PRANATACARA PENGETAN MAULID NABI
Assalamu,alaikum
Wr. Wb.
Bapak-bapak, ibu-ibu kaum muslimin
ingkang kinurmatan , mangga
ingkang sepisan sesarengan munjukaken puji syukur alkhamdulillah
wonten Ngarsa Dalem Allah SWT dene kula lan panjenengan taksih pinaringan rahmat saha kasarasan , saengga saged kempal manunggal wonten Masjid ...........menika.
Saderengipun acara dipunwiwiti, kula
minangka pambiwara ing pengetan
Maulid Nabi Muhammad SAW. dalu menika badhe maosaken urut-urutan adicara
pengaosan:
1. Acara ingkang sepisan pambuka
2. Acara kaping
kalih, inggih menika waosan Kalam Ilahi
3. Acara kaping
tiga pangandikan saking takmir masjid
4. Dene acara
kaping sekawan, acara inti inggih menika pengaosan ingkang dipunsarirani Panjenenganipun Ustadz. Drs.
H. Abdullah Dimyati saking Sleman
Ngayogyakarta
5. Panutup
Jamaah Masjid .......... , ingkang satuhu kinurmatan, makaten
menggah
reroncening acara pengetan Maulid
Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun
karakit dening kadang panitya.
Sumangga acara enggal kawiwitan kanthi maos
Basmallah sesarengan, kula
dherekaken.
--------------------- maos Basmallah
-------------------------
Acara salajengipun badhe kawaosaken ayat-ayat suci Al Qur’an. Pramila
dhumateng kadang Muhammad Rasyid,
wekdal kaaturaken,
sumangga .........................................................................
sumangga .........................................................................
Mugi-mugi kanthi
waosan Kalam Ilahi kalawau, Allah SWT, tansah paring lubering kanugrahan
dhumateng kula saha panjenengan sedaya.
Jamaah Masjid ..............., hadirin saha
hadirat ingkang kaparingan rahmat dening Allah SWT, menggah acara salajengipun
inggih menika atur pangandikan saking takmir masjid. Dhumateng Bapak H. Aziz
Hanafi kasuwun paring pangandikan, sumangga.
--------------------pangandikan
takmir masjid --------------
Tumapak
acara
inti, inggih menika pengaosan. Dhumateng Al-Mukaram Ustadz Drs. H.
Abdullah
Dimyati kasuwun paring fatwanipun. Wekdal kaaturaken sacekapipun.
Sumangga
....---------------------------------------------------------------
Mugi-mugi menapa
ingkang sampun kaandharaken dening Ustadz Drs. H. Abdullah Dimyati saged
migunani tumrap kula saha panjenengan sedaya. Bapak – ibu para jamaah
rahimakumullah, bok bilih anggen kula matur kathah lepat saha kekiranganipun, saestu kula nyuwun agunging pangapunten.
Sumangga pengaosan ing dalu menika kapungkasan kanthi waosan Hamdallah sesarengan...
-----------------Alhamdulillahirabbil
alamin----------------
Billahi taufiq
wal hidayah,
Wassalamu’alaikum
warahmatullahi wa barakatuh.
(Prof. Dr. Suharti, dkk, 2008 : 39 – 40, mawi
ewah-ewahan)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar