GENDHING DOLANAN
Lencana Facebook
Blogroll
Popular Posts
-
PELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmata...
-
GEGURITAN Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale sak...
-
Cangkriman Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Dene W...
-
PEPALI LAN WANGSALAN I 1. Nateng kaga, canthing bumbung dhuh bendara, (garudha, Para mudha, sun tuturi piyarsakna. ...
-
Gamelan Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe j aman Demak. Ana maneh sing...
-
A. Pranatacara 1. Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pran...
-
Ayo Gotong Royong Kembang-kembang terong Mbang terong megare sore Ayo gotong royong Gotong royong...
-
1. Abange kaya godhong katirah. 2. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. 3. Kuning pindha mas sinangling. 4. Kaya jambe...
-
Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Bad...
Mengenai Saya
Diberdayakan oleh Blogger.
Selasa, 04 Februari 2014
Lakon Rama Tambak, dening Sang maestro Ki Nartosabdo. Ing lakon Rama Tambak iki Mbah Narto pancen bisa nuduhake sanggit dramatik kang ngedab-edabi , konflik kulawarga Ngalengka kang disuguhake kuwawa ngosak-asik rasa tumrap pandhemen sejati KNS. Pramila lumantar kaca maya iki, aku mung bisa ngaturake sugeng maos.......
Tan Mundur Sakehing Pitutur
Dasamuka :“Wueh
…..ya bandhaku ya dewaku, jagad dewa bathara, Kumbokarno!”
Kumbakarno :“Apa kakang prabu?”
Dasamuka :
“Jroning siniwaka pun kakang tripandurat,
nadyan saklimah ora kewiyos pangandikane labet anggung kengetan rusake kadhaton
Ngalengka setahun kepungkur kang nalika semana kobar satemah kabur, amarga wohe
nggonku kibir, nganti genine sumamburat ing antariksa, yen tak sawang kaya
wujude kawah kang nedheng njeblug saka gunung. Kobare kadhaton Ngalengka duking
uni dening kethek putih, bedhes Anoman , kongkonane Rama Regawa saka Gunung
Maleawan . Kepengin nyoba, angon limpene pun kakang , diwiwti saka nggone
njujug Taman Arga Soka , nganti kalakon sapatemon kalawan Si Wara Sinta . Marga
saka iku pun kakang darbe pangira yen ta , kalakon kaya kang nedhenge
sinandhang ora bakal mendha niscaya marajalela angombra-ombra . Tekane Anoman
bedhes putih kang nalika semana dikongkon dening Rama Regawa tinanggenah
angukur sepira jembare kadhaton Ngalengkadiraja kang sarta nyacahake pira akehe
wadya lan gegamane apadene ngukur dedeg piadege pun kakang . Ya saka glagat
kang mangkono wus tetela yen ta ketentremane Ngalengkadiraja ing mangsa
kalungguhan iki diogreh-ogreh dening pakartine Rama Regawa kena tak upamakake
nedhenge mapan ana sangarepe lawang kapunahan . Marga saka iku yayi, ora jeneng
mokal yen ta jeneng ingsun apadene si adhi , menapa dene sampeyan paman
Prahastha kudu nengenake kaprayitnan lair batin , ngibarate sedhiya payung
sadurunge udan , nyawisake tasik sadurunge benjut . Kandelana bebeteng
Ngalengka Diraja , saya jerokna jejagange Ngalengka Diraja , aja nganti kelebon
trubusane satru thukulane mungsuh kang padha nindakake bebidho hangapi rowang ,
trenggiling hangapi mati yaiku pakartine para bedhes wadya balane Rama.
Rehne sira Kumbakarna satriya Ngalengka Diraja ora jeneng mokal yen ta ajeg jejege
Ngalengka Diraja gumantung saka santosane si adhi sakadang kadeyan kalebu kabeh
putra-putraningsun Ngalengka Diraja . Dina iki dak jaluk lilane atimu aja
nganti lena, nanging tetepana nggonmu prayitna lair batin . Aja nganti kadadean
–kedaean ingkang anjalari gempaling kawiban ingsun negari Ngalengka Diraja….”
………….Anjrahing kang
puspita rum………………..
Kumbokarno : “Kakang Prabu, apa
kepareng aku nanggapi pangandikane kakang prabu?”
Dasamuka : “Mapan iku
ingkang tak arep-arep” .
Kumbokarno :
“Iya, kakang , yen ta aku
kepareng nanggapi, mungguh rempu, satemah dadi rempon negara Ngalengka Diraja
kalebu meh anggempal kawibawane kakang prabu mau , ora saka sapa-sapa ,
ananging tinemune anempuh bebasan ngundhuh wohing panggawe ngrasuk wohing
pakarti”.
Dasamuka :
“Yohhhhhhhh
piyeeeee……Kowe tutur –tutur kaya brahmana marang muride
yaaaa….Hooooahhhhhh……Kumbokarnooo…………..kowe ngucap yen ta meh wae gempal
kawibawane pun kakang labet, pun kakang kok unekake nempuh bebasan
ngundhuh wohing pakarti , ngrasuk wohing panandur, upamane perkara apa wong
jarot heh…………!!!!!!?”
Kumbokarno :
“Kumbakarno ora bakal
mulang muruk marang kakang prabu, nanging ingkang bakal dak aturake , marang
paduka kakang prabu ora liya amung wewangson apadene pangandikane para winasis
kang kabeh mau dadi pepali kang sarta pepeling marang sapa wae kang nedheng
–nedhenge lali kang sarta nedheng-nedhenge kepetengan budi . Kae ana
tetembungan gajah ngidak rapah, palang mangan tandur, dene jebulane ucapan-ucapan
kang mangkono samengko tinemu ana salira paduka kaka prabu….”
Dasamuka :
“Iyaaah……piye mara age sira ngucapa tak rungokke , sing cetha ucapmu hem……”.
Kumbokarno :
“Bakal kaya ngapa gedhene
dedosan yen ta kakang prabu wis kepareng coba-coba angrusak pagerayu,
ngogak-ogak turus ijo kang sarta ngubak-ubak banyu bening . Dene aturku kang
mabgkene nganggo ukur kamanungsan . Ing atase manungsa ukurane ya manungsa .
Kira-kira upama kakang prabu nglakoni kaya Rama Regawa , nedhenge posah-pasihan
lan bojone wekasan bojone cinidra dening priya liyane mono upama kaka Prabu
kepriye?”
Dasamuka : “Tak
pateni wonge !!”
Kumbokarno : “Upama wonge wani?”
Dasamuka : “Tak
jejuwing kuwandhane!!”
Kumbokarno :
“Tegese kakang prabu wis
trep kalawan sajatining manungsa, dadi manungsa iku yen digegarap
kayadene si Rama anane ya mung serik, runtik , wekasan dadi susah…….!!”
Dasamuka :
“Heeeeemmmmm!! Ning kosik, kowe ngerti pilah-pilahe drajad kamanungsan apa ora,
ibliisss!!?”
Kumbokarno : “Upamane kepriye?”
Dasamuka :
“Rama kuwi wong ngendi , hemmm?”
Kumbokarno :
“Iyaa….nadyan ing mangsa kalungguhan iki
tansah lelana ana turut ngalas , nanging miturut gothek , Rama Regawa iku uga
dudu wong cilik ongklak-angklik , dudu wong lola saudon telu saurupan , nanging
maksih trahing kusuma rembesing madu , atmajendra ing nagara Ayodya
putrane Sri Dasarata tinemu pembayun, dadi tumrape drajad aku bisa ngarani lan
kaka Prabu mau amung mor misah “
Dasamuka : “Dasaratu
kuwi ratu ngendi?”
Kumbokarno : “Ayodya…”
Dasamuka :
“Ngalengka Diraja karo Ayodya kuwi negara kepriyeeee??!!”
Kumbokarno : “Ayodya iku amung tiba
sapra satuse “
Dasamuka :
“Wong kang mung negarane
cilik apa bakal ngungkuli wong kang negarane gedhe? Iku lagi kang mung sinawang
ing tata gelar, durung kasektene mangsane , hemmm! Kowe duwe guobog ora,
hemmm?!!”
Kumbokarno :
“Iya….. Rasa kamanungsan iku satemene ora bisa
diukur kahanan , rasa kamanungsan mau pangukure amung sarana rasa tepa salira “
Dasamuka :
“Pun kakang kok anggep
kurang tepa selira kaya kang kok andharake , nrithik ucapmu, kaya
bethet sewu andum memangsan, kowe nggunakake tembung kang becik-becik,
ngogak-ogak turus ijo, hemmmm……ngubak-ubak banyu bening, ngrusak pagerayu .
Manungsa kang petunge tinemu ganjil kaya kowe kuwi ora jeneng mokal yen
ta selawasmu urip kesinungan guooblog kowe yaa!!! Dasarata kuwi manungsa apa
dewa? “
Kumbokarno : “Manungsa”
Dasamuka : “Rama kuwi
manungsa apa dewa?!!”
Kumbokarno : “Ya manungsa”
Dasamuka :
“Kowe eling ora , kowe
eling apa ora? Nalikane pun kakang jumeneng narendra ing Ngalengka Diraja lagi
pirang taun lawase , pun kakang wus angucap: Jagad iki aja ana manungsa kang
pinunjul kajaba mung Rahwana Raja , jagad aja ana wong sekti kajaba mung
Dasamuka, jagad aja ana wong prewira kajaba amung Dasamuka, jagad aja ana wong
duwe wewenang kajaba amung Dasamuka , jagad aja ana wong sugih kajaba amung
Dasamuka , heemmmm!!!! Pun kakang senadyan mung sipat manungsa yen mung
nelukake mangsa wae ora lega. Nadyan nalika semana lekase pun kakang upamane
wong mlaku nyerempet –nyerempet bebaya, parandene dak cerak . Pun kakang
mbedhah kaendran sing dak kanthi mung kowe karo Si Gunawan , kowe eling ora
wong guooblog hemmm??!!”
Kumbokarno : “Eling”
Dasamuka : “Bareng pun kakang munggah marang kaendran
kowe nyumurupi dewa-dewa biyen padha ngapa ?”
Kumbokarno : “Lali…..”
Dasamuka :
“Kowe guooblog hemmmm .
Dewa-dewa nggone padha mabur pating kleper bareng ngungkuli mustake pun kakang
dhawah plakkk!!! Padha luntak ludira nekuk dhengkul, nguncupke tangan ,
ngangklungke gulu, teluuuukkk marang pun kakang pasrah pati urip . Nganti dewa
kang nalika semana wingwrin kang sarta tintrim nyawang kasudirane pun kakang ,
awit saka lega-legawaning penggalih Bathara Indra , pun kakang pinaringan
widadari telu cacahe. Kowe eling yaaa, kowe rak melu ngrasakke nikmat
mupangate ta hemm??!! Siji Bathari Antari tak pek bojo, angka loro Bathari
Kiswani bojomu, tak kekke kowe, yen aku malak tak pek dhewe . Yen aku malak tak
pek dhewe , ning aku eling duwe adhi jenenge Kumbakarno, nadyan wujudmu kaya buaaroongan
, kowe dak rabekake entuk widadari ayu. Yen kowe manungsa sing genep panca
driyamu kudu matur nuwun karo aku, malah semu mulang!! . Angka telu Bathari
Triwati tak paringake Gunawan . Angkara murkaku saben wong wadon tak gandrungi,
titi mangsa aku duwe Sinta iki dadia tamba mari nggonku lara branta . Karepku
Sinta ana Ngalengka Diraja dadia srana ngendhakake angkara murka kang wis
pirang-pirang taun dak tindakake nganti dhengkleh-dhengkleh kaya ngene iki.
Kowe ngerti ?”
Kumbokarno : “Iya, nanging…..”
Dasamuka : “Nanging
piyeeee??”
Kumbokarno :
“Kaka Prabu mau wis
kepareng dhawuh wenang dhaup widadari . Ing atase manungsa bisa dhaup
kalawan widadri tegese manungsa pinunjul , dadi upamane kaka prabu ora
kepareng ngrusak pager ayu , mangka kepingin nggarwa widadari maneh kiraku
kasembadan tur bakal pinaringan kanugrahan dening dewa ora nglarati atine
liyan, ora nyangsarakake uripe liyan, nanging kaka prabu keturutan apa
gegayuhane kang sarta bisa ngrasakake nikmat mupangat”.
Dasamuka :
“Cukup, cukuuuuuuuup!!!!
Cukup….. mangap cangkemu yaaa!!! Menga kaya guwa , buta kurang badhogan,
piyeeeeeee!!!!, heeemmmm . Kowe ngarani yen ta aku kok primakake rabi widadari
bisa, mesthi bisa, ora mung pun kakang dhewe, nyatane pun kakang sembada
ngrabekake kowe lan adhimu Si Gunawan. Nanging telenging rasa aja kok reh
nganggo rasamu , rasane Dasamuka dudu rasane Kumbakarno , nadyan ana widadari
sewu adhampyak-dhampyak padha ngejawantah, pun kakang ora kepengin
ngliriiiiiik, jagad iki wis kelangan wong ayu , ora ana wong ayu kejaba amung
Sinta. Sinta kuwi manggone ana nyawane Dasamuka, hemmm…..Yen Sinta musnah
Dasamuka punah . Kowe ngerti…..?”
Kumbakarno :
“Ya wis , yen ngono kaka prabu ora prelu
nggresula, perkara kobonge kraton Ngalengka Diraja kang mengkono mapan wis dadi
totohane . Manungsa kang kepengin menek dhuwur kudu wani tiba kanteb !!”
Dasamuka : “Gene kowe bisa celathu, hemmm….Kunjana kowe
ya…..??? Kowe kunjana , hemm….”.
Kumbakarno : “Iya….”.
Dasamuka :
“Kunjana kowe !! Kowe
bisa ngucap “Sapa kang kepengin menek dhuwur kudu wani tiba kanteb” Pun
kakang wani tiba kanteb , kamulyan, kanikmat kamukten negara Ngalengka Diraja
kowe kabeh padha ngrasakna, padha nyandhanga, padha turua kepenak , padha mangana
sing enak nanging mengko ana sengsarane bebenduning dewa apa dene kanepsone
Rama Regawa cukup Dasamuka, liyane aja padha mbelani …….”
…….Tan pantara ratri,
amung cipta pukulun……..
Wibisana Tundhung
Dasamuka : “Kowe maju, ana apa Gunawan, hemmm?”
Wibisono :
“Kula nuwun sewu,
ila-ila ing nguni , sinabetna ing ila duni, linepatna sapu dhendhaning abathara
dadosa tulak sarik. Badhe atur kula ing mangke sewu-sewu genging kalepatan
diagung ing pangaksama paduka kanjeng kaka prabu …..”
