TANGGAP
WACANA BERSIH DESA/RASULAN
Assalamu’alaimum Wr. Wb.
Panjenenganipun para sesepuh,
para pinisepuh wonten ing Desa Putat ingkang pantes sinudarsana
Panjenenganipun Bapak/Ibu , sanak
kadang, para wiranem, anak-anak kula, miwah wayah-wayah kula ingkang tansah
ngleluri budaya Jawi.
Langkung
rumiyin sumangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Ingkang Murbeng Dumadi, dene ing wekdal menika kita sedaya saged kempal
manunggal ing Bale Desa Putat menika kanthi wilujeng tanpa manggih alangan
setunggal punapa.
Para
kadang warga Desa Putat ingkang kula tresnani.
Bersih Desa utawi Rasulan
ingkang katindakaken menika pinangka
wujud raos syukur kita dhumateng ngarsanipun Gusti Allah, awit Gusti Allah
sampun keparing paring kanugrahan dhumateng kita awujud panen ingkang sae miwah
kathah asilipun. Bab menika temtu kemawon inggih karana panjenengan sedaya
anggenipun mungkul miwah tekun anggenipun ngolah pasiten kanthi tlaten, saengga
asilipun saged karaosaken sesarengan.
Kita
sedaya nindakaken bersih desa menika sampun atusan taun kepengker, kanthi turun
tumurun nguri-uri budaya leluhur. Sanajan jaman sangsaya majeng mugi-mugi
adicara menika tetep lestari.
Kajawi
mujudaken raos syukur ugi pinangka sarana kangge ngandelaken miwah nyambung
pasedherekan ing antawisipun kulawarga setunggal lan satunggalipun tansah guyup
rukun ing madyaning gesang bebrayan.
Para
rawuh makaten ingkang dados atur kula, muga wonten paedahipun tumrap kita
sedaya. Wasana mbok bilih anggen kula
matur wonten kekiranganipun, mugi diagung ing pangaksami.
Wasana sugeng mriksani pagelaran
ringgit wacucal sedalu natas kanthi dhalang Ki Timbul Hadi Prayitno kanthi
lampahan Sri Mulih.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar