Blogger news

« »
« »
« »
Get this widget

Popular Posts

About

Flag Counter
Diberdayakan oleh Blogger.
Minggu, 02 Februari 2014

Lakon Mayangkara, disanggit dening Sang Maestro dhalang Ki Nartosabdo. Ing perangan iki,isi wawan gunem antarane Badan Wadhag-e kalawan Badan Alus-e (Suksma Sejati)Si Anoman ya Resi Mayangkara. Ing kene bisa dikawruhi menawa Ki Nartosabdo saliyane dhalang uga guru sejati ilmu kebatinan. 

RAGA LUWIH – SUKSMA SEJATI 

Anoman Gagrag Mataraman   

Suluk

Risang  Maha  yogi,

Sawusnya  samadi,

Munggweng  pacabrakan,

Wus  dangu  ningali,

Wijiling  sasangka,

Saking  graning  wukir.



Apan nyata Pandhita linuwih, yata  wau Resi Mayangkara........

Wus dangu denya cegah dhahar lan nendra Resi Mayangkara ya Begawan  Mayangga Seta, Tanana ingkang cinipta jroning panekung muhung denirarsa wangsul pangayunaning para Dewa , hawa panas wus anglimputi saranduning sarira , sanajan…………Ilir-ilir sumilir kanang maruta manda anempuh sarirane Sang Mayangkara tetela wus boten karaos. Wus mangsa bawur netrane, pelo pangucape, datan trewaca pamirenge.Saranduning sarira kinisik-kisik wus datan ana unine kusika, tegese kulit.Sadhela-sadhela kraos benter, sadhela –sadhela kraos asrep.Kang mangkono sayekti pinangka pratandha lamun wus datan ajeg lampahe ludira .Langkung-langkung wus ana keketeg jaja butul prapteng walikat. Resi Mayangkara wus kraos salebeting penggalih bilih Sang Hyang Yamadipati dewaning hantaka, arsa anjabut Sang Suksma Sejati .Mila lila donya legawa ing pati. Sakala wus murcatma hanglinang suksma ResiMayangkara, pisah suksma lan ragane.......

Apan  nyata  Pandhita linuwih, yata wau Resi Mayangkara.........

Badan Wadhag: 
"Jagad dewa bathara…….Semene wantalane Sang Suksma Sejati, nggone nyikara Klawan  aku kang asipat  raga linuwih,  luputku apa dosaku apa dene Sang  Suksma Sejati parikudu Oncat saka raga,  bakal marang ngendi esthining tekadmu  heh Sang SuksmaSejati,   mara  gage, aku Kang asipat gumelar, kang asipat kuwadhagan, tuturana kang sarta tuduhna ing ngendi dosa kang sarta kaluputanku?"

Suksma Sejati : 
"Jagad dewa bathara......... Heh sang raga luwih, aja lancang pangucap wani nyaru wuwus kang sartan yaruwe sakabehing lekas-Lekas kang nedheng dak-tindakake. Kawruhana sejatine uripira iku amung kawengku ing jenengingsun, nadyan sira agegantha sarta agatra, sayekti tanpa paedah karana tan bangkit obah kumrembyah kang sarta makarti yen datan antuk pangayomaningsun, yaiku Sang SuksmaSejati..."
Badan Wadhag     : "Yen ngono ayo padha satata luwih dhisik ....."
..................................................................
Badhan Wadhag    : 
"Heh Sang Suksma Adi, Ora ngira yen ta saya dewasa , saya ngrebda nggonmu duwe cak-cakan angundhamana marang raga ingkang wus amadhahi saliring karenteg kang sarta tekadmu , nadyan ingkang menceng sarta ingkang jejeg . Aku wis ngrumangsani krembyahing tangan jumangkahe suku ku, grenjeting prana , liriring netra sayekti tan bisa makarti , yen ta kayoman dening panguwasaning Sang Suksma Sejati , nanging kawuningana nadyan mangkonoa , sira uga wus tetela gedhe lelabuhane . Pirang-pirang kang dadi krentege Sang Suksma Sejati,  kepengin apa wae sarta bakal lunga menyang ngendi Sang Suksma Sejati bisane tumuli klakon yen ta utusan si raga, dene kang mangkono sayekti wis bisa ditetepake yen ta si raga mono gedhe paedahe kang sarta  raga mono uga dijupuk daya gunane . Yen sira anggung angundhamana kaya kang wus kok-ucapake sayekti tan wurunga amung bakal gagar wigar tanpa karya saliring kang sira jangka sarta ingkang sira gayuh". 
 
Suksma Jati      : 
"Heh , Sang raga luwih, pangucapmu purwa, madya, wasana samendhang wus datan karempit, nanging kawruhana tumraping kodrat ingkang bisa angucap mono sayekti amung Sang Suksma Sejati , ewadene sira ableger raga asipat wadhag koncatan Sang Suksma Sejati parandene bisa angucap ora sabab saka  ngapa awit saka gedhene parimirma Sang Suksma Sejati marang raga kang uga wus ngatonake lelabuhane , jroning padha loro-loroning atunggal kumrembyah ing arcapada". 

Badan Wadhag  :
"Iya….Aku wis bisa ngakoni sakabehing kang kok-ucapake , nanging kaged dene Sang Suksma Sejati parikudu oncat saka papan kaya wus tega atilar arcapada , kalebu wantala daksiya marang raga kang wus bebarengan urip kalawan Sang Suksma Sejati . Menyang ngendi bakal tekadmu heh Sang Suksma Sejati aku emoh keri".