Dasamuka :
“Iyaaahh……Ana luputmu dak ngapura,
hemmm…..Ning kowe aja kaya kakangmu ya, hemmm……Kowe critaa sedina muput tak
rungokke, hemmm….. Kowe ndongenga sewengi wutuuuhh…….tak mirengke , Kowe gawea
andharan pitung dina teruuuuss…..tak gatekke, Kowe gancara setaun butuuunnn …..tak
tanggapi, muuuung…..welinge pun kakang kowe aja gawe gorehing atiku krana
nggone ngogreh-ogreh dedununge Rakyan Sinta ana Ngalengka Diraja . Yen nganti
kowe kaya kadangmu Si Kumbokarno wani angucap dhasare ngundhamana marang pun
kakang padha karo kowe duwe panguwasa ngungkuli pun kakaaaaang…..!!”
Wibisono :
“Dhuh, dhuh kaka
prabu…..Saderengipun kawedal atur kula, kala wau kula sampun matur sewu-sewu
gunging kalepatan diagung pangaksama paduka……”.
Dasamuka : “Aku wis mangsuli “Ana luputmu dak ngapuraaaaa…….!!!”
Wibisono :
“Mangka menggah
sayektosipun ingkang badhe katur ing ngarsa paduka kaka prabu menika boten
sanes inggih magepokan kaliyan dedunungipun Rekyan Sinta wonten ing Taman Arga
Soka kadhaton Ngalengka Diraja” .
Dasamuka : “Lha
iya, kowe rak melu nguwatke ta, kowe melu seneng, kowe melu nguwatke , kowe
melu ngukuhke, kowe melu ngreksa ketentremane, kowe melu angayomi, kowe melu
njaga kiwa tengene kang sarta kowe melu gawe keslametane Sinta, ngonooo?!!”
Wibisono :
“Kaka prabu, senadyan anggen kula badhe
angrakit ukara mangke benten lan kakang mas Kumbokarno , nanging deleging
suraos mbokmenawi inggih namung sami …..!!!”
Dasamuka : “Wo ngono, upamane priye?”
Wibisono :
“Miturut gothek , ujare para dwija ,
pangandikane para brahmana , sabdane para muni , wasitane para dewa, tuwin
gumyak gumarenggenging para tetiyang saindhenging bawana sami mratelakaken
bilih Rama Regawa menika satunggaling titah panjalmaning Sang Hyang Wisnu
jawata ingkang wenang andum kabahagyan !!”
Dasamuka : “Wo ngono? Trus aku ra kena kepriyee?”
Wibisono :
“Para titah , idheping
tekad mbokmenawi boten wonten sanes namung panembah tunggal kajawi namung
dhateng ingkang amurba wisesa jagad tuwin dhateng utusane dewa inggih menika
Sang Hyang Wisnu . Sang Hyang Wisnu prajuriting para dewa, Sang Hyang Wisnu
senapatining para dewa, Sang Hyang Wisnu pandheganing para dewa, tuwin Sang
Hyang Wisnu dewa dewataning adil, ingkang anggadhahi wewenang angadili sinten
kemawon ingkang pantes anampi adil . Menawi kaka prabu anjarag dedosan,
menika menapa boten ajrih dening sesikuning Sang Hyang Wisnu , ingkang tansah
tumingal dhateng pakarti miwah tumindaking sagung tumitah . Boten ngemungkaken
ingkang sipat manungsa senajan kutu-kutu walang ataga ingkang kumrembyah,
kumlawe, rumangkang miwah gumremet sadaya sampun kawuningan dening
panguwaosipun Sang Hyang Wisnu . Menawi Sang Hyang Wisnu ngantos kalajengaken
anggenipun bramantya agening deduka boten ngemungaken dhateng salira paduka
kaka prabu piyambak , nanging boten wurung para kadang ingkang boten sumerep
kenthang kimpule lelaampahan purun boten purun kedah ngraosaken kasempyoking
aradan awit saking pakartining kanjeng kaka prabu!!
Dasamuka :
Woo, ngono? Kowe
ngucap , yen ta Rama pangejawantahe Sang Hyang Wisnu kang wenang andum
kabahagyan . Yen kowe ngerti sing jenenge bahagya ki piye ?”
Wibisono : “Bahagya menika katentremaning lair –batos”
Dasamuka :
“Ngono…..!!! Kowe
ngerti uripe Rama Regawa ana alas kuwi tentrem apa ora, hemm…. yen pancen
nyata-nyata dheweke titising Sang Hyang Wisnu geneya nganti lena , yen nganti
nyata-nyata panjenengane Sang Hyang Suman kang ngejawantah geneya bojone
dicolong uwong kok dheweke ora weruuuh…..!!! Gene nganggo dhasar pirang-pirang
perkara kang dak kandhakake mau mokal yen ta Si Rama mau titising Wisnu.
Upamane titising Wisnu aku ya ora wedi, kuwi upamane . Bab angka loro,
yen ta nganti ana bramantyane Sang Hyang Wisnu kang wus salira Rama Regawa kuwi
kandhamu wong kang jirih ing getih wedi matiiii…..tan wurunga ora ngemungake
pun kakang kang kasempyoking dedosan nanging gelem ora gelem para kadang kabeh
kasempyoking aradan padha melu nampa pidanane Sang Hyang Wisnu. Upamane ngono
saiki tak takoni “Urip bebrayan mau ibarate kaya apa
?” Wong urip bebrayan
luwih-luwih Ngalengka Diraja ki bebrayan gedhe , bebrayan agung ngibarate
kayadene mina kang urip ana ing balumbang, yen banyune balumbang panas , kabeh
kudu gelem ngrasakake panas. Yen banyune adhem kabeh kudu ngrasakake
segeer katentremane Ngalengka Diraja kowe melu ngrasakake wibawa ngglenggem ,
mathem , marem, wis rumangsa jenjem nanging geneya durung karuwan ana bebaya
lagi ana gelagat kang ora kepenak kowe wis jirih. Nganti kowe njulukake Regawa
nganti tekan ngawiyat, pun kakang rumangsa kok-asorake drajade katimbang Si Rama
Regawa . Kaya ngono mau kowe kuwi menungsa apa sato, hemmm…?!! Kowe ngerti
sona, sing gawene njegog. Sona kae yen rina wengi dipakani kalawan sing makani
ora tau lali malah saya kandel katresnane , nanging geneya kowe kuwi manungsa
tur kulit dagingku, kowe kuwi warisku nanging kena ngapa ana glagat-glagat kang
durung cetha bakal rusake Ngalengka Diraja wis duwe cara-cara kang sarta
cak-cakan kowe ngendhakake pun kakang , cukup iki wae, aja kok pindho, hemm…!!
“
Wibisono :
“Kaka Prabu, inggih
kula menika upami dipunetang saking umur dereng sepintena , menawi dipunurut
saking silsilah kula menika ragil pinanggih enem. Nanging menawi kula ngengeti
satungggaling satriya menika kula kinten boten wonten awonipun kula kedah
mastani satunggaling prakawis ingkang nyata, ingkang leres inggih kula ucapaken
leres, ingkang lepat inggih kula ucapaken lepat”
Dasamuka : “Bener, kowe satriya lha sing kok kandhakke bener sapa,
sing kok ucapke luput sapa ?”
Wibisono :
“Inggih menawi kaka
prabu puguh santosaning penggalih boten saged kula endhakaken srana atur
ingkang sanget angrerepa menika tegesipun kaka prabu menika angemaha mapan
panggenan ingkang kula raos lepat “
Dasamuka : “Wis muni meneh!!”
Wibisono :
“Kanjeng kaka prabu
menika anemaha mapan panggenan ingkang lepat , nyatanipun mokal ta kaka
prabu kok boten ngertos ing reh angger-angger , mokal paduka ngantos sumingkir
ing reh bebener, ewadene nadyan atur kula wau kados bethet sewu andum
memangsan, parandene saklimah boten kadhahar kaka prabu, nanging senajan makatena
kula tetep boten badhe mendha menawi taksih kapareng sowan ing ngarsa paduka
badhe ngginakaken sewu cara miwah sewu srana anggen kulabadhe ngengetaken
klintune penggalih kaka prabu sampun ngantos kedlarung-dlarung . Jer para
winasis sampun nate paring wewangson ungelipun makaten : “Manungsa aja anggung
maciya-ciya , Sang Hyang jagad Pratingkah tan kena tinagih , sapa kang mbibiti
ala ing kono wahyune sirna ……….”
…..Dhadha muntab lir
kinetap, duka yayah sinipi…
Dasamuka :
“Gunawan!!!! Sepet
mripatku aku nyawang kowe , jengkel rasaku nyumurupi kowe , nadyan kowe kulit
dagingku , nadyan kowe sedulurku tunggal rama ibu, nanging tumrape Dasamuka
kowe dadi kliliiip…….Ora ngerti tinemune bareng kowe uwis saya tuwa bebasane
satru munggweng cangklakan ora ngrewangi murih mareme pun kakang nanging malah
ngogreh-ogreh katentremane pun kakang . Wiwit ing dina kalungguhan iki
wis dadi karampungane yen ta jeneng ingsun ora kepengin nyumurupi Si Gunawan
kudu minggat saka Ngalengka Diraja . Ora ndadak nganggo tak wangeni pirang
kedhepan netra yen ta mengko sedhela maneh kowe ora minggat saka Ngalengka
Diraja, bakal tak pagas gulumu kowe……..!!!!”
--------------------------- ------------------------ ---------------------------
Mutunge Sang Kumbokarno
Indrajid : “Oh dewaji, dewaji
sumendhal raosing manah kula…….”
Dasamuka : “Jiid….arep ngapa kowe, nangis, cingeng kaya
bocah, jejeg sisan kowe!!! “
Indrajid :
“Boten kula kok rebah-rebah pisang awit saking
aturipun Paman Gunawan , nanging wonten ing petang , kula radi tumut
ngleresaken , jer nyatanipun paduka menika badhe menapa kewala saged kasembadan
, namung saprekawis sampun ngantos angrisak pager ayu kemawon, aturipun
Paman Gunawan ingkang samanten kathahipun boten tinampi kanthi leganing
penggalih malah anuwuhaken dedukaning paduka. Rama dewaji kula nyuwun
pangapunten, keparengan animbali pun Paman Gunawan malih supados kepareng seba
ing negari Ngalengka Diraja!”
Dasamuka : “Huuss!!…..srenggala
kowe ya!!! Srenggala kowe!!! Wraha yaa!!! Kumbokarno!!, bener ora aku??”
Kumbokarno : “Luput!!!”
Dasamuka : “Huusss!! Piye, kowe wani ngluputke aku dhasare apa?”
Kumbokarno :
“Iya, yen dirasa aku
luput nggonku matur , ana pidanane kaka prabu, upamane ditugel guluku aku
sendika nglakoni , jer kiraku ora dadi alangan apa-pa yen kaka prabu kepareng
nugel gulune Kumbokarno , wong nyatane wewenang Ngalengka Diraja sawutuhe ana
astane kaka prabu , mung yen padha-padha ngelingi …..”
Dasamuka : “Ngelingi apa ?”
Kumbokarno :
“Negara Ngalengka
Diraja tinggalane kanjeng eyang Sumaliraja , marang kanjeng ibu Dewi Sukesi .
Angka loro yen ta kaka prabu ngelingi, aku lan kaka prabu putrane pandhita
linuwih yaiku kanjeng rama Begawan Wisrawa , ora mung pandhita lumrah, nanging
raja pinandhita nyatane tau jumeneng narendra ing negara Lokapala . Kanjeng
eyang Sumaliraja nggone tilar kamukten negara Ngalengka Diraja biyen ora mung
mligi pinaringake tunggal marang kaka prabu, nanging aku isih eling yen ta
negara Ngalengka Diraja , kanikmatane negara Ngalengka Diraja ora mung kagem paduka
piyambak nanging kudu warata marang kabeh para kadang kadeyan. Mbuh sapra
pirane, mbuh akeh mbuh sithik, mbuk gedhe mbuh cilik Gunawan iku satriya
Ngalengka Diraja uga anduweni wewenang anane Ngalengka Diraja geneya kaka prabu
bareng ora kecocokan ing penggalih , kok cuthat kaya wrejid cacing , kok getak
kaya kidang menjangan , kok gesah kaya manuk , wooo…. lha aku sing melu ora
lila , kaka prabu……”
Dasamuka : “Piyeeee!! Sing gawe prenatan Ngalengka Diraja biyen sapa?”
Kumbokarno : “Kabeh para kadang
biyen padha tapak asta!”
Dasamuka : “Surasane priye?!!”
Kumbokarno :
“Iyaa, kabeh para
kadang padha tapak asta , surasane sapa wae ora mawas sanak kadang pawong
mitra, kulawarga kang adoh – kang cedhak ingkang coba-coba wani marang
panguwasane ratu Ngalengka Diraja, luwih-luwih wani angendhake kekarepane kaka
prabu ora diaku kulawarga Ngalengka Diraja” .
Dasamuka
: “Kowe kelingan ? Kowe eling?”
Kumbokarno : “Iyaa, mung
karepku ora kuwi….”.
Dasamuka
: “Piye? “
Kumbokarno :
“Pranatan kang padha ditapak astani jaman kae,
rumangsaku kaka prabu kuwi tindake metu garis-garise kautaman. Ora ngawruhi yen
ta jebul kabeh mau singlar saka kautaman . rehne kaka prabu wus wantala nundhung
Gunawan saka Ngalengka Diraja kang nyatane ora luput, ora wurunga yen ta aku
kesuwen ngadhep bakal kesempyok ing aradan nadyan aku ora luput , bakal kok
anggep dosa, gunane apa kesuwen aku ngadhep ana ngarsane kaka prabu. Lilanana
aku pamit, mbuh ana kedadean apa Ngalengka Diraja Kumbokarno ora bakal
cawe-cawe……”
Dasamuka
: “Minggataa Ibliiss!!”
…………………Kumbokarno
kesah.........................
Prahastha
: “Angger-angger gusti kula ingkang sinuwun, Ngger….”.
Dasamuka :
“Paman Prahastha kaya bocah, dleweran ngoten
niku wonten napa, hemmm? Sampeyan niku wis gerang , wus tuwaa!!! Cingeng…..!!!
Adol welas, nangis luhe ting dlewerr, mbelani anak sampeyan loro wau nggih?!!
Mbelani anak loro Kumbokarno kalih Gunawan?”
Prahastha :
“Inggih, nadyan kados pundi kula namung wonten
sahandhap panguwaos paduka ingkang sinuwun , namung dipun-lepataken menawi kula
boten sawetawis asung pepenget dhateng paduka angger ….”
Dasamuka : “Inggih pripun ?”
Prahastha
:
“Kalih-kalih badhe
pinanggih , menawi kula ngakeni satunggaling patih inggih sampun samenthinipun
kedah ngengetaken dhateng kelimputipun ratu gustinipun , menawi kula ngengeti
satunggaling bapa paman paduka ugi boten lepat menawi kedah ngengetaken dhateng
badhe kelimputing anak – kepenakan kula….”
Dasamuka :
“Nggiiih…..rong perkara
kula tampa, sampeyan ngucap sawijining patih inggiih, sampeyan ngaku pak cilik
inggiiiihh, mapan kepara nyata !”
Prahastha :
“Wonten ungel-ungelan
makaten “Rukun gawe santosa, yen crah gawe bubrah” kula boten nginten bilih
lelampahan menika dumadosipun rinten dalu namung daredah samadyaning kulawarga,
labet saking gesehing pemanggih paduka kaliyan pamanggihipun para kadang-kadang
paduka anak kula Kumbokarno menapa dene penakan kula pun Gunawan. Gelagat
ingkang makaten wau benjing badhe awoh menapa ?”
Indrajid :
“Inggih kanjeng dewaji,
kaluruhan timbalanipun kanjeng eyang Patih Prahastha , ngibaratipun menika tatu
dereng kelajeng lebet , maksih gampil tinambal dening pambudi daya ,
menapa boten tumunten samukawis ingkang sampun kadhawuhaken wau kajabela
wangsul , boten perlu paduka tega dhateng paman Gunawan menapa dene paman
Kumbokarno….”
Dasamuka :
“Kowe bayi tak keplak kowe ya, hem. Bayi
nuturi bapakmu , kowe kuwi dha isa ngapa . Dadi yen bapakmu dawa umure ki kowe
dha ra seneng ta? Aku ki bisa golek wong ayu liyane Sinta, yen cocokku perkara
kuwi njur kepriye?”
Indrajid : “Menika nate
winengku dening Sang Regawa laminipun kalih welas tahun….”
Dasamuka :
“Rolas tahun ya
ben…..Loro-loro gati , telu-telune ngemor , tegese….. coba aku kepengin leladi
marang paningalku nyawang sawijining kaendahan , kepengin maremake rasaku
nyawang sawijining wanodya ingkang kebak ing rasa susila lan kebegan ing
rasa budaya , katelune, Jiiiiiiiiiiiid!!”
Indrajid : “Nun, ….wonten
dhawuh….”.
Dasamuka :
“Tututana pamanmu
Gunawan . Cara priye, srana apa lan budidaya sing endi kang bakal kok
tandukake marang pamanmu , supaya pamanmu ora sida lunga saka Ngalengka Diraja
, nanging kanthi janji yen pinuju sowan ana ngabyantaraningsun aja nganti
rembugan lan merekake dedunungane Sinta ana Ngalengka Diraja”
Sugeng midhangetaken saking Pak Malixs :Klik ing ngandhap
menika
Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur
warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe jaman
Demak. Ana maneh sing ngendika gamelan lan seni nggamel iku tuwuh jaman
Majapahit, jamane Patih Gajah Mada lan rajane. Yen nlusur sarana nitipriksa
gamelan kang ana saiki lan sing kalebu gamelan tuwa. Kaya-kaya gamelan sing
diarani tuwa dhewe iku, jebule isih kalebu enom , jalaran jaman kuna uga wis
ana gamelan. Yen macani prasasti cathetan kuna, candhi-candhi sing umure atusan
taun, ing kono bisa katitik anane jeneng-jeneng ricikan gamelan saiki. Uga
kalebu buku-buku utawa layang-layang kuna karanBalitung, raja Mataram Kuna,
tinulis istilah “padahi”, kang dikarepake tabuhan kang aran “kendhang, tambur,
terbang gedhe” . Ing layang kang isi crita tokoh-tokoh Mahabarata sing karacik
nganggo basa Jawa kuna, uga tinemu araning tetabuhan kang saiki klebu ewoning gamelan. Crita
Mahabarata Jawa kuna ditulis nalika sugenge Prabu Darmawangsa (taun 990 –
1007), raja kedhiri uga akeh tembung araning gamelan kang tinemu ing layang
kang ditulis jamane Prabu Erlangga (1019-1042), Prabu Warsajaya (1104), Prabu
Jayabaya (taun 1130 – 1160), raja
Kadhiri, jeneng unen-unen utawa gamelan iki kayata: beri, curing (klinthing,
lonceng cilik), garantung (gambang), gong, gubar (kempul), kangsi (rebab),
kemanak, kendhang, ronji(angklung), salukat (saron peking), salunding (gender),
suling, tudhung (suling gedhe).
Istilah gamelan asale saka tembung
“gamel” (Jawa kuna), tegese “cekel”. Mbokmenawa amarga sawise ditabuh
(dithuthuk) banjur dicekel (dipekak) kaya yen nuthuk saron utawa slenthem,
barang iku suwe-suwe katelah “gamelan”. Istilah Jawa kuna-ne “tabeh-tabehan”,
lan ana manes istilah “tamara”. Tembung “tamara, tamra”, Jawa kunan-ne ateges
“tembaga”. Gamelan iku biyen-biyene kagawe saka “tamra” (tembaga). Ana maneh
gamelan kang digawe saka kuningan, basa Sansekerta-ne “kamsa” owah dadai
“gangsa”, kang sabanjure dadi tembung kramane (dasanamane) tembung “gamelan”.
Ana maneh istilah “pradangga” tumrap gamelan. Basa Jawa Kuna-ne “mredangga”,
yaiku araning tabuh-tabuhan kang memper kendhang gedhe, tambur.
Ora biyen ora saiki, gamelan ana
gandhenge karo kesenian wayang, karawitan, niyaga, sindhen, lsp. Tembung
“wayang, ringgit” wis ana wiwit jaman kabudayan kuna. Ing layang Ramayana ing
kono ana istilah “mawayang, angringgit”, tegese “mayang”. Sing sok mayang
sebutane “widu”. Kajaba mayang widu uga bisa nggamel lan ngidung (nembang).
Sing gawene mayang saiki diarani dhalang. Istilah dhalang wis tinemu, apese
wiwit jaman Kedhiri, kamot ing layang Kresnayana, katulis jamane Prabu
Warsajaya. Istilah “dhalang” iku jenenge abdine Bima, kasebut ing layang
Nawaruci (jaman Majapahit). Abdine Bima ana loro, yaiku Semar lan Dhalang. Abdi
iku kuwajibane momong Bima lan nyathet piwulange para resi gurune Bima.
Ing layang Arjunawiwaha, karangane Empu
Kanwa, jamane Airlangga (1019 – 1042), tinemu syair Jawa kuna kang diarani
“kakawin”. Ing sajroning kakawin sapada ngandharake mangkene : “Ana
wong padha nonton wayang (ringgit), padha nangis lan sedhih. Wong-wong iku ora
ngerti (rumangsa), manawa wayang iku mung wujud lulang diukir, bisa obah lan
guneman. Ora ngerti obah lan gunemane iku mung semu”.
Ing layang Sumanasantaka karangane Mpu
Monaguna, nalika jamane Prabu Warsajaya, raja Kadhiri, nyaritakake nalika
Pangeran Aja (putra raja Ayodya, bapakne Dasarata, embahne Rama) kawisudha,
wong-wong kang padha rawuh ing panggung jumeneng kaya wayang dijejer
(disimping).
Pangripta layang Jawa kuna kang mawa
irah-irahan Partayadnya, isine nyaritakake Arjuna mangkat lumaku menyang
pertapan
ing guwa kang dumunung ing gunung Indrakila, nyritakake pasawangan ing alas:
Wit-witan jejer-jejer, sinawang kaya gelaring wayang, langit minangka kelir,
srengenge minangka blencong, angin sing ngobah-obahake.
Istilah “niyaga” sakawit ateges “panggamel”, wong sing
nabuh gamelan. Tembung “niyaga” utawa “nyaga”, tegese “panuntut laku”, “panganjur”
(L. Mardiwasita), “sing main gamelan” (Prof.Dr. P.J. Zoetmulder). Tembung “niyaga”
saiki owah dadi tembung “wiyaga”, sing tegese “panabuh gamelan”
Tembung “karawitan” Jawa kuna asale saka tembung “rawita”.
Tembung “rawita” asale saka wod “raw”, tegese “ywara, muni”. Dadine tembung “rawita”
tegese nyawa utawa muni uga. Saiki dadi istilah “karawitan” Jawa anyar, kang
karepe ngemu teges “samubarang kang magepokan karo seni swara”, mligine
swaraning gamelan.
Istilah “gending utawa ganding” (diwaca: “gendhing”),
uga wis tinemu ing prasasti kuna, lan buku-buku Jawa kuna. Dene “gending” iku
sawijining piranti (instrumen) kang muni sarana dijimpit driji utawa dimainake dening tangan. Mula ana istilah “ganding
rawanahastha” , “tegese gendhing
muni karana tangan” Lan Gendhing Rajaswala. Saiki akeh banget araning
gendhing kang sesambungan karo unining gamelan.
Tembung “sindhen”, Jawa kuna “sindhen”, asale saka
tembung “sindhi” oleh panambang –an. Tembung “sindhi”, tegese “pasemon”,
Indonesiane “sindiran”. Sindhen Jawa kuna cakepane isi pasemon lan dhapur
kakawin utawa saloka (seloka/sloka) isine memper karo paribasan, bebasan,
saloka, lsp.
Ing basa Jawa kuna uga ana istilah “uyu, manguyu”,
tegese “muni sing ora ana lerene”. Upamane swaraning kombang, mbrengengeng ora
ana pedhote. Ing jaman saiki ana pahargyan manten uga asring keprungu “gendhing
manguyu-uyu” kanggo ngurmati rawuhe para tamu.
Kanthi landhesan kang kabeber ing ngarep, bisa dijupuk
dudutan : Ing kabudayan Jawa kuna wis dikenal anane piranti (instrumen) kang
saiki diarani “gamelan” Budaya pawayangan uga wis ana, lan pakelirane. Saperangan
istilah kuna teka saiki isih urip.
(Ature : R.S. Subalidinata ing Kalawarti Basa Jawa Djaka
Lodang No.18; 2007)
Langganan:
Postingan (Atom)