.
Gulingan. Têgêsipun angin andhasar, anyakecakakên sare.
Caratwarsa. Têgêsipun prahara agêng.
Namaning Blêdhèk
Blêdhèk. Têgêsipun kabêkta saking swara jumêbrèt.
Gêlap. Têgêsipun saking mawa tôndha gumêbyar gumilap.
Graksa. Têgêsipun balêdhèk kang agawe risaking samukawis.
Wrahaspati. Têgêsipun ratuning galak, wijangipun, wrahas:
galak, pati: ratu.
Kêtug. Têgêsipun suwantên ingkang anglangkungi sora.
Kupak. Têgêsipun langkung bantêr.
Patêr. Têgêsipun swara ingkang kadi mubêng.
Cancala. Têgêsipun anjêjak, dene anjêjak panggenan umbulipun
dhatêng ing tawang.
Jaladha. Têgêsipun balêdhèk wor mêndhung.
Namaning Jawah
Udan. Têgêsipun banyu tumurun.
Warsa. Têgêsipun banyu bênêr, dene dèrèng kacampuran
bangsaning toya sanès.
Riris. Têgêsipun jawah kêrêp.
Jawah. Têgêsipun wêtuning banyu, inggih punika toya
karingêt.
Garimis. Têgêsipun jawah lêmbat.
Rêrêp-rêrêp. Têgêsipun jawah têtêruh.
Awrur. Têgêsipun jawah sumawur.
Têruh. Têgêsipun jawah tôndha gara-garaning sinatriya.
Rarabi. Têgêsipun jawah sontên.
Surur. Têgêsipun jawah ngarêcèh.
Warsaya. Têgêsipun ananing banyu, dene witing toya saking
jawah.
Wrêsti. Têgêsipun jawah adrês langkung lêmbat.
Namaning Mêndhung
Mêndhung. Têgêsipun mangêndhong, dene dados êndhonganing
toya jawah.
Jaladara. Têgêsipun andhêg-andhêging awang-awang,
wijangipun, jala: anggrêg-anggrêg, udara: awang-awang.
Kuwera. Têgêsipun panggenan pangêmotaning toya jawah.
Jaladha. Têgêsipun banyu angêndhong, dene kandhongan toya
jawah.
Dhanu. Têgêsipun mêndhung pêtêng.
Imaèrya. Têgêsipun mega angêmu toya, inggih mêndhung ugi.
Imandaka. Têgêsipun inggih mega ngêmu toya, wijangipun, ima:
mega, daka: banyu, saking wancahaning têmbung udaka.
Namaning Mega
Ima. Têgêsipun yèn ngalingi wulan nipis.
Nirada. Têgêsipun yèn mega cêmêng anunggil mega abrit.
Imakapura. Têgêsipun yèn mega angidêring srêngenge.
Sasmiti. Têgêsipun yèn mega awor lan kêkayon.
Imantaka. Têgêsipun mega papak lan banyu.
Ulur. Têgêsipun mega panjang anyalèntrèng.
Kokap. Têgêsipun manawi mega putih kang kadi kukus.
Mega. Têgêsipun pangêmotaning banyu, amargi karingêt
sapanunggilanipun asring manggèn ing ngriku, minôngka sangsangan.
Namaning Kêkuwung
Kêkuwung. Têgêsipun kabêkta saking wujudipun kuwung, inggih
ngêlowong.
Wangkawa. Têgêsipun kumalowong.
Danu. Têgêsipun kuwung marganing udan, wijangipun, dan:
udan, nu: dalan, amargi kuwung punika tejaning banyu, sabên banyu kasorot
dening surya, mawa kuwung, sasirnaning kuwung têmtu jawah lajêng tumurun.
Danumaya. Têgêsipun kuwung ingkang sorotipun langkung
wêning, jalaran rêsik tanpa mêndhung, wêkasan botên
dhawahakên jawah, sabab saking kabuncang ing angin.
Tejaèrwa. Têgêsipun tejaning banyu, wijangipun, teja: sampun
mastani, èrwa: banyu.
Namaning Calèrèt
Calèrèt. Têgêsipun sumêlèt.
Kilat. Têgêsipun calèrèt ingkang dumunung wontên mega kandêl
badhe jawa.[3]
Lidhah. Têgêsipun kilat ingkang mêdal mangsaning dalu.
Widyuta. Têgêsipun kilat yèn sumêla mega pêtêng.
Thathit. Têgêsipun kilat anyarêngi galudhug.
Kêdhap. Têgêsipun manawi nuju pêtênging jawah akarya
pêpadhang.
Kêlap. Têgêsipun gilap, inggih punika sorot hawaning latu
bêntèr ingkang dumunung wontên ngamun-amun. Manawi katrajang dening mêndhung
mega jawah, bêsatipun dados balêdhèk.
Namaning Galudhug
Galudhug. Têgêsipun swara têtumbukan, têmpukaning daya
angin, latu, amun-amun, toya, kang kinarubêng dening mêndhung.
Gêtêr. Têgêsipun swara kang angebahakên pangrasa, amargi
suwantênipun amêtik wontên talingan, jalaran kakrubêng mêndhung, dados
tanduking swara mêlêg botên sagêd buntas marênca.
Guntur. Têgêsipun swara kang angebahakên pangrasa kadosdene
ngorêgakên jagad sadaya.
Grah. Têgêsipun swara adamêl otêring jagad, utawi damêl
gêtêring talingan.
Gumuruh. Têgêsipun swara tampan-tinampan.
Namaning Buta
Buta. Têgêsipun agêng, utawi mamak, saha kabêkta asring
angrêbut, lan angrubut.
Danawa. Têgêsipun cêpak nêpsu, wijangipun, dan: nuli, awa:
nêpsu, tuwin têdhaking Bathara Danu.
Ditya. Têgêsipun linuwih, dene sarwa sêmbada sagêd manjing
ajur ajèr.
Raksasa. Têgêsipun bangsaning bêrkasakan.
Rasaksa. Têgêsipun kang môngsa sidêkah, wijangipun rasa
aksa, rasa: môngsa, aksa, tingalan, dados sidêkah punika sabên tingalaning
jawata, tuwin para nata, katelad sagunging manungsa sadaya
Gandarwa. Têgêsipun wujud manungsa.
Asura. Têgêsipun wanthèn, dene botên wontên kang kaèrèpakên.
Wil. Têgêsipun angarad, inggih punika anggêgèrèt.
Wisadha. Têgêsipun sagêd siluman.
Yaksa. Têgêsipun angrusak sidêkah, dene sabên ari rudragsa mêmulènipun
Sang Hyang Guru, para dênawa sami kapancenan ingkang dados aratanipun sêsajèn.
Rasêksi. Têgêsipun buta wadon, jodhoning rasêksa.
Diyu. Têgêsipun buta wadon.
Namaning Kêthèk
Kêthèk. Saminipun kêtèk, têgêsipun sugih swara.
Wre. Têgêsipun sagêd anjêlih.
Kapi. Têgêsipun dene sugih wulu.
Kuthila. Têgêsipun awon bathukipun.
Wanara. Têgêsipun kewan warna manusa, wijangipun: wan,
kewan, nara, wong.
Plawaga. Dene sarwa cikat.
Palwaga. Dene sarwa tarampil
Palgosa. Têgêsipun sarwa mangêrti.
Rewanda. Têgêsipun pangawak swara, wijangipun: re: swara,
wanda awak
Kalidan. Têgêsipun sarwa rikat.
Kênyung. Têgêsipun kêthèk wadon.
Gapila. Têgêsipun tarampil.
Namaning Gajah
Gajah. Têgêsipun sugih solah, lungguhipun yèn anèng wana.
Asti, èsthi. Têgêsipun yèn tinunggangan.
Dirada. Têgêsipun yèn mêta.
Dwiradha. Têgêsipun gadhah siyung kalih, wijangipun dwi:
loro, radha: untu, inggih punika gadhing.
Waniti. Têgêsipun yèn pinêlanan, inggih punika pinêrabotan
saput parantos.
Matêngga. Têgêsipun yèn binêkta cangkrama.
Dwipangga. Têgêsipun ngunjuk kaping kalih, wijangipun, dwi:
loro, pangga: sêrot, dene yèn ngombe kasêrot saking têlale lajêng katampèn
panyêroting cangkêm.
Samaja. Têgêsipun yèn binêkta aprang.
Gajamuka. Têgêsipun gajah ngamuk, gajah pangarêp, gajah yèn
tinunggangan ing buta.
Brajamuka. Têgêsipun gajah ngamuk ngangge dêdamêl, utawi yèn
binarong.
Liman. Têgêsipun aliman dene sami-sami bêbujêngan wana alim
piyambak dhatêng prakawis sacumbana, utawi wontên ingkang mastani, liman punika
kados suku lima, dene tulalenipun sagêd dumugi siti, utawi wontên ingkang
mastani malih, liman punika yèn nuju wontên cancangan wantilan.
Gathamuthu. Têgêsipun bilih badhe cumbana, awit katingal
agôntha mathuthuk.
Namaning Jaran
Jaran. Têgêsipun unjaran, dene wontên gêdhogan ijèn botên
kawoworan bangsanipun.
Kuda. Têgêsipun sagêd midêr.
Wajik. Têgêsipun wijik, inggih punika suku panggenan wijikan
nama wajik, karan namaning turôngga.
Turôngga. Wijangipun turaôngga, tura: alus, ôngga: badan
katêgêsan lêmês badanipun.
Kapal. Têgêsipun lantèh, dene sarwa mangrêti dhatêng
pangajaran.
Swa. Têgêsipun jaran kinasih, inggih punika tumpakan.
Undhakan. Têgêsipun tunggangan.
Gêdhog. Têgêsipun gêgêdhug, dene sami-sami kewan linangkung
piyambak.
Namaning Macan
Macan. Lêrêsipun macyan, têgêsipun macia, inggih punika
anggêro, anggêmprong.
Singa. Têgêsipun sagêd mungêl singaong.
Singha. Têgêsipun inggih ingkang sagêd mungêl singaong.
Saradula. Têgêsipun patêmpuhaning lêlandhêp, kados ta: untu
siyungipun, ilat kados parut, cakar kuku lancip.
Mong. Têgêsipun kang sagêd mungêl maong.
Arimong. Têgêsipun mêramong, dene abang mawi lorèk.
Kiswari. Têgêsipun sarwa bruwut-bruwut.
Jagur. Têgêsipun macan dhêkêm.
Margapati. Têgêsipun rinakêt ratu.
Namaning Banthèng
Banthèng. Têgêsipun bênthing, dene lumanang-lanang.
Gardaka. Têgêsipun sugih nêpsu.
Andaka. Têgêsipun pangawakan lêmbu.
Angun-angun. Têgêsipun banthèng rosa.
Sikandhana. Têgêsipun banthèng lanang.
Sikandhini. Têgêsipun banthèng èstri.
Jêjawi. Têgêsipun banthèng èstri.
Banthèng. Têgêsipun bênthing, dene lumanang-lanang.
Gardaka. Têgêsipun sugih nêpsu.
Andaka. Têgêsipun pangawakan lêmbu.
Angun-angun. Têgêsipun banthèng rosa.
Sikandhana. Têgêsipun banthèng lanang.
Sikandhini. Têgêsipun banthèng èstri.
Jêjawi. Têgêsipun banthèng èstri.
Grigsa. Têgêsipun gêtapan. Labêt saking kêndêl. Gêtapanipun
botên gêtapan was sumêlangan. Gêtapan nêpsu kêdah ngamuk.
Garagsa. Têgêsipun angajrihi, dene sabên sumêrêp samukawis
kêdah ambujêng kaamuk, punapa malih yèn kêtaton lajêng andêr pêjah
kapurunanipun.
Namaning Lêmbu
Lêmbu. Têgêsipun amot, dene ngêmot samukawis babêktan kuwawi.
Sapi. Têgêsipun amêdamêl kasar, utawi kêndêl dhatêng panas.
Andaka. Têgêsipun sapi ingon.
Andana. Sapi lanang pilalan.
Andini. Sapi wadon pilalan.
Gah. Têgêsipun agahan, dene botên tampik kang dipun
wawratakên.
Pirdos. Têmbung Arab inggih sapi, nanging kocap ing lapal.
Sênuk. Punika inggih mirid wujuding sapi, ananging
alit-alit, inggih bôngsa tanah Ngarap.
Namaning Kêbo
Kêbo. Têgêsipun bodho, dene sami-sami bêbujêngan dharat
langkung bodho piyambak. Tumindakipun kêdah kalayan kagirèkakên.
Maesa. Têgêsipun karêm ing jêjombok.
Mundhing. Têgêsipun tumandhing, dene kalihan kancanipun
piyambak asring bêrik, ngantos adamêl karisakan.
Bothi. Têgêsipun maesa jalêr.
Krêbo. Têmbung Malajêng, kajêng saha têgêsipun kêrêp
kungkum. Dene têmbung maesa sawêrni katêgêsan jarwa sota, omahe desa.
Namaning Wêdhus
Wêdhus. Têgêsipun wêdhodhos, labêt dening karêm bijig.
Menda. Têgêsipun meda, dene sami-sami bangsaning kewan menda
punika kathah medanipun piyambak, amung anuruti kajêngipun kemawon.
Padrawana. Têgêsipun kewan asor, labêt botên wontên
pigunanipun, wijangipun, padra: asor, wana: kajêngipun wan: kewan utawi kiwa.
Domba. Têgêsipun lêrêsing têmbung padronba, wijangipun,
padro: menda, umba: têmpuk. Dados têgêsipun wêdhus wau inggih karêm bêrik.
Kambing. Têgêsipun karêm gêmbèr.
Namaning Cèlèng
Cèlèng. Têgêsipun cêlèng, dene wujudipun cêmêng.
Waraha. Têgêsipun saronggot. Dene cèlèng punika dêdamêlipun
saronggot, inggih punika siyung kêkalih.
Sungkara. Têgêsipun damêlipun angêsuk. Wijangipun, sung:
angêsuk, kara: gawe, dene yèn mêdal kapurunanipun amung majêng tekat.
Gênjik. Têgêsipun punika cèlèng alit, kabêkta lampahipun
taksih ngèjèk, awit badanipun dèrèng
agêng, dados taksih sarwa cikat tarampil.
Namaning Asu
Asu. Têgêsipun langkung madon, wijangipun as, kawadonan, su:
luwih. Sawênèhing sarjana amantani,[5] asu punika lêrêsipun angsuk, kabêkta dene karêm gancèt,
mila lajêng katêmbungakên anjing, liripun gandhèng.
Sêgawon. Têgêsipun sêkul awon, dene karêm tinja, kabasakakên
malih sêgala.
Srênggala. Têgêsipun langkung galak, wijangipun: srêng:
nêpsu, gala: wuwu, punjul.
Cika. Têgêsipun jêgug, dene sagêd jêgug.
Sona. Têgêsipun sugih uni, dene gêrêng jêgug anyêngkong.
Namaning Ula
Ula. Uluwa, têgêsipun nguntal, dene yèn nênêdha amung kaulu
botên kamamah.
Sarpa. Sarapa, têgêsipun galak, dene yèn nêdha kasarap
kemawon.
Bujôngga. Têgêsipun pêngawak bau, dene tanpa bau amung awak
kemawon, dene dhaplanging awak wus prasasat bapanging bau.
Ardawalika. Têgêsipun panjang sagêd nêkuk, wijangipun
ardawa: panjang, lika: nêkuk.
Basuki. Têgêsipun waluya, dene darbe lisah kamulyan,
dumunung wontên pêthit.
Naga. Têgêsipun sawêr agêng.
Namaning Bêdhati
Bêdhari. Têgêsipun yèn pangirit sapi wadon.
Senang. Têgêsipun yèn pangirit sapi lanang.
Manggra. Têgêsipun yèn pangirid banthèng.
Salamuka. Têgêsipun yèn pangirit maesa lanang wadon.
Astapada. Têgêsipun yèn pangirit maesa lanang.
Sambira. Têgêsipun yèn pangirit banthèng munya.
Wèsthi. Têgêsipun yèn pangirit jêjawi.
Camakantu. Têgêsipun yèn pangirit janma lanang wadon.
Dhudhula. Têgêsipun yèn pangirit jaran wadon.
Sisikunwanindha. Têgêsipun yèn pangirit kuda kêkalih.
Sisirat ancakaanda. Têgêsipun yèn pangirit kuda sakawan.
Gothaka. Têgêsipun yèn padhati ginarêbong, dados kajêngipun
wangun aguwa, adat pangiritipun gajah, jalaran saking langkung awrat.
Gabrata. Têgêsipun yèn pangirit sima.
Gègèndik. Têgêsipun yèn pangirit menda agêng.
Skuthuk. Têgêsipun yèn pangirit sêgawon agêng.
Calitha. Têgêsipun manawi pangirit kidang ngujung.
Saligna. Têgêsipun yèn pangirit kapal tutul.
Namaning Tunjung
Pakaja. Têgêsipun yèn mêkar satêngahing banyu.
Kumuda. Têgêsipun yèn mêkar jroning banyu.
Sarasidya. Têgêsipun yèn mèdêm.
Saroja. Têgêsipun yèn dumunung anèng dharat.
Saroparuka. Têgêsipun yèn wigar.
Kamuda. Têgêsipun yèn kasatan toya.
Samawih. Têgêsipun yèn tumuwuh ing watu.
Tunjung. Têgêsipun manawi sampun wujud witipun.
Têrate. Têgêsipun mênawi mêgar wontên ing bale kambang.
Singli. Têgêsipun yèn sêkar badhe wigar.
Midhêmah. Têgêsipun yèn mêgar dalu.
Namaning Sêkar
Sêkar. Têgêsipun kang anêdhêng mêkar.
Kêmbang. Têgêsipun manawi kaingsêp madunipun dening kombang.
Kusuma. Têgêsipun kang sumêdhêng gandanipun.
Padma. Têgêsipun sêkar kang sawêg mèdêm, gandanipun taksih
anunggil madunipun.
Puspa. Têgêsipun kaanggit, atharik-tharik, punapadene
kasêling-sêling panggenanipun.
Puspita. Têgêsipun sêkar kang anêdhêng warni jêne, inggih
punika badhe mêgar.
Sari. Têgêsipun sarwa sae, inggih punika anêdhêng sumêkar
gandanya arum.
Namaning Godhong
Godhong. Têgêsipun kang kanggo edhum, inggih punika kangge
edhum dhatêng witipun, dados minôngka agêdhong dhatêng wit.
Ron. Têgêsipun damêl rêrompyoh dhatêng wit.
Rondhaon. Têgêsipun godhong ngrêmbaka.
Dhaon. Têgêsipun godhong sumêdhêng.
Patra. Têgêsipun pahantara, dene godhong dados antara
gêsanging wit, tandhanipun lêma kêra saking godhong.
Ujungan. Têmbung krama dhusun, kajêngipun ambasakakên, ijo,
ijon, saking wujuding godhong kang ijêm, lajêng jêprah.
Namaning Kali
Kali. Têgêsipun kaili, dene kailenan toya.
Lèpèn. Têmbungipun ngajêng lèpwèn, kajêngipun lèp, wèn,
têgêsipun ilèn-ilèn, wèn, panggenan toya.
Narmada. Lêrêsipun têmbung, naharmada, têgêsipun
pangêmotaning banyu.
Bangawan. Lêrêsing têmbung ngajêng, banawan wijangipun, ban:
banyu, awan: dalan, dados dalaning banyu.
Banawi. Banawe, têgêsipun kumpulaning banyu.
Ci. Têgêsipun gèn pasucèn.
Namaning Jurang
Jurang. Têgêsipun jêro.
Singgrong. Têgêsipun sing gêrong.
Rèjèng. Têgêsing rèjèng jarèh-jarèh.
Trêjung. Têgêsipun menggak-menggok.
Siluk. Têgêsipun inggih menggak-menggok.
Sungil. Têgêsipun langkung rumpil, dene sarwa makèwêdi.
Gahana. Lêrêsipun guhan tuwin gwahan, têgêsing guhan
pajêgongan, têgêsing gwahan cêgowahan.
Prajongan. Têgêsipun pajorongan, kabêkta ingkang dèrèng
kulina ningali jorongên.
Namaning Guwa
Guwa. Têgêsipun lêmah ngêsong.
Guha. Têgêsipun goh, inggih punika siti anggêrong.
Rago. Têgêsipun siti ronggoh, dene gêrong.
Song. Têgêsipun rong kang ngêsuk.
Gothaka. Têgêsipun guthitan tuwin godhagan.
Gotaka. Têgêsipun ênggèn pêlowongan, inggih godhagan.
Susupan. Têgêsipun panglendhungan, dene asring kadamêl
palendhunganing sato galak.
Padhuhan. Têgêsipun panggogosan, dene anggêrong angêsong.
Namaning Pandhita
Pandhita. Têgêsipun pêpundhèn, dene pinundhi-pundhi
sarerehan wêwêngkonipun.
Dwija. Têgêsipun angèsthi têrus lair batos.
Dwijawara. Têgêsipun muruk sêja kalih prakawis, sapisan:
angastuti dewa, kaping kalih: amrih karahayon.
Suyati. Têgêsipun amêsu cipta. Wijangipun: suya: amêsu, ti:
cipta.
Rêsi. Têgêsipun suci, dene anêtêpi panggalih asuci.
Wasistha. Têgêsipun: langkung awas, kados ta: sumêrêp
sadèrèngipun winarah.
Ajar. Têgêsipun: wajib mêmulang.
Rèhing Pandhita
Saking ngandhap anama Indhung-indhung. Têgêsipun: tiyang
karerehan ingkang sawêg mondhok, damêlipun babad-babad wana saubêngipun ing
ardi.
Inggahipun malih anama Gêluntung. Têgêsipun: tiyang sampun
gêgriya nyagak sakawan, damêlipun angrêrêmbat, usung-usung, mêndhêt kajêng
tuwin toya.
Inggahipun malih nama Uluguntung. Têgêsipun: lurah kampung,
inggih kabêbahan amranata sadaya padamêlan.
Inggahipun malih anama Cantrik. Têgêsipun: ingkang kabêbahan
angladosi samukawis, utawi jagi kengkenan.
Inggahipun malih anama Cèkèl. Têgêsipun: juru tanêman, utawi
jagi rumêksa patêgilan, awon sae wontên tanggêlaning Cèkèl.
Inggahipun malih anama Puthut. Têgêsipun: ingkang rumêksa
sanggar palanggatan, utawi kabêbahan masang pirantosing sêsaji pamujan.
Inggahipun malih anama Mamanguyu. Têgêsipun: ingkang
kabêbahan anabuh gêntha kêkêlèng salêbêtipun pamujan.
Inggahipun malih anama Janggan. Têgêsipun: ingkang dados
juru sêrat, utawi anganggit-anggit.
Inggahipun malih anama Wasi. Têgêsipun: ingkang dados juru
pangadilan, angrampungi prakawis.
Inggahipun malih anama Ajar. Têgêsipun: juru mêmulang,
kawajibaning para ulah arja.
Inggahipun malih anama Pandhita. Têgêsipun: guru agêng
ingkang sarwa putus, wajib sinêbut Panêmbahan.
Rèh Pandhita Èstri
Saking ngandhap anama Obatan. Têgêsipun tiyang èsyri[6] brêgajagan, jagi sêsadean utawi têtumbas dhatêng pêkên.
Inggahipun anama Abêt-abêt. Têgêsipun: jagi mangangsu utawi
ramban.
Inggahipun malih anama Abon-abon. Têgêsipun: jagi panyapu
utawi mêmasuh, sêsuci sapanunggilanipun.
Inggahipun malih anama Kaka-kaka. Têgêsipun: tiyang èstri
jagi olah-olah.
Inggahipun malih anama Endhang. Têgêsipun: jagi kengkenan
utawi ngladosi.
Inggahipun malih anama Bidhang. Têgêsipun: jagi dados inya,
anêsêpi putra wayahipun kiyai ajar.
Inggahipun malih anama Dhayang. Têgêsipun: jagi têtêbah,
utawi anyêbari sêkar ing sanggar palanggatan.
Inggahipun malih anama Sontrang. Têgêsipun: dados dhukun,
amulasara sukêr sakit, utawi anggulawênthah anggadarèn putra wayahipun ki ajar.
Inggahipun malih anama Mêntrik. Têgêsipun: pinitados juru
rêrawat sumakawis[7] bangsaning busana, punapadene dhêdhaharan
sapanunggilanipun.
Inggahipun malih anama Dungik. Têgêsipun: pêpingitan badhe
dados garwanipun kyai ajar, padamêlanipun cariyos lêlampahan jaman kina,
ingkang dados têpa palupinipun para pawèstri, kalanturipun dipun wastani
Kôndhadongèng.
Namaning Warni 4
Abang (rêta). Têgêsipun abanging godhong. | Rêtawi.
Têgêsipun abanging gêtih. | Rêtaga. Têgêsipun abanging sêkar. | Rêktadu.
Têgêsipun abanging kewan. | Rêktama. Têgêsipun abanging galuga. | Rêktasa.
Têgêsipun abanging apu.
Irêng (krêsna). Têgêsipun irênging uwong. |
Dumani. Têgêsipun irênging nila. | Tanu. Têgêsipun irênging
mangsi. | Grêdhawa. Têgêsipun irênging kayu | Sêkêri. Têgêsipun irênging angus.
| Asthaka. Têgêsipun irênging kewan | Nilaba. Têgêsipun irênging rêtna. |
Umani. Têgêsipun irênging mega.
Kuning (jênar). Têgêsipun kuning sêmu ijo. | Dinar.
Têgêsipun kuninging mas. | Kunar. Têgêsipun kuninging kunir. | Jêne. Têgêsipun
kuninging mas. | Kuning. Têgêsipun kuninging wong. | Pita. Têgêsipun kuninging
sandhangan. | Kapurônta. Têgêsipun kuninging jarit. | Jêning. Têgêsipun
kuninging sorot. | Blêngah. kuninging bêngle.
Putih (putih). Têgêsipun putihing siyung, inggih putihing
untu. | Wênês. Têgêsipun putihing wong. | Pinge. Têgêsipun putihing sêkar. |
Dênta. Têgêsipun putihing gadhing. |
Pêthak. Têgêsipun putihing waspa, luh. | Kapas. Têgêsipun
putihling[8] kapuk. | Seta. Têgêsipun putihing ulêr. | Mina. Têgêsipun
putihing iwak. | Pik. Têgêsipun putihing minyak. | Icana. Têgêsipun putihing
sungging | Lawon. Têgêsipun putihing jarit. | Suci. Têgêsipun putihing ati.
Tamat.
http://www.sastra.org/index.php Copyright
© 2011-12 Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.
Langganan:
Postingan (Atom)