Suksma Sejati   : 
"Heh raga luwih kawruhana, sayekti angribeti yen ta nggoningsun nedya munggah sarta sumengka ing Guru Loka sinartan kekurungan kang wujude tan prabeda kaya sira , ya nadyan ingarep sira wus bisa angucap nuduhake pirang-pirang lelabuhan ingkang wus kok-wenehake marang ingsun , nanging bot-bote kahanan sayekti bakal gawat kliwat-kliwat . Uripe manungsa kang coba-coba wani anglawan kodrat , mula, pancena jeneng ingsun ora tega sarta wantala ninggal marang sipatira,  yen ta nganti kesuwen nggonira koncatan Sang Hyang Suksma Sejati, tan wurunga raga kari nggalinting amung dadi memangsane wrejit cacing , mulya-mulyane  amung dadi sarah nyang endi parane kejaba amung kudu kentir ing banyu kobaring dahana. Mula, ana karentege tyas-ingsun prayogane sira budidayaa nyampurnakake sipatira srana nggonmu wani anggeguru tekad kang sarta mupus marang pepasthene kodrat miwah aja kendhat ambudidaya nyenyuwuna marang  panguwasane Kang Akarya Jagad sirnane sipatira balia marang ing ajal kamulanira!"
Badan Wadhag  : 
"Whe lha kok ngono? Yah…..Kabeh mengko ingkang kok-prentahake bakal dak-lakoni nanging sadurunge dak-lakoni apa kira-kira Sang Suksma Sejati bisa mangsuli pitakonku?"
Suksma Sejati
"Yah….Mara gage sira arep takon apa?"
Badan Wadhag
"Sadurunge tumiba ing bapa – biyung , aku – kowe sinebut apa?"
Suksma Sejati:  
"Sadurunge tumiba ing bapa – biyung , aku lan sira sinebut karsaning Hyang"
Badan Wadhag :
"Sawise sinebut Karsaning Hyang , banjur apa jenenge?"
Suksma Sejati:
"Wuse tumiba ing bapa – biyung saka karsaning Hyang, ing kono mujudake sawijining atma".
Badan Wadhag : "Atma iku apa?"
Suksma Sejati: "Atma iku roh linuwih"
Badan Wadhag: 
"Sawise gumelare dadi atma, banjur apa mengko  wahanane?"
Suksma Sejati
"Wise dadi atma tumuli agatra mujudake makarti budi".
Badan Wadhag : "Sawise wujud makartine budi gumelare dadi apa?"
Suksma Sejati
"Sawise mujudake pakartine budi ing kono bakal ana thethukulan kang awoh yaiku wujude kulit, daging , gatih, balung , rambut lan pirang-pirang perangane badan . Nanging sayekti iku durung urip".

Badan Wadhag : "Bisane urip kudu diayomi dening apa?"
Suksma Sejati
"Kawuhana , heh raga luwih, bisane urip kudu kayoman , ingkang sinebut hawa Tri Murti .  Tri tegese telu, Murti tegese pepadhang. Cahya telu ingkang gumilang wus nyawiji ya ing kono sinebut wahyu nungkat gaib. Nungkat tegese wiji, gaib – samar , wiji samar kang kinandhut ana guwa garbane ibu sayekti ing mangkono kadadeyan saka pirang-pirang prakara kaya kang wus dak-ucapake ing ngarep. Dene mungguh kuwadhagane bisa gatra kang sarta gantha kena daya patang prakara yaiku bumi geni banyu lan angin . Bumi geni banyu lan angin sayekti andayani sarta maweh daya mujudage sipat gatrane manungsa . Yen ta pitung prakara wus manunggal nyawiji bisa kadulu ana wewujudan kang tanprabeda kaya tawon gumana , dewasane wujud kaya pratima dhenta , tegese golekan gadhing , sayekti ing kono wus kadunungan dayane ngaurip srana wus bisa tetunggalan klawan Sang Hyang Suksma Sejati. Mula ana sawijining kaelokan kang ora bisa digagabi nganggo nalar , senadyan urip mono mbutuhake daya pitung prakara surya candra kartika bumi geni banyu lan angin parandene jabang bayi kang kinandhut ana guwa garbane ibu wis bisa urip , yaiku kang sinebut uripe Pramana. Uripe Pramana kang sinurung dayaning kaelokan, dayaning andupara, dayaning rasa gaib sayekti ing benjang uga bakal bali marang mula mulih mulanira , sarta kawruhana heh raga luwih , salawase jagad isih nggunakake tembung ana sayekti bakal ana ingkang anganakake. Rehne dumadi saka ora ana manungsa kudu gelem ngakoni yen kudu bali marang ora ana. Sarta yen ta manungsa wus kandel marang panembahe sarta eling marang ingkang anitahake samangsa ing tembe prapta wahyane mangsakala kudu tinekakake kudu bali kang ora ana ora bakal keblasuk dalane , jejeg – lempeng – gumana kaya teja mencorong hanelahi ngebeki jagad raya.............................................................."

 

 

Pandhawa Ngenger, salah sawijining lakon wayang kang digarap lan  disanggit dening Sang Maestro Ki Nartosabdo kanthi nges. Ing kalodhangan iki penulis nyoba mbabar fragmen ing adegan Kaendran, Dewi Supraba, Wilutama, Probosini, lan Dewi  Uruwasi kang memilut manuhara marang Sang Arjuna.

