BANCAK - DHOYOK
Bancak : Dhoyok, Dhoyok! Njanur gunung, kadingaren
anggonmu sowan teka rada kawanen.
Dhoyok :
Hem, Kyai! Jenang sela, wader kalen
sesondheran.
Apuranta,
yen wonten lepat kawula.
Bancak :
Iya, Dhoyok, bada-bada wis benere padha apura-
ingapura.
Dhoyok : Hem! Hulun caos atur, kyai.
Bancak :
Arep kotibakake gendhing Montro, Dhoyok?
Dhoyok : Hem, ora. Menyan seta, setane argula sasra.
Ketiwasan, wartane kurang
prayoga,
Kyai.
Bancak : Elho! Babal bunder manglung kali. Ana kabar
apa,
Dhoyok? Apa omahe anakmu kebanjiran?
Dhoyok : Ora, Kyai.
Bancak : Keplindhes sepur?
Dhoyol : Ora, Kyai.
Bancak : Dom
jala, Mbok coba, kandhakna sing terang!
Dhoyok : Hem! Aku mentas dadi anake wong akeh
akeh, Kyai.
Bancak : O, genahe kowe kuwi mentas rabi maneh,
Dhoyok?
Dhoyok : Ora, kyai. Bremara wismeng bantala, kyai. Dak
matur,
nanging kelor wana, Aja Eru (serik
atine),
Kyai.
Bancak : Ora, Dhoyok.
Dhoyok : Hem, Kyai! Mau esuk kesuwen olehku
ongkang-
ongkang, pacitane jadah-jenang.
Bancak : Ongkang-ongkang kathik nganggo pacitan
barang.
Dhoyok : Sing ongkang-ongkang lambeku, Kyai.
Bancak : O, wedangan, Dhoyok.
Dhoyok : Iya, Kyai.
Bancak : Mina
galak neng samodra. Bacutna Dhoyok,
kandhamu!
Dhoyok : Iya, Kyai. Sarehne wis awan, dhuwet alit rerentengan.
Sowanku mlayu-mlayu, Kyai.
Tujune ana becak.
Bancak : E, kowe duwe samben, Dhoyok?
Dhoyok : Ora, Kyai. Aku ora mbecak. Nunggang
becak, Kyai.
Bancak : Wah! Saiba anggonmu ngedhangkrang.
Teruse
kepriye, Dhoyok?
Dhoyok : Ya kuwi, Kyai! Bareng tekan ngarep
pasar, becake
rangkulan karo kancane. Pring
dhempet, tanpa
kandha-kandha,
aku diutahake: glogok.
Bancak : O, memelas! Kowe tiba, Dhoyok?
Dhoyok : Hem,
Kyai! Aku meh nyungkemi Ibu Pretiwi. Wong
sapirang-pirang, petis manis,
ngucap
bebarengan:
“Anakku, ngger!”
(Padmosoekotjo, 1988 : 23 - 24)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar