KERATA BASA/ JARWA DHOSOK
Kerata Basa utawa Jarwa Dhosok = negesi tembung sarana mirid swara wandane (Mengartikan kata berdasarkan bunyi suku kata.
Tuladha :
Rambut = erame lembut
Sirah = isine rah
Bathuk = kanggo ngembat barang sing mathuk
Mata = kanggo ngematake barang sing nyata
Irung = ilen-ilen kaya urung-urung
Lambe = ala yen ndomble
Brengos = barang ireng kanggo nutupi untu mrongos
Janggut = yen wijang manggut-manggut
Gulu = kaya tugu ning luwes
Dhasi = eneng dhadha mantesi
Setut = disingsetake mundhak patut
Kathok = diangkat mbaka sithok
Kacu = diangkat lebar mucu-mucu
Sarung = besar kaya urung-urung
Sruwal = saru yen nganti uwal
Srandhal = yen ora sranta nyendhal-nyendhal
Sepatu = yen wis ngangsep dikipatake ora metu
Entut = yen ngeden ana sing katut
Benik = barang siji dienik-enik
Kupluk = kaku tur nyempluk
Topeng = metoto gepeng
Tomat = metoto nikmat
Lemper = lemune jan ra memper
Sega = yen wis ngangseg gawe lega
Gethuk = digeged karo manthuk-manthuk
Gedhang = digeged lebar madhang
Cangkir = nyancang pikir
Gelas = yen tugel ora kena dilas
Keris = mlungker ora kena kanggo ngiris
Tumpeng = metune lempeng
Bocah = mangabe kaya kebo gaweyane ora kecacah
Tuwa = watu-watu digawa/ ngenteni metune nyawa
Kaji = tekade mung siji
Becak = bentuke kaya lincak
Tidak ada komentar:
Posting Komentar