PAMILUTE PARA WIDODARI DHATENG SANG ARJUNA

JANTURAN

Sumarebak gandannya  arum sanggya para waranggana widadara widadari. Denya samya angrerantih beksa lenggot bawa. Dhasare pinter angadi sarira ngadi busana panganggone kabeh sarwa adi luhung dumadi saka memanik, mutyara, jumerut, barleyan, mencorong lamun cinandra kaya kartika silih pernah. Dhasar nalika semana ingkang mangka  pambacaking pambeksan anenggih mancasaning para hapsari ing Kaindran bebisik Bathari  Supraba kembang sepasang lan ingkang rayi Bathari Prabasini. Ingkang minangka cucuking lampah denyarsa  ambegsa anenggih menika putra Sang Hyang narada abebisik Bathari Wilutama. Gonas-ganes sarwa mantesi, pasemon branyak netra anjlalat kaduk angujiwat. Waneh-waneh kang pinandeng pati-pati ambentusi. Tembene kang amulat lamun tan kiyat angampah derenging raos keh para jawata kang padha ebah jejantunge.
Wauta, dereng ngantos purna kang ambegsa pyak sagung para wadya durandara sung pambagya pakurmatan dhateng kundure Sang Hyang Indra  kadherekake Risang Parta.  Jelih-jelih sanggya  para widadari. Kagyat esmu kagawokan bingahing manah bebasan tumpak punjen. Ingkang sepisan mulat ratu gustine kang wus ruwat saka kancitrakan katitik  kapareng kondur ing Kaindran anenggih Sang Hyang Sakra. Dene ndungkap kaping kalihipun mapan punika anggung rinangu rinten dalu mustikengrat Risang Dananjaya. Lumampah lon-lonan lampah dhadhap anoraga ngeka pada  angembat irama ……………

GINEM

Bathari Supraba :

“Memper banget raden,  yen sariramu katon anggagra kusika,  marga rolas taun lawase nggone raden mapan ana ing  alas Kamiaka , kadohan lan rasa sengsem lan ora tau sumandhing  kang seger-seger mula mangkene raden, nadyan mung sakebake nyamplung aku nyedhiakke tirta kamandanu , minangka pangunjukan jengandika Raden Arjuna, ora ketang amung dikedhapi bakal mulya waluya rasane atiku, nadyan amung dicecep saya amemanjang yuswaku, sukur bage kepareng angedhapi wekasan kaunjuk sawutuhe aku suka lila masrahake jiwa ragaku marang Raden Arjuna!”

Bathari Wilutama :
“Adhiku dhi,  kadangipun kakang Arjuna, pun kakang sawetara ora turu nanging kok ngimpi rumangsaku jroning aku lenggah ing sangisore wit nagasari,  ana tepining tirta kamandanu aku supena yen ta pangkonku ketiban daru. Darune tak grayang ora ana wekasan katon  wujudmu , mangka kabeh dewa wis paring dhawuh yen ana widadari kang ngimpi kudu kadora dasih tegese kudu dileksanani , rehna aku mangku ndaru wekasan sing ketok si adhi, mula si adhi aja ngowahi prentahe dewa impen mau leksananana Arjuna!”

Bathari Prabosini :
“Raden, aku Bathari Prabasini, dening Sang Hyang Jagad Giri Pati pinasrahan kudu nandur woh  Jambu Dipa Nirmala. Mula ingaran Jambu Dipa Nirmala . Jambu arane wowohan , Dipa ,tegese  agung , nir ilang , mala lelara, sapa kang amboga Jambu Dipa Nirmala  kinalisake saliring lelara,  kang ana amung suka lan basuki. Mangka wasitaning jawata ingkang dakpundhi samangsa jambu mau awoh aku mung diwenangake amboga separo rehne ana turahan kang  separo sapa ingkang  kudu dakcaosi kajaba amung jengandika raden, raden keparenga dhahar jambuku  raden…..!”

Arjuna : 
“Endi ingkang kudu takdhisikake para widadari werna-warna cak-cakane, pirang-pirang slaga lan cara pamrihe amung mamet prana supaya aku keduga minangkani apa  pamundhutmu kabeh, nanging tumrape Arjuna bakal dosa gedhe yen ta gawe cuwaning liyan mung apa sajake bisa  nyukupi wanci ingkang kudu daksandhang ing dina iki?”


SUPATANE BATHARI URUWASI DHATENG ARJUNA

Bathari Uruwasi :
“Raden, para winasis sampun kulina paring dhawuh, bilih aluhur-luhuring  drajad manungsa menika, menawi kepareng suka tetulung dhumateng sesamining dumados, ingkang sepi ing pamrih.  Miwah raden,  pinten-pinten sesakit ing madyapada menika boten kados menawi kapanduking rasa asmara bebasan sewu sesakit dados setunggal boten saged ngraosaken tuwuking anadhah,  segering anginum, sakecaning nendra,  ingkang wonten namung raos galarapan, ketir-ketir kaworan kuwatos, sakedhap-sakedhap  kula kaget sakedhap-sakedhap kula lingsem menawi angengeti dhateng patrap kula piyambak.  Inggih satunggaling makhluk ingkang ndaweg  kataman wuyung wau badhe saged tumunten  kabendung menawi tansah cinaketing wong agung, lumahing bumi tan jangkep kalih inggih namung paduka raden,  ingkang kadunungan cahya malengkung pindha kekuwung, inggih namung paduka ingkang kula anggep pepayung,  widagda anenuntun gesang kula benjang manggen suwarga agung,  raden ”.


Arjuna :
 “ Bathari, sampun ngasoraken dhiri,  ingkang dhasaripun anyeri-nyeri dhateng tiyang ingkang dipun anggep anyunari,  kados wujude  sang hyang sitaresmi, nanging kawuningana dhuh Bathari, kula menika namung titah limrah, sampun trep bilih gesang kula tumumpang lemah, sarira kula lesu lesah kados glagah kapidaking gajah, dene wontenipun kula kinodrat gesang awit saking dayaning  pepadhang,  antuk pangayomaning hyang ingkang wekasan  rinten dalu kula cecadhang, murih para kadang saged anggung kinasihing dewa,  sinungga brahmana,  netepi makarya anyangkul jejibahan salebeting gesang wonten  bawana . Menawi paduka bathari paripaksa,  nedya mamet prana,  sengseming raos kepengin sumandhing Arjuna,  punapa boten wekasan manggih papa. Waleh-waleh menapa dhuh bathari, serenging penggalih paduka ingkang boten saged kaampah, pancenipun kula raos bingah, nanging labet dinten menika  anandhang latah mila kula kepeksa namung pasrah boten saged minangkani derenging penggalih paduka ingkang angah-angah”.


Bathari Uruwasi :
“Raden, kumlawene tangan kula tengen, tetepa dados jampi kangen , anggen kula tansah ngengen-engen,  kula rencangi rinten dalu  jinem lan tajem pamrihipun kula supados carem lan marem. Nanging menapa sababipun dene kula  tinampik, menapa dupeh kula dipunanggep picik, wekasan  anginten paduka Raden, bilih saranduning badan kula sadaya bucik”. Raden,  boten ketang setunggal setengah taun kula aturi pinarak,  Raden boten ketan setunggal setengah taun tetepa dados jampining kayungyun , kula kang ndaweg nandhang wulangun wanci sonten prapteng bangun , boten sampun-sampun anggen kula ngentosi raden,  ingkang pindha sang hyang wangun”.


Arjuna :
 “Bathari, sewu-sewu genging kalepatan kula  diagung pangaksama paduka, nadyan kadospundi deranging cipta paduka angangkah sarta  angungkih supados kula minangkanana pamundhut paduka bathari, paripaksa kula dereng saged minangkani, awit ing mangsa kalenggahan punika  waleh-waleh  punapa  kula sakadang ndaweg nampi  pacobining lelampahan kathah pakaryan ingkang kula sangkul dereng mantra-mantra paripurna. Menawi wanci  gesang  kula namung kula ginakaken  kangge angungak jejagading asmara tresna punapa boten badhe  kacipuhan gesang kula  sakadang ing tembe samangsa tumapaking  perang bharatayuda jayabinangun. Sepisan malih bathari kula nyuwun pangapunten, tinebihna  ing bebendu , linepatna ing siku sikaraning Bathara Luhung

……….Ridhu mawur-mangawur–awur wurahan………..(Suluk)
 
Bathari Uruwasi :
“Blismalaningrat gelah-gelahing bumi panuksmaning jajalanat, ora kurang nggonku ngrerepa manuhara mamet prana parandene ora tumiyung rasane amung mbegegeg kaya wujude tugu sinukarta gorohe kinarya teteken , liyane dilanggati bareng aku cinuthat kaya wrejid cacing, banget  runtik  lan serik atiku Arjuna, muga kaiden dening jagad saisine, nggonmu nampik marang Bathari Uruwasi, wiwit dina iki saranduning badanmu kalebet sang bayu wara bakal ngalumpruk tan bisa ebah”
…………………sampak……………………
Maweh swara jumeglug ing antariksa, sote Bathari Uruwasi dhateng Risang Dananjaya, otot bebayune ngalumpruk kaya kapuk, prapteng bayuwara wus,  kelangan greget tan ana tetangining raos ,  amupus pepasthening kodrat, nagging waneh-waneh kang ginagas Risang Dananjaya, wauta Sang Indra anggung  mulat marang dhuhkitaning tyas Risang Parta, kapang-kapang denya amrepegi
……………………sampak …………………

 

Sabtu, 01 Februari 2014
 

Atur Sapala 



Sawitri mujudake salah sawijining novel saka tanah India. Nyaritakake kasetyaning Sawitri putri saka negara Madras  mring sang guru laki Bambang Satyawan . Senajan Sawitri wis diparingi uninga dening Sang Hyang Narada yen umure Bambang Setyawan mung kari setahun, nanging Sawitri tetep setya ing ubaya. Carita iki digarap ing pakeliran Jawa (wayang kulit) dening Swargi Ki Narto Sabdo, sang maestro dhalang saka Semarang kang kondhang sanggite kuwawa ngosak-asik rasa. Tumrap para mitra ing kaca maya coba dak aturake Sanggite Sang Maestro :

1. Sawitri - Satyawan

Ginem :
“Kakang mas”.
“Apa nimas ?”
“mBok  kula dipun dongengaken”.
“Sakjembar-jembare kawruhku isih jembar kawruhe si adhi , karana si adhi sugeng ana ing praja, pun kakang urip ana ing pertapan cedhak watu adoh ratu”.
“Ewadene nadyan makatena kula maiben, jer kula tingali basa susila tuwin sastra  ingkang waradin ngendikaken wau amranani raos kula kenging saged kangge titikan bilih kakang mas sugih carita”.
“Upamane  apa ingkang  kok takokake nimas?”
“Saderengipun jagad wonten toya menika ingkang wonten menapa?”
“Priye ?”
“Saderengipun jagad wonten toya menika ingkang wonten menapa?”
“Sadurunge jagad ana banyu , kang luwih dhisik kang ana rasa”.
“Rasa wau dumados saking menapa?”
“Rasa iku dumadi saka geteraning swasana”.
“Swasana menika menapa?”
“Alam”
“Alam menika menapa?”
“Alam iku urip”.
“Gesang menika menapa?”
“Urip iku dumadi”.
“Dumados saking menapa?”
“Dumadi saka geteraning swasana”.
“Menapa ta menggah gamblangipun, kakang mas kula aturi paring dhawuh!”
“Ana ing wewarah suci dening para brahmana, dening para nimpuna, dening para sugata, dening para sujana sarjaning budi anyebutake yen ta bandha ing jagad sayekti tan kena pinetung bakal kapan ilange lan dhek kapan dumadine yaiku geganthaning mujudake sorot  telung prakara. Kang bisa  andayani sarta  kang bisa  dumadi alus kang  ingaran suksma, dene mungguh sorot telung prakara iku mau sorote sang hyang candra  sang hyang  surya  lan sang hyang  kartika gumelar kang  sarta dumadine andayani  uriping  sagung tumitah yaiku ingkang aran sang hyang  suksma sejati “.
“Surya , candra  tuwin  kartika wau  sinten ingkang yasa?”
“Pitakonmu mau nganggo dhasar apa?”
“Dhasar kula samukawis ingkang wonten mesthi kedah wonten ingkang ngawontenaken”.
“Kowe duwe panemu sakabehing kang ana mesthi ana kang anganakake  ing ngarep wis tak pratelakake tetelu bandha kodrat kang dumadi saka dayaning swasana dudu petungane manungsa kanggo panganteb-anteb kang sarta kanggo kapitayan yen tetelu mau awit saka purbane Kawasa”.
“Kawasa menika sinten?”
“Ana ing ingkang kene ingkang takkarepake purbane kawasa yaiku Sang Hyang  Taya”.
“Menapa ta dene winastan Sang Hyang  Taya?”
“Sang Hyang  Taya, taya iku tegese suwung, nanging nadyan suwung mawa sipat”.
“Ingatasipun suwung  kok  nggadhahi sipat menika menapa saged kabuktekakaen?”
“Yen kowe kepengin  ngrasakake sipat-sipate sang hyang  Taya,  suwung kang sejatine ana yaiku wis karasa ana ing saranduning badanira,  yen ta sira rumangsa sapa kang angobahake tlapukane netra,  sapa kang nyurung lakuning getih,  sapa ingkang anjalari lumakune huswa tegese ambegan,  kabeh mau ora bisa  kadarbe ingkang anduweni,  mungguh cethane nadyan si adhi lan pun kakang kasandhangan kaya ingkang  wis tak ucapake  siji netrane bisa  obah,  loro  getihe bisa  lumaku,  telu  ambegane bisa  lumadi.  Tetelu mau sayekti angel yen ta digrejah,  apa  ta ingkang anjalari lan sapa ta ingkang gawe.  Ana tata gelar amung bisa  dicandhaki kabeh mau lantarane rama ibu. Mula ing wulang-wulang suci wis anyebutake sembah catur.   Tegese sembah  papat  angka siji    nyembah marang  rama ibu kang wis dadi lantarane  dumadi, angka loro  nyembah marang kadang  wredha ingkang wus suka pituduh sarta momong wiwit jabang bayi prapteng  dewasane.  Angka telu  nyembah  marang  sang guru nadhi kang wis peparing ngelmu kawruh kang banget andayani sarta murakabi ingatase urip,  dene kaping  papat  nyembah Marang Panguwasa Agung kang wus kuwasa anggelar jagad saisene , si adhi  aja nganti kleru tampa apa ta sembah catur,   nyembah Hywang Widi  nadyan  ngisor papane sayekti  iku ana nduwur dununge,  nganti angel lamun dinumuk nganti  kurang gamblang lamun  diarani ngisor  lan ndhuwur arah sayekti wis bisa dirasakake.  manungsa uripe tumumpang bumi nanging  manungsa  uripe  kayoman ing akasa,  yen ngonoa wis pranyata yen Sang Hyang Taya  iku ya yangga ning ya angayomi”.
“Ingkang nyangga wau upami  dipun wastani menapa saged,   miwah ingkang winastan nyangga wau  gumelaripun menapa?”
“Gumelare ana patang  prakara yaiku dumadine  bumi , geni,  banyu,  lan angin”.
“Menapa menika wonten sambung rapetipun kaliyan dayaning  agesang?”
“Ana ing kuwadhagan sayekti manungsa tan bias urip yen datan  antuk dayaning patang  prakara , yaiku dayaning bumi , geni , banyu , lan angin”.
“Dayanig  bumi menika murakabi wonten ing kuwadhagan ing wewengkon menapa?”
“Dayaning bumi sayekti banget paedah kajaba ing tata gelar kanggo tancebing urip,  sayekti  ing bumi kono mujudake papan-papan kang yen  kinedhuk ora bakal kalong bumine nanging bisa  dijupuk paedahe ya kuwi wujude tanem tuwuh lan sapepadhane, nadyan sesotya,  mutyara jumerut pepelikan bangsane kencana kabeh mau dumadi ana telenging pratala yaiku dayaning bumi mujudake sawijining bandha kang pengaji ing antarane urip jroning ana alam padhang”.
“Wonten sambung rapetipun kalian dahana ingkang sampun paduka dhawuhaken?”
“Dahana kuwi tegese geni, geni mono maweh daya panas”.
“Ingatasipun daya benter kok anggesangi menika mapan wonten ing pundi?”
“Anane pun kakang bisa  ngucap yen ta daya panas anguripi kabeh ingkang dumadi mbutuhake rasa kang mateng. Ana ing kene ingkang tak karepake ora mung matenge  rampadan,  nanging matenge rasa pangrasa ya amarga dayaning geni bisa duwe ambeg  pangrleburan lan bisa  duwe  ambeg pambrastha , mbrastha marang apa lan sapa wae kang nyulayani angger- anggering bawana agung , sayekti bisa  lebur telas kentas tanpa tilas  kena dayaning sahyang agni ya kena dayaning geni. Mungguh tumraping urip sayekti manungsa tan jangkep uripe yen datan daya panas”.
“Bentenipun menapa surya kaliyan hagni, sami-sami benteripun miwah  tebih panggenanipun ?”
“Surya panase amadhangi, nanging  yen geni panase anguripi”.
“Upami ikang madhangi miwah  ingkang  aggesangi sampun dados satunggal?”
“Yen kang amadhangi sarta ingkang andayani  wis dadi sawiji, yaiku ingkang dadi dayaning ngaurip marga kawruhana yen si adhi kepengin nyoba dayaning geni ana ing urip kekisikan sariramu sakojur durung nganti sakedheping netra si adhi wus krasa panas sarirane  yaiku dayaning geni ya sang hyang hagni kang wus rumasuk ing jasaading manungsa,
“ Lajeng toya , murakabi wonten ing pundi , toya menika tumrape ngagesang?”
“Banyu mau satemene andayani uripe manunsa wiwit saka reresik raga, reresik rasa , ngurip-urip tanem tuwuh ngejogi ingkang asat,  nyirami ingkang kering nyeyubur ingkang aking , gawe semi ingkang layu. Yen jagad koncatan banyu ra wurunga saenggon-enggon keh para titah ora ngemungake janma manungsa senajan wulu-wulu walang ataga kathah kang padha nandhang kasrakat.  Kasrakat ing kene dak werdekake padha nandhang salit , ora mung saliting aneng gondhang nanging keh kang padha ngorong adil , mangka  adil iku satemene among sawiji adil kang  sawiji mau  ora bias kadulu ing netra nanging yen dirasakake adil iku mau  ngadeg jejeg jagad kayoman ing adil bakal tentrem”
“Inggih, lajeng angin. Angin menika kados pundi ?”
“Angin. Ana ing tepa palupi basa kekilasan kang during winardi, angin iku mung wujuding saloka manungsa bias manjing ajur-ajer . Nanging nyatane lair batine ngaurip sayekti  ora bias jejeg adege manungsa yen tan antuk dayaning  Sang Hyang Maruta . Ana ing kono angin sawijining paugeran baku kanggo nitik mati uriping manungsa kayata  ingkang manggon ana anggane si adhi. Sang Hyang maruta kang  sasana ing kono yaiku ingkang  ingaran ambegan  ya ingkang ingaran bajraherawana . Manungsa sayekti bias ditemtokake mati uripe yen ta dititik lakuning ambegan , Sawitri………….”
“Kenging menapa kok kendel ……………”
“Sawitri………….”
“Adhuh wonten punapa, Raden…………..!”
“Sawitri………. Endi papan kang ayom……..nganti kaya dideres wetune kringetku, paningalku wus kurang padhang, pangrunguku wus kurang cetha , pangucapku kurang trewaca, panggandaku  wus kurang landhep , pamikirku bingung …..napasku wis kurang ajeg ……Sawitri…..Sawitri……oooh Sawitri………. “(Ayak-ayakan Tlutur…………)

2. Satyawan Banjut 

Pocapan :
Mapan kudu mangkono kang wus jinangka  ing dewa,  Yen ta umure Bambang Satyawan mung kari setaun . Prapteng mangke sampun dumugining mangsa kala . Bambang Satyawan kudu mulih mula –mulanira , wangsul ing ajal kamulane tilaring madyapada . Wauta ngalentrih sarirane dangu-dangu boten kuwawi angglawat . Dhawah plak kapidara nanging keketeg kang taksih makarti . Mustaka pinangku Sang Dyah Sawitri angglolo panangise , bingung bilunglungan nganti kelangan keblat . Saklimah tan bias angucap yen arsa ngunandika Dewi Sawitri among magep-magep aneng tenggak, mulat ingkang raka Bambang Satyawan wus asawang kunarpa. Wauta ingkang mijil saking sela-selaning mendhung amiyak kang mega-mega , pangeja wantahe Sang Hyang Yamadipati jleg……munggweng pangarepane Dewi Sawitri, parandene datan kagyat,  amung kendelan kewala…..
…………………………………………
Pocapan :
Mbrebel kang waspa, nadyan mangkono lamun cinandra,  waspa wening kang mijil
Saking netyaning Dewi Sawitri nganti kaya dhawahing sesotya, bening gumrining, maweh sengsem kang padha tumingal, nadyaaan  Sang Hyang Yamadipati ingkang ndaweg angembani wajib arsa ambanjut Bambang Satyawan dadi kanggeg lampahe . Kamitonggongen kaladuk kamiwelasen nyawang marang  Dewi Sawitri ingkang anggung ngredatin ……………………………………………………”
Oooooooooooo, tatengangi-tangise kang wengis …………………………………
Ginem :
+ “Eeee, hong wilaheng awignam astu, em…em… we lha , Sawitri- Sawitri
-“ Kowe sapa makhluk, Kowe sapa Kang teka tanpa sangkan?”
+“Oooo, ya ora jeneng mokal yen ta kowe durung nyumurupi , kawruhana ulun iki dewa, ulun iki dewa  ingkang duwe wewenang nyekel pangrantunan. Upamane tekaku ora kok sumurupi  Ora jeneng mokal  jer aku lumaku kadewatan metu jagading panglimunan. Bebisik ulun Sang Hyang Yama, ya Sang Hyang Yamadipati”
-“Dhuh pukulun,  mugi diagung ing pangangsama paduka jer nembe katemben menika kula sumerep upami kaladuk kirang dedugi-prayogi miwah kiranging tatakrami sinten malih ingkang kedah ngluberaken pangaksama kajawi namung paduka, pukulun…”
+“Iya…..ya….ya, ora dadi ngapa . Mung kang dadi gumune atiku, sapa wonge kang daktekani kuwi mesthi kaget, ning yen kowe ingatase katekan dewa kok ora obah ora mosik  sebabe apa?”
-“Inggih, raos kaget kula, kula ginakaken kangge angageti bojo kula pun Satyawan , samukawis sajawine tiyang kalih  menika  kula anggep namung  satunggaling bab ingkang badhe ngrubeda katentreman kula, mila prayogi  kula kendelaken!”
+“Weeeee lha dalah.  Eeeeee, Sawitri, aja ngono, heem…………!” Aku ngejawantah ora kok lumaku pribadhine Sang Hyang Yama , ning aku ngembani wajib , wus pinanthi awit panguwasaning kodrat, yen ing dina iki Satyawan kudu dakjabut nyawane . Perkara swarga-nraka ing tembe bakal dietung sarana lelabuhan nalika uripe hem…., mula wiwit dina iki uwalna rasa katresnanmu marang Si Satyawan, lilakna yen ta Satyawan bakal dak jabut nyawane
-“Pukulun, Satyawan menika manungsa sanes sabangsane sato!”
+“Apa ta sababe dene kowe ngucap ngono, heem?”
-“Ing ngatasipun satungaling jawata ingkang wenang angejur luluh dhateng para titahipun, teka paduka badhe nindakaken dak sawenang-wenang , anjabut nyawanipun Satyawan   , sarana anggen paduka namakaken pusaka bindi, menapa boten  menika satunggaling bab ingkang siya-siya dhateng sasamining titah?”
+“Eeeee….. Ya, iki mung prabot heem. Bindi ora bakal daktamakake marang Satyawan , iki mung prabot…… Dadi, priye wae tetep Satyawan uripe mung tekan semene”
_“Pukulun, keparenga sampun katindakaken anggen paduka badhe anjabut nyawanipun bojo kula pun Satyawan”
+“Iya aku welas marang tangismu, nanging……..yen ta aku nganti luluh kang sarta aku kengguh nyumurupi tetesing waspamu , aku ingkang nandhang bebendu dening Sang Hyang  Jagad Giri Nata. Mula ya wis ora ndadak akeh-akeh sing kok rembug, dina iki wis kala mangsane Satyawan kudu dakjabut nyawane”
…………………………………………………….
“Dhuh pukuluuuuuuuun………. kados pundi, pukuluuuuuuuuuun……….!”
Pocapan : 
Yayah nyendhal tali wangsul . Sang Hyang Yama denya njabut nyawane Bambang Satyawan. Gumletakhing kwandha tinampanan astane Dewi Sawitri  temah pinangku mustakane. Sanalika ing akasa ana mendhung lumayang kang tekane tanpa sangkan angeyubi kuwandhane Sang Bagus . Dudu gagak duduk dhandhang kang samya angrubung , nanging peksi manyura kang anggung kekablak ana ing antariksa . Dhasar nalika semana bedhug tengange wancinipun, mila panase angempleng-ngempleng yayah mlethek-mlethekna larapan.  Manuk merak kang ora sethithik cacahe samya kekablak ana ndhuwure kang nandhang katriwandhan , angeyubi sarta amayungi . Mupus pepes jroning manah Dewi Sawitri, nanging dangu-dangu kraos murina. Rumaos digegabah dening Sang Hyang Yama dene teka wantala anjabut titah kang tanpa dosa.  Sakala jinunjung mustakane Bambang Satyawan binantalan sela gilang , nyat jumeneng Dewi Sawitri nyancutake kanang sesondher , nggemprang anungka Sang Hyang Yama …………………………..Sampak Tlutur

 Bantahipun Sawitri - Yamadipati


Ginem : 
“Eeeeeee…….. Sawitri………..heemmmm, nungka lakuku sajake kabranang praupanmu  abang kaya kembang wora-wari , heemm. Apa kowe murina marang patine guru lakimu heeem, Saitri?”
“Pukulun , wonten ing pepali sampun saged katampi  tiyang ingkang sapejagong  kliwat saking setengah dinten menika srawunging kekadangan boten beda  kaliyan kadang  tunggal yayah rena “
“Lha iya, pancen. Wong kang guneman luwih saka setengah dina kuwi srawung tanceeping rasa-pangrasa ora beda kaya sedulur tunggal yayah rena , mula kowe arep ngapa heeeeeh, Sawitri?”
“Inggih, jawata menika nyathet tuwin neniteni dhateng lelabuhane titah punapa boten?”
“Lha iya. Dewa kuwi amung tansah nyathet sarta aniteni lekas-lekasing para titah . Yen ta titahe mau jroning urip nglakoni kautaman swarga mulya kang bakal cinadhangake. Ning yen ta titahe mau jroning urip amung nindakake panasaran murih gawe daredah saengon-enggon ya amung naraka yomani papan dunung!”
“Pukulun nalika nitahaken Sawitri punika , punapa sampun dipuntiti priksa salaminipun gesang lelampahan kula?”
“Lha iya genah wis daktiti priksa, heemmm! Kowe sawijining wanita kang runtut ing samubarangmu : Siji,   ora tau nyimpang saka kautaman; loro kowe bekti marang rama ibu , kaping telune kowe setya marang guru laki , nyatane nalika kowe bakal dhaup kalawan  Si Satyawan kowe wis ngerti yen Satyawan umure mung kurang sataun ewadene krentege atimu  kok bacutake wekasane bisa kasembadan !”
“Tiyang ingkang tresna dhateng krentegipun piyambak mangka dipunwujudi tanpa kengguh dhateng samukawis menika dipunwastani tiyang ingkang kados pundi?”
“Luhur-luhuring drajad manungsa kuwi yen ta wis bisa tresna marang rasane dhewe , ngajeni marang atine dhewe , manteb marang gegayuhane dhewe . Jer para dewa amung tansah tumingal marang polahe para titah, endi kang manteb sarta endi kang teteg bakal nampa nugraha !”
“Menapa gesang ingkang kados Sawitri wau sampun satrepipun kedah nampi nugraha?”
“Urip kang kaya kowe sayekti bakal antuk nugrahaning dewa. Ora kok bakal, nanging nyatane wis kasembadan !”
“Kasembadan kados pundi?”
“Kasembadan uripmu bisa mulya , jenengmu bisa wibawa lan nyatane kowe kinodrat  dadi putra-putrine narendra !”
“Punapa kamukten ingkang saged kasawang sarana netra walaka wau genah mukti lair batos?”
“Ning lumrahe kuwi kang kudu digoleki, heemmm !”
“Kula kepengin gesang wau saged ngraosaken kamulyan nanging boten kawatesan ing dhiri kula pribadi . Benjing anak putu tuwin turun kula saged ta ngraosaken kamulyaning  domados awit saking kasempyok lelampahan miwah awoh saking kautamenipun para sepuh ingkang tetilar dhateng putra wayahipun”
“Lha iya kuwi bener, heeemmm. Kuwi gegayuhan kang utama nyatane bisa klakon, bakale kowe heeemmm . Besok anak putumu bakal ngrasakake kamulyan, heeemmm!”
“Kamulyaning anak putu kula dipunsebabaken?”
“Saka gedhening lelabuhanmu marang jagad saisine !”
“Calonipun kula benjang peputra pinten ?”
“Kowe besuk ginaris kudu duwe anak satus cacahe!”
“Ngaturaken genging panuwun tanpa upami , dados benjing kinodrat anggadhani anak satus cacahipun ?”
“Iya, pancen kudu ngono !”
“Piyik menika dumados saking punapa?”
“Piyik kuwi dumadi saka endhode dara, heeemmm!”
“Ingkang ngendhog menika dara jaler menapa dara estri?”
“Sing ngendhog kuwi dara wadon!”
“Dara pawestri menika ngendhog dipunsebabaken….?”
“Nggone srawung kalawan  dara lanang!”
“Menawi kula punapa saged peputra ingatasipun kula punika randha?”
“Woo iya, eeheemmm. Prayogane  kowe kudu golek pangayoman maneh kang asipat guru laki !”
“Prasetyaning manah kula boten kepengin winengku priya langkung saking satunggal kajawi namung Satyawan !”
“Lha yen ngono , tetepe kowe ya  dadi randha!”
“Menawi makaten dewa menika menawi ngendikan entheng bobotipun?”
“Kowe kok ngarani entheng bobotku?”
“Sakawit pukulun menika paring dhawuh menawi kula kedah anggadhahi anak satus tegesipun kula kedah kasembadan anak-anak!”
“Pancen kowe kudu duwe anak satus!”
“Ingkang saged anjalari kula anak-anak ?”
“Kowe kudu srawung lan priya!”
“Priya ingkang kula tresnani sampun pejah!”
“Kowe kudu golek priya liyane!”
“Kula boten kepengin winengku priya langkung saking satunggal!”
“Yen ngono kowe tetep dadi randha!”
“Menawi makaten dewa menika menawi ngendikan entheng bobotipun?”
“Ooo iya, kalah aku, haaaa…………Aku wis krasa , wong manteb, teteg kaya kowe  kuwi mesthi bakal  entuk nugraha “
“Menika ingkang kula entosi!”
“Yooohhh….. wiwit dina iki daksembadani panjalukmu, kowe tetep dadi bojone Si  Satyawan!”
“Menapa wonten jamak limrahipun kula tiyang gesang kedah rinabi tiyang pejah?”
“Satyawan saiki uriiiiip kowe kuwi ta heeeeeeehhhh…………

………………………………Ayak-ayakan Manyura
Pocapan : 
Gregah kaya wungu saking nendra Bambang Satyawan. Rerangkulan asta lan sang garwa Dewi Sawitri , sakedhap-sakedhap ingarasan astane Bambang Satyawan dening Dewi Sawitri .  Sewu tresna dadi sawiji . Jer sayekti kabeh mau tan kena ginantha ing lair batin sanadyan pati wus cinadhangake . Nanging awit saka srune wiradat bisa ngendhih dhatenging kodrat . Pranyata Bambang Satyawan bisa nirmala mulih waluya temahan jati .  (TANCEP KAYON)